Senin, 21 September 2015

Nasib Raperda RDTRK Purwokerto


Jangan Paksakan Pansus Menyetujui Raperda RDTRK Purwokerto


Memperhatikan kondisi terkatung-katungnya nasib Raperda RDTRK Purwokerto itu memang sangat memprihatinkan. Hal tersebut berarti juga menterlantarkan permasalahan-permasalahan yang ada dan dirasakan masyarakat, khususnya masyarakat kota Purwokerto sendiri. Namun demikian hal tersebut bukan berarti bahwa Raperda RDTRK Purwokerto itu harus sesegera mungkin disetujui oleh Pansus dan kemudian ditetapkan sebagai Perda.
Orang Jawa mampunyai ungkapan yang sangat bijak, bahwa dalam hal membangun sesuatu itu akan “lewih suwe nganggone ketimbang nggawene” atau lebih lama memanfaatkan dadi pada membuat atau menyusunnya. Demikian juga dalam menyusun Perda Rencana Tata Ruang (bukan tatar uang) seperti Rencana Tata Ruang Wilayah (RTRW) maupun Rencana Detail Tata Ruang Kawasan (RDTRK) Perkotaan termasuk kawasan perkotaan Purwokerto.
Di Indonesia proses penyusunan bisa dilakukan dalam kurun waktu satu semester atau bahwan bisa kurang dari itu, dan pembahasan penetapan raperdanya bisa dalam satu masa persidangan. Hal ini berbeda dengan yang terjadi di Negara Barat penyusunan tata ruang suatu wilayah (konon kabarnya) bisa memakan waktu sampai dua tahun, dengan melibatkan berbagai pihak termasuk perwakilan dari masyarakat yang berkepentingan dan terkait sebagai panitia (bukan hanya sekedar public hearing).
Hal tersebut dilakukan karena mereka (baik pemerintah maupun masyarakat) menyadari bahwa penataan ruang itu adalah suatu hal yang amat sangat penting dalam kehidupan masyarakat, bukan hanya untuk waktu sekarang, tetapi untuk masa paling tidak 20 tahun medatang, atau bahkan bagi generasi mendatang. Ungkapan yang sangat bijak bahwa “lahan atau ruang itu bukanlah warisan dari kakek moyang kita, tapi titipan bagi anak cucu kita”.
Menetapkan Perda itu bukan masalah yang sulit, yang sangat sulit adalah mempelajari dan mengevaluasi Naskah Akademik sebagai Lampiran yang tidak terpisahkan dari perda tesebut. Biasanya Naskah Akademik Perda tentang tata ruang itu terdiri dari 4 (empat) buku, yaitu: (1) Buku Kompilasi Data, yang akurat, valid dan aktual; (2) Buku Analisis, yang cukup mendalam sehingga akan dapat diketahui prediksi kondisi masa depan, permasalahan yang ada sekarang dan solusi pengatasannya, serta harapan atau visi dan misi masa mendatang: (3) Buku Rencana, sebagai kesimpulan apa-apa yang akan dilaksanakan terhadap ruang yang ada (selama 20 tahun ke depan), sesuai dengan peraturan perundang-undangan yang ada, termasuk Perda RPJPD, Perda RPJMD; dan (4) Album Peta baik peta data, peta analisis maupun peta rencana, yang mesthinya sesuai dengan apa yang tertera dalam ketiga buku yang lain.
Kalau kita, sebagai warga yang peduli terhadap pembangunan daerah, memaksakan kepada Pansus untuk segera menyetujui Raperda RDTRK Purwokerto, apakah kita sudah yakin bahwa Raperda tersebut secara sosiologis sudah sesuai aspirasi masyarakat, secara hukum apakah sudah sesuai dengan ketentuan-ketentuan peraturan perudang-undangan yang ada (Perda RPJPD, Perda RPJMD) serta hasil studi sebelumnya. Secara teknis apakah RDTRK tersebut sudah dapat sebagai acuan untuk pengatasan permasalahan lapangan yang ada seperti air bersih/minum, banjir, sampah, area pemakaman, jaringan dan manajemen lalu-lintas, penempatan PKL dan lain-lain.
Pertanyaan sederhana namun penting yang harus bisa dijawab melalu Perda RDTRK antara lain: Berapa perkiraan jumlah penduduk kawasan perkotaan kota Purwokerto 20 tahun mendatang, berapa kepadatan penduduk rata-rata yang direncanakan, sehingga akan diketahui berapa sebenarya luas wilayah kota yang dibutuhkan dan akan mencakup wilayah kelurahan atau desa mana saja. Sedang struktur dan komposisi penggunaan ruang sangat tergantung kondisi dan komposisi jumlah penduduk, Angka kematian penduduk per tahun akan dapat dipergunakan memprediksi kebutuhan area pemakaman. Semua jenis kebutuhan penggunaan ruang tesebut penempatannya harus disesuaikan dengan kondisi lapangan.
Kalau memang pertanyaan-pertanyaan sederhana tersebut tidak terjawab oleh Perda RDTRK Purwokerto, maka justru sebaliknya Eksekutif yang disarankan untuk menarik kembali Raperda dengan Naskah Akdemiknya untuk diperbaiki dan dilengkapi. Mari, kapan kita akan peduli dan beramai-ramai mempelajari Naskah Akademik Raperda RDTRK Purwokerto tersebut, saya menanti jawabannya.


