Sabtu, 29 Juni 2013

GENDHU-GENDHU RASA NENG FACE-BOOK (2)

Terusane ...




Topik permasalahane ya kuwe .. Kepriwe kon sangkane basa penginyongan alias basa Banyumasan kuwe ora deanggep mung dadi basa dhagelan, tapi bisa dadi basa resmi ....

  • Yayat Banyumas Gèll inyong ora kesuh tapi gumun. Kaki buyut inyong ora tau ngomong tembung 'ngapak'. Istilah ' ngapak' kuwé kaya ' koèk'. Kuwé weton Jakarta
  • Saimun Gombong hahahahha,,,,,,kaya kuwe ya kang ? lha nyong anu nang bandung je, ya memper anu ora patia gaul karo wong jakartanan kang heheh
  • Eyang Nardi : bener kuwe lah mba Martina Henny Purwantini .. domong akeh baen cewek2 sing 3 wulan neng Jogja baline wis kelalen maring basa penginyomngan koh mba ....
  • Eyang Nardi : kang Saimun Gombong .. kayong suwe pisan ora tranggulan ya kang .. kabar apik mbokan lah Kang .. ngomong-ngomong basane dhewek ikiye ya kang .. jane sing pokok kuwe kan atine dhewek kiya lah aja mikir kanca batir kuwe nganggo basa penginyongan apa ora .. anggere dhewek ora isin sukur malah kepara marem ya insya Allah basane dhewek ora bakalan punah .. kaya kuwe apa ya kang ....
  • Eyang Nardi : mas Yayat Banyumas Gèll .. secara pribadi inyong sependapat karo rika lah .. tapi genah wis dadi jambalan neng wong-wong klebu wonge dhewek koh ya .. dadi kayong angel pisan gole ngilangna istilah ngapak deganti nganggo penginyongan koh ya ....
  • Eyang Nardi : kang Saimun Gombong .. sing demaksud neng mas Yayat Banyumas Gèll kuwe sing ora denggo kuwe mung istilah utawa tembung "ngapak" sing jane ya ora ana artine apa-apa ,, wong kenyataane dhewek angger ngomong ngapa ya ora nganggo "k" mburine koh ya .... lha tembung "ngapak" kuwe apike degati apa sing nggo yebut basane dhewek kiye .. deganti Banyumasan, wong nyatane dudu wong Banyumas thok sing nganggo .. angger inyong bisane nganggo tembung "penginyongan" sing kit Kebumen gutul Cirebon .. kit Wonosobo gutul Majenang nganggo tembung "inyong" nggo nyebut awake dhewek ,,,,
  • Darno Kartawi Angger wis pada kelalen karo bahasa penginyongan kaeh Kang Ahmad Tohari toli wis gawe kamus khusus bahasa Banyumas. Malah apik pisan si...akeh banget istilah2 sekang desa pinggiran dimuat nang kono. Inyong wis tuku loro...nggo jaga2 mbok ana wong perlu sianu sekang kamus....
  • Eyang Nardi : mas Yayat Banyumas Gèll karo mas Saimun Gombong .. wis ngonoh padha salaman .. wong genah anu salah pengerten ikih lah ya ....
  • Eyang Nardi : masalah basa utawa gedhene masalah budaya kuwe jane ora kena utawa ora perlu depadu .. wong genah budaya kuwe duweke masyarakat neng daeraaah tertentu, sing ora bisa depaksakna maring wong liya neng daerh liya lho mba Rahma Hidayah .. jorna baen ora usah depikir utawa derasakna .. wong nyatane mereka kuwe anu ora ngerti koh ya ....
  • Eyang Nardi : cocok bin setuju kuwe ;lah mas Darno Kartawi .. apa maning rika pahale neng Solo ya .. jan perlu banget kuwe .... sip lah mas .....
  • Saimun Gombong wartanipun kula nggih sehat mbah, anu critane kula anu sibuk teng sawah dados jarang mbukak jengkok niki hehehe,,,,,,ya bener mbah,,,,ibarate banyumas kuwe dadi "ibukota bahasa" utawane pusate, angger daerah liane wilayah wilayah kaya kuwe ya mbah, nyatane basa banyumas/penginyongan di nggo nang daerah lian kaya kebumen lan sa lia liane
  • Saimun Gombong mpun salaman mbah, miki anu karo udud ududan ya kag Yayat ? hehhehe
  • Saimun Gombong bener yu,,,,wong penginyongan emplas banget ngomong bandhek, ninge angger wong pandhek ora teyeng tiru basa awake dewek yakin lah ora nglembo
