Kamis, 28 Januari 2016

Bocah Enom Padha Tiru Pejabat



Merga ngrumati eyang putri (bojo inyong) mriyang, kena lara kanker, dadine inyong wis kliwat sekang 4 taun ejleg-ewer mlebu-metu rumah sakit. Saking seringe meng rumah sakit, nganti sekang bagian pendaftaran, perawat, dokter, apotik gutul bagian kasir padha kenal apal, guyon kaya karo sedulur.
Sepisanan operasi kuwe tanggal 22 Oktober 2011 operasi gondhok neng RS Margono Sukarjo (RSMS). Operasine lancar kena darani ora ana alangan apa-apa. Ningen rampung operasi inyong deundang lamona detemokna jaringan sing aneh sing perlu deperiksa neng laboratorium. Let rong dina inyong domongi, jerene kuwe jaringan tumor ganas, lan asil periksan sebanjure jere kuwe kanker nasofaring,
Ujare dokter, lara kanker nasofaring kuwe kanker sing manggon neng saluran ambegan gutul krongkongan, lan klebu tumor ganas. Akeh pasien sing ora kuwat nandhang lara kuwe. Inyong ya kaget pisan, apa maning bojo inyong. Bingung kayane umure wis cindhek pisan.
Terapi sepisanan neng bagian radio terapi, desinar sekang njaba yakuwe neng bagian sirah gutul dhadha sisih ndhuwur ping 33 deterusna sinar bagian njero langsung titik tumor (ping 6) neng RS Kariadi Semarang lan detapisna nganggo kemo terapi (ping 6) uga neng Semarang. Bobot awak sing maune 60 kg anjlog dadi mung kari 39 kg. Jan keton melasi pisan bojo inyong, gering, ireng, gundhul,leklak-leklok kayong ora duwe tenaga.
Sing nangani ora mung dokter siji, ningen arupa tim dokter sing cacahe ana lima, yakuwe dokter mligi penyakit-penyakit: dalam, THT, saraf, jantung, paru karo radio terapi. Sekang Semarang inyong wis dewei layang sing detujokna maring dokter-dokter neng RSMS kon nangani sekalane neng Purwokerto. Senajan kaya kuwe nganti siki saben 6 wulan ya tetep kontrol neng dokter THT RS Kariadi.
Neng Purwokerto tetep kontrol neng Pusat Geriatri RS. Margono Sukarjo. Matur kesuwun Gusti Allah,ingkang sampun paring kemurahan, kesehatan lan kekuatan, siki kahanan bojo inyong kena darani kari mulihna semendhing lan muga-muga ora kumat maning. Sing tek emut-emut banget kuwe welingane dokter saraf karo para normal Semarang, sing jere inyong kudu teyeng gawe seneng maring bojo inyong.
Priksan utawa berobat neng Pusat Geriatri kuwe kit egin sepi, langka pasien, ruang perawatane egin kosong langka sing manggon  Beda karo siki, wis rame, pasiene wis akeh, ruang perawatane wis kebek malah neng sebelah kidul wis nambah mbangun gedhong maning lan wis dadi wis siap deiseni pasien.
Sewijining dina pas kontrol neng dokter saraf, ketemu karo dr. Untung Gunarso sing jerene uga dadi pengurus neng Geriatri. Inyong takon kapan si bangunan sing anyar kae arep molahi deenggoni, nampa pasien rawat inap. Dheweke semaur lamona molahi denggoni wulan kiye, dene peresmiane wulan ngarep.
Krungu dr. Untung ngendika kaya kuwe, inyong banjur semaur: “Lha niku sing marahi bocah enom padha tiru pejabat”. Kayong madan kaget campur bingung dr. Untung banjur takon: “Maksude kepripun niku?”.
“Lha niku wau, jere bangunan urung deresmekaken empun ajeng denggeni krihin. Lha nika pabrik semen, wis produksi pirang-pirang tembe deresmekaken, jembatan empun wara-wiri deambah tembe deresmekaken. Mulane bocah enom padha tiru-tiru kaya niku nggih niku, Bojo urung deresmekaken empun deambah, mpun wara-wiri dengge malah enten sing empun berproduksi barang”.
Krungu inyong njawal kaya kuwe, dr. Untung teyenge mung gedheg-gedheg karo nyengenges ora semaur apa-apa.
 
 