Pada musim penghujan Purwokerto sering banjir


Upacara di Alun-alun Purwokerto


Kamis, 17 September 2015

Minggu Satu Mei Empat Sembilan

Kembang Mawar mbok deganti jeneng tembelekan ya tetep wangi


Kanggone budaya Kulon (Barat), jerene jeneng kuwe ora penting, merga jeneng kuwe mung nggo tenger, nggo mbedakna karo liyane sing sejenis Kembang mawar mbok dejenengi kembang tembelekan, ambune ya tetep wangi Semana uga madu mbok dejenengi bratawali ya tetep legi rasane. Angger demat-matna wong Barat angger gawe jeneng kuwe lugu ora kaya kita madan ribed. Wong Barat gawe jeneng ya cukup Black (ireng), White (putih). Angger kita kan putih ya deganti Seta, ireng deganti Kresna.
Kanggone kita wong Timur, mligine wong Jawa klebu wong penginyongan babagan jeneng kuwe penting be nganggo pisan. Kita ora kena aweh jeneng maring anak kuwe sembarang jeneng, Jeneng kuwe kudu maen, upamane jeneng Ayu, Bagus ben ora dadi poyokan utawa wadanan neng kanca-batire kayata jeneng kewan, celeng, babi, kebo lan liya-liyane..
Senajana kaya kuwe, pengarep-arep utawa donga kuwe uga urung mesthi kesembadan utawa keleksanan, angger awake dhewek kiye ora ngusahakna kanti temenanan ben kesembadan. Jeneng inyong Sunardi, jere karepe rama biyung inyong, mengganua inyong angger wis gedhe teyeng dadi sunar (sorot utawa pepadhang) sing adi (apik) kanggone wong liya. Terus maning jeneng Nurtanio, karepe wong tuwane si Nur kuwe bisaa dadi wong tani sing maen, e malah dadi ahli montor mabur.
Dawaning jeneng kuwe kit gemiyen gutul siki ya keton ana bedane. Jaman kuna (dhong aku urung ana), jeneng bisa mung sekecap terus gole nyeluk ngarepe detambah “si”, contone jeneng Pon deceluk si Pon, jeneng Nar deceluke si Nar, utawane nganggo “go” contone Gomar, Gopar, Godi, Gotrek. Bubar kuwe jeneng dedawakna dadi rong kecap contone: Darsan, Iswan, Nardi, Tarsan, Darti lan liya-liyane.
Jeneng rong kecap terus derobah dadi jeneng telung kecap kanti nambah neng ngarep utawane neng burine jeneng asline. Contone: Darsan dadi Darsono, Iswan dadi Iswanto, Nardi dadi Sunardi, Tarsan dadi Tarsono.  Bar kuwe jeneng derobah ora mung setembung tapi dadi rong tembung kanti nambahi jeneng ngarep, sing biasane janeng Bambang, Agus, Edi utawa urutan kelahiran nganggo Eko, Dwi, Tri lan setruse, angger bocah wadon biasane detambah jeneng Endang , Eni, Eti, Sri utawa jeneng liyane.
Jaman gemiyen jeneng uga decocokna karo dina lairane, ana sing langsung, lair dina Senen ya dejenengi Senen, lair dina Setu jenenge ya Setu. Tapi ana uga sing nganggo petungan neptu dina kelairane, lahir dina Ahad (neptu 5) Kliwon (neptu 8) gunggung 13 dejenengi Darto. Dartim, Ditem (da = 6, ta = 7 gunggung 13). Kejaba kuwe jeneng jerene donga alias penjaluk utawa pengarep-arep maring Gusti Allah ben mbesuke uripe kaya sing nggo jeneng kuwe. Kanggo conto upamane jeneng Slamet, Widada, Rahayu, Wilujeng ngemu karep ben anake mbesuk gedhe-tuwane uripe bisa urip sing kepenak ora kena sambekala. 
 Taun 1967 inyong dejaluk kon ngrewangi mulang wulangan arsitektur neng STM N 1 Yogyakarta sing manggon neng Jetis lor tugu, Muride akeh pisan, watara 90an siswa saben taun ajarane. Sing paling angel kelalene kuwe neng salah sijine kelas, salah siji muride ana sing jenenge Gusatmilan. Jeneng nyleneh, dadi tek takoni apa maksude jenenge kuwe. Dheweke semaur lamona Gusatmilan kuwe laire neng dina Minggu, tanggal 1 Mei taun 1949. Jebule, Gusatmilan kuwe singkatan sekang Minggu Satu Mei Empat Sembilan.

