Senin, 10 November 2014

KAYA LAHIR MANING



Cathetan neng dina Minggu, 27 Juni 2010 jam 07.15


Andhingwinginane
kayonge inyong krasa wis kosong mlompong
urip wis meh genep umur genep genep
umur sing ora semendhing maning
tuwa ningen ora temuwa, tuwa sing meh tiwas
utek buthek, awak ora penak, sikil ngethanthil
langka kanca, batir pada minggir
isine mung nlangsa ...

Dina wingi
urung tangi, tangan wis decekel kenceng
bojo, anak karo putu gentenan ngesun bathuk karo pipi
putu lanang takon endi liline yang ......
karo manthuk-manthuk terus inyong mbukak pesbuk
neng pager wis jejer andher aksara dadi ukara …
cara Jawa, bahasa Indonesia utawane Mancanegara
kabeh maksude pada ... utawa ora beda
ngucap ... slamet …. lan donga penyuwun kon slamet
uga ana sing nambah semangat
semoga tetap bermanfaat bagi masyarakat

Dina siki
inyong dadi ngerti, egin akeh kaca batir sing gemati
ora kurang sanak kadang sing rowang tumandang
mung ngugemi sesanti …
“mrih migunani mring sesami”
Mugi-mugi Gusti nyembadani ….
aamiin …. aamiin …. aamiin ya ….
Robbi ‘alamin

Eyang Nardi