Rabu, 23 Juli 2014

OWAH-OWAHAN KAHANAN



Apa-apa siki  wis owah,
sing maune sawah wis dadi umah
jerene merga anake wis tambah
sing maune miring dadi mlumah
jerene ben gampang gole munggah

Jenenge ya wis melu owah
sing maune bayi siki wis dadi bocah
sing maune biyung wis deganti mamah
kaki-nini deganti dadi si mbah
sing maune bibi ya dadi tante .. lah …..

Pikiran wong ya padha owah
gemiyen anak polah bapa kepradhah
siki bapak polah anak tambah
nganti gemrayah ngandhang seumah
anake polah bapane embuh nganah

Ora beda neng pemerintah
emoh sing kering karepe sing basah
sing kudune amanah dadi amarah
ora perlu amanah sing penting aman .. ah
lha inyong bisane ya astaghfirullah

Neng pulitik ya semana uga
maring partai wong-wong wis kurang percaya
akeh pengurus partai sing mbalela
nggawe partai dhewek utawa mlebu partai liya
kaya kuwe koh jere mbela rakyat jelata

Winginane ana dolanan bocah maen pisan
dudu gajah tarung karo semut nganggo tangan
ningen bocah-bocah padha dolanan plodhosan
nggolet bala akeh-akehan
mung emane pungkasan dadi pethenthengan 

Jaman inyong bocah langka kahanan kaya kuwe




Dolanan Sledhur

 Sledhur modern