Kamis, 10 September 2015

Sekolah nDesa Jaman Kuna



Ora mlebu sekolah merga marak ngarah iwak ….

Angger mbandhingna bocah sekolah jaman inyong sekolah neng SR alias Sekolah Rakyat karo sekolah SD alias Sekolah Dasar jaman siki. rasane kaya mbandhingna antarane wulan karo srengenge. Kayong ora bakalan gathuk, lan angger gathuk malah dadi gerhana, peteng dhedhet, marahi dadi bingung neng pikiran. Mulane inyong cokan ngomong lamona inyong urung tau sekolah neng SD, tapi teyeng nerusna sekolah neng SMP. SMA malahan gutul perguruan tinggi..
Inyong lairan taun 1944 umur 6 taun neng taun 1950 dedaftarna sekolah neng ramane. Tembe sekolah mbuh rong dina apa telung dina inyong wis mogok, njaluk metu sekolahe, merga ora duwe batir sing sepantaran, batire padha lewih gedhe, lewih tuwa kayane umurane ya bangsane pitu utawa wolung taunan. malah kayane ya ana sing umure wis sangang taunan.
Taun ngarepe (1951) inyong dedaftarna maning neng mbekayu inyong, sing wektu kuwe wis munggah kelas 3. Tangan tengen inyong kon ngemek kuping kiwe kanti tangane desogna neng ndhuwur sirah. Inyong teyeng nyekel kuping, mulane inyong ketampa mlebu kelas 1, ora nganggo mbayar sesen-sena. Apa kuwe uang pendaftaran, uang kursi, apa dene uang seragam utawa uang gedung. Pokoke gratis tis. Lagi degratisna malah nganggo paringan piranti nulis be akeh bocah sing ora sekolah apa maning kudu nganggo bayaran, ya sekolahe ora payu.
Paling ora gutul taun 1954 ora kabeh desa ana sekolahan, apa maning Sekolah Rakyat (SR) gutul kelas 6, lagi sekolah gutul kelas 3 be ora saben desa ana. Tapi alhamdulillah neng desa inyong, desa Pabuwaran kecamatan Kebumen (wektu kuwe) ana sekolah SR gutul kelas 3. Kuwe baen sekolahane wara-wiri boyongan (kaya kucing manak) anu nunut utawa mondhok neng umah-umah wong sing olih denggo sekolahan. Kelas siji inyong tau sekolah neng sekolahan bodhol (lokasine siki wis debangun nggo kantor karo bale kelurahan Pabuwaran), tau neng daleme pak Sosrodiharjo lan tau uga neng balene eyang Mulyawireja.
Neng sekolahan, murid kelas 1 urung olih nulis neng buku, nulise nganggo grip neng sabak. Ben lancip gripe saben esuk deasah neng pecahan gendheng utawa neng ril lori sing pas ana neng pinggir gili perek sekolahan. Bocah kelas 2 wis olih nulis neng buku tulis, ningen nulise nganggo potlot urung olih nulis nganggo mangsi. Dene bocah kelas 3 lha tembe olih nulis neng buku nganggo mangsi. Mangsine dewadhahi gelas sing mligi nggo wadhah mangsi desogna neng bolongan meja bangku sing pancen wis degaweni sedurunge.
Inyong karo batir-batir sing umahe perek karo daleme pak guru (pak Yusuf Adimartoyo), padha detugasi sabe esuk kon njiot lan nggawa sabak sekang daleme pak guru maring sekolahan, lan awane bubar sekolah ya mbalekna sabak-sabak kuwe. Inyong karo batir inyong padha ngumpetna sabak sing egin maen (bersih) arep denggo dhewek ngesuke, neng ngisor klasa amben. Ora ngertia ambene dejagongi wong, dadine sabake ya pecah, Esuke inyong dengendikani pak guru kon aja cokan mbenahi sabak neng ngisor klasa amben.
.Gandheng sabake saben dina mesthi dekumpulna neng daleme pak guru, dadine ya ora tau ana PR (pekerjaan rumah) kaya bocah sekiye. Kabeh garapan, apa kuwe gambar, etung utawane nulis neng sabak, dadine angger garapane wis debiji neng pak guru terus debusek nggo nggarap wulangan sejene. Lha nggo pamer maring wong tuwane lamona olih biji bagus, biji sing detulis nganggo kapur neng sabak kuwe banjur padha decapna neng pipi dhisit. Jelas angkane ya ketone kewalik.
Dhasar sekolah neng desa sing masrakate umume klebu kekurangan, esih bocah ya wis deprentah kon ngrewangi pegaweane wong tuwane, mbuh repek, ngarit utawane angon kewan. Ndeleng kahanan sing kaya kuwe, angger mangsan panen akeh bocah sing ora mlebu sekolah merga melu ani-ani utawa ngurup (ngarah unu).  Klebu uga angger kali Raden utawa kali Kulon desat merga dereseki utawa dedandani bentenge, bocah-bocah ya luwung ora mlebu sekolah melu marak ngarah iwak.
 

