Kamis, 25 Februari 2016

NUMPAK SEPUR



Numpak sepur munggah neng tasiun
tuku karcis mbayar dhuwit eketan
Sanak sedulur aja seneng ngalamun
angger ngalamun bisa kelebon setan

Numpak sepur aja kelalen karcise
karcise palsu dedhuna pak kondektur
Aja ngawur ngomong karo kanca batire
najan kanca batir bisa nglewihi sedulur

Wong loro bareng numpak sepur
padha medang wedange ora dekudhek
Karo tangga teparo ya kudu sing akur
tangga kuwe sedulur paling cedhek

Numpak sepur medhun neng tasiun
sing ngati-ati mbok keglundhung
Sanak sedulur padha sing rukun
angger rukun gampang lung tinulung

Numpak sepur mudhun neng Sokaraja
tuku sroto enake nggo dejambal
Yuh sedulur padha sing sregep kerja
kerja apa baen sing penting halal

Maring Klaten numpak sepur liwat Puyangan
neng Prambanan tuku sate sindike kawat
Aja kelalen padha nggatekna mring lingkungan
lingkungan sehat masarakate melu sehat

Numpak sepur neng dina Jemuah
sing kepenak njagong neng pinggir
Aja padha ngawur ngger mbuang runtah
mbuang janji glethak marahi dadi banjir

Meng Kawunganten numpak sepur
tuku pete nggo ngirim mertuwa
Cekap sementen anggen kula matur
ana salah lupute njaluk ngapura




Kamis, 18 Februari 2016

BLUSUKAN



Sarapan Siki Mengko Kencot Maning

Ora kaya pirang taun kepungkur, wektu siki tembung blusukan wis ora kepetung aneh maning neng kupinge wong Indonesia, klebu uga wong Indonesia sing manggon neng njaba negara. Tembung blusuklan molahi rame deomong wong kena dearani bareng mucule bapak Joko Widodo (sing lewih akrab  desebut Jokowi) mlebu neng Jakarta arep nyalon Gubernur DKI.
Tembung blusukan asale saka tembung blusuk, sing deturuna dadi tembung-tembung: keblusuk, blusukan, blasak-blusuk. Sengerti inyong “keblusuk” nduweni teges ora kejarag mlebu neng panggonan sing ora biasa deambah merga kahanane ora pantes deambah.
Tembung “blusukan” tegese sengaja ngambahi panggonan-panggonan sing ora biasa deambah kanti maksud lan tujuan nggolet kabar lan kahanan sing lewih jelas cocok karo kasunyatane. “Blasak-blusuk” ngemu karep gole blusukan kuwe wis delakoni ping kopang-kaping lan ora mung neng panggonan sing padha. Angger neng kantoran ana istilah “sidak” alias inspeksi mendadak utawa ngecek dadakan.
Sing sejan-jane  si wis kit jaman kuna wis ana pejabat sing nglakoni blusukan kaya kuwe, mung sebutan utawa istilahe dudu blusukan  Gemiyen ana istilah “turba”, turun ke bawah (mudhun ya meng ngisor, anger meng dhuwur jenenge munggah). Lewih kuna maning cokan desebut nganggo tembung “:jlang”
Inyong egin kelingan dhong jaman inyong bocah, tau decritani rama inyong, lamona mau bengi watara jam sijian pak bupati jlang pirsa neng bale ana wong lagi padha juguran langsung pinarak neng bale mung dondon salaman. Wong-wong sing desalami ora ngerti lamona wong sing teka kuwe pak bupati, sing mung bengkung sarung, topi gabus ngagem hem putih model Bung Karnoan. Pak bupati dedherekna ajudan tindak ora nitih mobil.
Sejen maning critane uwa inyong, uwa Tarwan sing tau ngasta dadi camat neng Kedungbanteng utawa neng Tambak. Sewijining esuk pak bupati nyamper pak camat arep blusukan neng panggonan sing kenang banjir. Pak bupati kayong wis siap pisan, wis ngasta sepatu sing dhuwur nggo nutupi pantalone ben ora belok merga kenang belet.
Sejrone mriksani korban banjir kuwe pak bupati bener-bener blusukan, blasak-bluksuk mlebu ngumah sing kebanjiran nganti keblusuk-blusuk neng beletan sing jerone nganti sendhuwur entho-entho, lan sepatune blepot neng belet.
Sewise derasa cukup gole blusukan ketemu lan paring pangandikan maring para korban kon sing sabar, uga paring pitudhuh maring wong-wong sing nyambut gawe ngatasi akibat banjir, pak bupati ngersakna munggah. Gutul ndhuwur mampir warung nimbali ajudan ngersakaken ganti sepatu. Sepatu sing belok kon dekumbah, ganti sepatu bersih sing mau detinggal neng mobil.
Sewise madan suwe lan gole ngaso (ngunjuk, dhahar) derasa wis cukup, pak bupati jengkar niat nerusna blusukan maning neng desa sejen sing ana pereng gugur. Gutul njaba pak bupati nakokna sepatu sing kon dekumbah arep deagem maning, ningen ajudane urung ngumbah sepatu kuwe, lan semaur: “Mangke mawon, dekumbah seniki mangke nggih blepot malih”.
Karo mesem pak Bupati manthuk-manthuk terus ngejek mangkat maning maring desa sejen sing kena bencana. “Lha dalem dereng sarapan” atur si ajudan. Pak bupati cepet-cepet mangsuli: “Ora papa, sarapan siki, mengko ya kencot maning” karo tindak maring mobil. 