  • Eyang Nardi : lha ya kuwe lah Kang Saimun Gombong .. angger inyong ngotot nganggo istilah utawa tembung basa Banyumasan .. kayane duluir-dulur sing senjabane daerah Kab, Banyumas padha ora trima mbokan lah Kang .. mulane mayuh nggolet (tapi dudu tembung/istilah anyar) nggo ngganti tembung/istilah "ngapak" sing jane dudu gawean kaki-ninine dhewek kiya .. tapi jelas gaweane wong wetanan sing cara mas Yayat Banyumas Gèll kuwe madan mambu-mabbu pengenyekan (menurut kupinge awake dhewek) ....
  • Eyang Nardi : alhamdulillah angger mas Saimun Gombongis salmam karo mas Yayat Banyumas Gèll .. dadi adhem atine .. wong kabeh mau ya sedulur dhewek mbokan lah mas ....
  • Eyang Nardi : ilate lemes .. arep tiru basa ngendi baen lan basa apa baen (klebu basa kewan) ya teyeng lan gampang ya mba Rahma Hidayah ....
  • Saimun Gombong iya mbah jebule beda pendapat malah dadi nambah wawasan kiye,,hehehhe
  • Eyang Nardi : benr kuwe lah kang Saimun Gombong .. wong inyong ngomong bandhekan neng tavel be darani asline Solo koh ya .. ora percaya inyong kiye wong Banyumas gell ....
  • Eyang Nardi : bener kuwe lah mas Saimun Gombong .. wong seneng diskusi kuwe ilmune ora bakalan suda apa maning ilang ya mas .. tapi malah tambah akeh, tambah jero .. kaya kuwe mbokan ya mas ....
  • Kang Kamsi Yang. wong kula mawong sing kit wau ngrungokna teng jaba nggih saged angsal katah catetane niki koh Yang. Kesuwun nggih Yang, niki srebelane ilmu
  • Saimun Gombong iya bener mbah,,,,,,,,sing arane diskusi tulin anu saling mengisi babagan sing apik nyatane, diskusi ya anu ora alane malah dadi tambah ilmu, tambah dulur tambah rejeki hehhehe
  • Eyang Nardi : kuwe tembe neng jaba .. angger melu mlebu toli bisa olih lewih akeh maning lhah Kang Kamsi ....
  • Eyang Nardi : insya Allah mas Saimun Gombong .... Amien ....
  • Yayat Banyumas Gèll Okey Mas Saimun. Aja kurang pangapura. Blakan baé kawit gemiyèn inyong angger krungu kata/tembung 'ngapak' jan gemlethek pisan koh. Rasané jan kata keslomod bamba. Kawit ganu inyong wis cocog karo istlahé @eyang nardi angger nyebut basa sing dienggo neng Clacap ngetan Kebumen ngalor Banjar, Pemalang, Tegal, Brebes, kwé diarani BASA PENGINYONGAN. Dadi dudu ngapak.
  • Saimun Gombong rika ora salah koh njaluk ngapura lah,,,,mau tulin anu wis salaman nganti kenceng banget tulin hehhe
  • Yayat Banyumas Gèll @Mas Saimun: Bèrès. Tek suwun para sedulur wis padha mbusek utawa ora nganggo maning tembung kuwé.
  • Yayat Banyumas Gèll Jenengé wonv juguran, rokah-rokèh, karo gendhu-gendhu rasa pancèn cokan ana keclèthoting rembug tah lumrah. Toli kados niku mbok, Eyang Nardi?
  • Arto Wibowo Basa pangiyongan kuwe basa Jawa sing jujur apa anane, Basa sing maen pisan, sing ora perlu tingkat tutur, ora ana kromo utawa ngoko, ora bisa dilombo budaya feodal gawane landa. Aja gelem diarani ngapak. Inyong kuwe asline bandhek, tapi wis cocog karo basa pangiyongan kiye. Kaya wis dijiret ilate. Nek kon bandhek wis lucu, gawe gemuyu, wis ora teyeng kaya ganu.
  • Fatimah Sahirin ora ngapak ora kepenak,,wakakakakak
  • Eyang Nardi : angger kaya kuwe sip lah mas Arto Wibowo .. jarang-jarang sing bisa kaya kuwe lho mas .. makasih lah mas ....
  • Eyang Nardi : anger egin dadi menungsa ya mesthi egin ana salah lan lupute lah mas Yayat Banyumas Gèll .. anger wis ora salahae ya kaya malaikat .. sing penting kan angger bisa ya aja mbalesi kesalahan sing padha .. kaya kuwe mbokan mas ....
  • Eyang Nardi : angger ora kepanak ya mudhun .. ganti kendaraan lah m,ba bu bidan Fatimah Sahirin .. tekade akeh kendaraan ikih si mba ....
  • Eyang Nardi : lha ta ora ana kapan-kapane lah mas Depe Punker Logic .. wong anu neng pesbuk koh mas ,, ya wis kedadian lah mas .. alias wis rampung mau sore ....
  • Depe Punker Logic whahahaha..keri ya inyong
  • Eyang Nardi : keri baen ya nganggo pian lah mas Depe Punker Logic .. kuwe mbokan wis oa ana bekase acan lah mas ....