 Bocah sekolah jaman gemiyen, nulise neng sabak

Kamis, 03 September 2015

Madhang neng Warung, Segane Ora Deetung

Tamba Bengel


Kanggone inyong (71 taun) sing delairna, degedhekna utawane detuwakna neng Pabuwaran, mulane kaya kena dearani inyong wis ngerti, wis apal kecepal abang ijone utawa kit A gutul Z Pabuwaran, Gemiyen desa Pabuwaran klebu tlatah kecamatan Baturaden, molahi taun 1981 kanti anane Kota Administratip (Kotatip) Purwokerto desa Pabuwaran derubah dadi kelurahan Pabuwaran  mlebu tlatah kecamatan Purwokerto Utara.
Gili gedhe mujur ngalor ngidul sekang desa Pegalongan Patikraja gutul Baturaden sing liwat Pabuwaran kuwe anu debangun dhong jaman Landa, sing tujuane nggo dalan ngangkut tebu sekang desa-desa maring pabrik gula sing ana neng Purwokerto utawa Kalibagor. Apa kuwe nganggo ril lori apa dene gili darat nganggo grobag. Gemiyen neng pinggir gili Pabuwaran kuwe ana dalan ril lori tebu. Mulane desa Pabuwaran keliwatan gili kuwe marahi desa Pabuwaran tambah regeng akeh wong liwat, mbuh keperluan arep dagang apa dene keperluan sejene.
Akeh pisan wong padha bakulan, kena darani sewernane kebutuhan pedinan, ana beras, janganan, woh-wohan, inuman (cau, dhawet, badheg), kewan (ayam, wedhus), suruh, ana pring, suluh padha degendhong, desunggu utawa depikul degawa ngidul arep dedol neng Purwokerto. Angger dina wagean giline lewih rame maning, merga pasar Wage dina pasaran. Saking akehe wong mlaku esuk mangkat sekang lor utawa awan-sore padha balik sekang kidul marahi desa Pabuwaran (klebu) akeh warung barang pedinan karo warung medang-madhange.
Kiye kena nggo bandhingan dhong taun 1960an pas giline rame (lagi bada) kendaraan sing liwat semenit mung siji, kuwe mbuh ngalor mbuh ngidul pokoke liwat lah. Lha warung medang sing ana neng tlatah desa Pabuwaran kit UNSOED gutul mesjid Al-Ihya angger ora kleru ya watara 4 utawa 5 warung medang. Lha mbareng siki, pas kahanan biasa (dudu bada utawa taun baru) kendaraan sing liwat saben semenite kayane ora kurang sekang 200 kendaraan, Lha warung utawa rumah makan sing ana neng pinggir gili sing dawane watara 400 meter kuwe watara 30an panggonan lah. Apa maning angger malen Minggu, Pabuwaran macet neng mobil sing wong-wonge padha arep nyore.
Ndeleng kahanan sing kaya kuwe, dhong pas kumpulan RT neng RT 01 RW 04 Kelurahan Pabuwaran pak Slamet Risyanto, ketua RW nduwe gagasan sing maen lamona gili gedhe Pabuwaran aja dejenengi jl. HR. Bunyamin. tapi deganti baen dadi jl. Badhogan baen dadi lewih pas. Krungu kaya kuwe mas Sonny sekretaris RT. nyritakna lamona mligi warga RT 01 angger padha madhang neng warung utawa rumah makan neng jl. Badhogan kuwe olih potongan, segane ora deetung.
Inyong moh kalah karo mas Sonny banjuran nyambung kaya kiye: “Soale ora tlaten kon ngetung segane ya mas .. sedhek kencoten .. tapi aja kewatir .. angger pas arep mbyayar  neng ngarep kasir .. sebut baen jeneng inyong .. mesthi gratise”. Krungu omongane inyong kaya kuwe .. wong-wong padha reang karo ngomong: “Lha enggih gratis . wong mung nyebut jenenge Eyang Nardi ….”.
Harian Banyumas, Kemis Kliwon 3 September 2015

 
Jl. HR. Bunyamin lagi deambakna mulane macet total