Kamis, 11 Februari 2016

Krupuk Pastah Sekang Limbah Dadi Rupiah



Kit jaman kuna makuna, kayane kit jaman Landa, jaman inyong bocah taun seketan, tahu Karangsari wis kondhang. Kit sekang Kroya, Cilacap gutul Slawi, Tegal ngerti tahu Karangsari, Sing sebenere tahu Karangsari kuwe ora degawe neng desa Karangsari dhewek, ningen degawe neng desa Kalisari kecamatan Cilongok, tangga desa karo desa Karangsari.
Jaman inyong bocah, dhong inyong dadi pandhu Pramuka siki), inyong deajari nembang: “Dorong putar tarik .. dorong putar tarik .. saya sudah tahu kedele jadi tahu” kaya kuwe karo tangan lan aweke obah nirokna wong muter watu gilingan tahu. Pancen tahu kuwe degawe sekang kedhele sing degiling nganti lembut pisan decampur banyu terus degodhog, desaring nggo misahna antarane ampas  karo tahune. Tahune degawe panganan, ampase (ranjem utawa themlek) nggo pakan kewan, utawane panganan masarakat kelas ngisor.
Panganan sekang themlek utawa ranjem kuwe angger depangan seret neng gulu, mulane kudu sedhia banyu nggo nggontor ben teyeng mlebu weteng, Ningen beda karo panganan sekang ampas tahu liyane, krupuk pastah kuwe ora nyereti, kejaba renyah, uga gampang luntur. Demut neng ilat sedhela baen wis luntur, langsung bisa lan gampang deleg.
Jaman siki ampas tahu wis bisa degawe panganan sing madan mreyayeni, yakuwe degawe krupuk pastah. Beda karo krupuk liyane, krupuk pastah pancen egin aneh utawa asing neng kuping apa maning neng ilat.. Sepisanan inyong weruh karo nyicipi rasa krupuk pastah kuwe wis watara 9 wulan kepungkur, yakuwe pas kumpulan “Stupa Mas” neng pendapa Duplikat Si Panji Banyumas,
Wektu samana gendhu-gendhu rasa ngrembug babagan acara sing ajeg deanakna saben tanggal 27 Puasa yakuwe acara “Pengetan Jumenengan Adipati Mrapat”. Gandheng acarane penting dadi sing nekani ya ora mung warga kota Banyumas lan sekubenge, ningen ana uga nom-noman sekang Sokaraja, Purwokerto, Cilongok. Babagan suguhan biasane “bantingan” utawa urunan, ana sing nyuguh wedang teh karo kopi lan mas Indra sekang Cilongok nggawa krupuk pastah.
Inyong nyicipi sepisan krasa enak lan doyan, terus inyong nguja tuku langsung neng Kalisari sing niate arep njajal nggo nyuguh dhayoh angger pas bada. Temenan, pas bada kejaba ana panganan standard suguhan bada yakuwe: nastar, kue semprit, kastengel, apel bolen, roti kacang lan liya-liyane uga detambahi krupuk pastah.
Ora ngira ora nyana, suguhan sing wis cemawis neng meja sing paling laris ya krupuk pastah kuwe. Jerene panganan sing aneh, beda karo panggonan liya. Ora nganti 4 dina krupuk 5 ples wis entong lan kudu nggoreng maning, Alhamdulillah. Jangan buncis, iwak bandeng, suguhan laris ati inyong seneng.
Miturut pak Kusno, juragan krupuk pastah, carane nggawe krupuk pastah kuwe ora angel. Ampas tahu (ranjem) debumboni terus decetak kaya bata madan cilik lan madan kandel kira-kira ukuran watara 10 X 10 X 20 cm. Bar kuwe terus derajangi, gole ngrajang nganggo mesin ben kandel tipise bisa padha. Sewise derajang langsung depepe neng latar nganti garing. Sewise garing terus dewadhahi kantong plastik sekanthong isine 100 gram.
Pak Kusno crita uga lamona pesenan krupuk pastah kuwe sengsaya akeh, nganti cokan kewalahen, mligine angger mangsan wong mbarang gawe. Wektu siki neng desa-desa krupuk pastah wis biasa delebokna kanthong nggo olih-olih wong kondangan. Jane si ya patut uga angger krupuk pastah kuwe nggo olih-olih wong plesiran, panganan khas Banyumas.

  Pak Kusno juragan krupuk pastah





Kamis, 04 Februari 2016

Dhapuran glagah kulon umah



Dhapuran glagah neng kulon umah
senajan dudu tinggalane si mbah
utawane ana maksud lan sujarah
kanggoku eman angger debubrah
merga ana hikmah lan pituah

Dhapuran glagah neng ngarep cendhela
mbukak cendhela keton wela-wela
glagah gagah kaya lagi gendhu rasa
guyub rukun gawe aman sentosa

Ngancik sore srengenge wis pindhah
hawa panas blerenge ora lumrah
neng senthong inyong tetep betah
merga ana hikmah glagah kulon umah

Beda maning karepe si ragil Eli
glagah debrubah ben weruh gili
ndeleng cowok ganteng liwat bola-bali
sukur bage ana sing gelem ngapeli

Nunggal karep beda alesan
mbekayu mbarep bojone kang Tarsan
neng cedhek glagah padha pacaran
peteng dhedhet aman ora konangan

Nadyan wis pindhah umah
mbekayu mbarep kerep tilik glagah
jere momong anak lagi ginau mlampah
nitah bocah neng kulon umah
benere si kelingan kenangan indah

Bali arisan bapane keton seneng pisan
kemutan welinge mantri lingkungan
mbongkar glagah sing dhapuran
nggawe kebon sayur neng pekarangan
apa dene empon-empon njaga kewarasan

Sing paling bingung ya si biyung
wong papat kanti niat ora nyambung
glagah tetep kudu teyeng ngebung
ora rungseb nggo umah dumung