Kamis, 21 Januari 2016

FORM FOLLOWS FUNCTION



Form Follows Function utawa wangun manut kagunan kuwe jan-jane ngelmu utawa teori babagan arsitektur neng Negara-negara Barat, terus degawa maring Indonesia. Sing sepisanan ngomongna ukara form follows function kuwe Louis Henri Sullivan neng taun 1896. Louis Henri Sullivan kuwe salah sijine arsitek Amerika sing cukup kondhang kanti sebutan “Father of Modernism
Neng ngelmu arsitektur, teori form follows function maksude lamona wujud utawa wangun wangunan siji lan sijine debedakna gemantung kegunan wangunan kuwe. Maksude amrih pegawean sing detindakna neng jero wanguan kuwe bisa lemaku kanti kepenak lan gedhe kasile. Kejaba kuwe, kanti wujud sing beda wong-wong bisa langsung ngerti kira-kira pegawean apa sing detindakna neng kono. Contone, kantor beda karo restoran, pendapa beda karo mesjid, sekolah beda karo pasar.
Senajan teori form follows function kuwe tembe ana neng Barat tahun 1896. ningen arsitek-arsitek tradisional Jawa kuna sedurunge taun kuwe wis bisa lan biasa mbedakna wangunan sing cocok karo pigunane. Mulane nganti seprene neng tanah Jawa egin ana sebutan-sebutan wangunan: panggang pe, pisang selirang, gajah ndherum, srotong, limasan, tajug, joglo utawa tikelan, utawane wangunan traju mas, sing kabeh mau beda-beda penganggonane.
Senajan isi lan pengertene meh jumbuh, ningen jeng Jawa kayong ora dekenal teori Form Follows Function kuwe. Neng Jawa teori sing gegandhengan antarane wadhah karo isine utawa wujud njaba karo jeroane kuwe cokan desebut teori “jagad gedhe jagad cilik”, sing cara mancane jere “macro cosmos – micro cosmos”. Jagad gedhe nglambangna sing wadhag, kasat ing mripat, dene jagad cilik ngemu teges barang sing ora kasat mripat, sing loro-lorone kuwe gegandhengan. Dadi ora mung babagan wangunan, ningen uga babagan penganggo, karo panganan.
Prof. Eko Budihardjo {alm) tau ngendika: “Inyong tidhokna umahmu. inyong arepan ngerti kepriwe kahananmu”. Wong kuna angger arep gawe umah kuwe detung neptu dina lahirane, dawa utawa ambane umah deukur ngango dhepa, pecak utawa kilane wong sing arep manggon neng kono. Kabeh mau nandhakna lamona raket banget hubungan antarane umah karo sing manggon.
Babagan penganggon, wong kuna wis mbedakna penganggo wong lanang karo wong wadon. Mung dedeleng sekang penganggone, wong wis teyeng mbedakna antarane wong lanang, wong wadon, wong tuwa, wong enom utawane bocah. Beda karo jaman siki, angel mbedakna wong wadon apa wong lanang merga penganggone padha baen. Mbangkane wong kuna wis ngomongna lamona “ajining dhiri ana lathi, ajining raga ana busana”.
Babagan panganan ya semana uga, kanti ndeleng buntele karo cara mbuntele wis teyeng ngerteni kuwe panganan apa lan kepriwe rasane. Sing denggo mbuntel panganan kuwe biasane godhong, apa kuwe godhong gedhang (teles/ijo utawa garing/klaras), janur (nggo werna-werna kupat), godhong pring (nggo sumpil) godhong jambu (mbuntel tape ketan) lan uga godhong jati (mbuntel dagangan pasar).
Godhong sing paling akeh nggo mbuntel utawa ngetum panganan ya godhong gedang. Kayane puluhan lah ya. Jajal si detung ngonoh panganan sekang beras umpamane:. rames, meniran, bubur sungsum, lonthong, arem-arem, lemper kabeh wis beda ujud buntelane. Kuwe kabeh debuntel nganggo godhong sing esih ijo alias godhong sing esih teles. Angger gula klapa, clebek ben ora mbanyu, kuwe debuntel utawa detum nganggo klaras utawa godhong gedhang garing lan cara ngetume ya beda maning.
Kanggo wadhah, godhong ghedhang bisa degawe pirang-pirang macem wadhah gemantung kebutuhan. Wadhah-wadhah kuwe umpamane: conthong nggo wadhah kacang goreng/ godhog, takir wadhah barang sing mawur umpamane sega/ramesan, kembang sawur, pincuk wadhah panganan sing semu-semu teles sing arep langsung depangan umpamane pecel, rujak lan sudhi biasane nggo wadhah lawuhan neng nggon kiriman.



 Lemper bungkusan kuna

KULAK JERE ADOL NDEAN



Kiye si mung jerene
Kemis pon pas dinane
Pat belas Januari tanggale
sepuluh patang puluh wektune

Bom mbledhug neng Betawi
komplek Sarinah perek warung kopi
sing uga perek karo pos polisi
jelas ana korban warga sing melasi

Kiye si jere wartawan koran
gunggung wong 33 sing dadi korban
mati pitu sing lima pelaku pengeboman
siji warga lan sijine wisatawan

Cara wong dagange ya tuna
olihe mung loro kanti pawitan lima
urung ketung pawitan dunya brana
anu ndeane “jer basuki mawa bea”

Pancen ora wedi apa anu ora kepikiran
bahaya sing bisa bakal kedadeyan
ana tembak-tembakan koh nggo tontonan
bakul sate apa dene pedagang asongan
tetep padha neng dalan tawa dagangan

Kiye si kaya mung ndean
sing ngebom kayong ora duwe pikiran
nyawa wong kayong nggo dolanan
apa sedrema nglakoni prentah atasan

Sejen maning critane jamaah jemuah
pengin mlebu sorga koh kakehan polah
ndeane ora ngerti maksude prentah
kon neng Suriah kesasar neng Sarinah

Sejan maning critane kang Kertayasa
bom Sarinah kuwe jere anu rekayasa
degawe crita kaya film neng tivi swasta
nggo ngalihna pikiran wong sing lagi rekasa

Jar inyong sing klebu wong bingungan
arep crita ya sing bisa ketampa neng pikiran
aja waton njeplalk kaya manuk trocokan
kuwe jenenge kulak jere adol ndean


Bakul sate cedhek Sarinah Jakarta pas ana bom













 

Kamis, 14 Januari 2016

NIRDAN DISUN DASITEM



Wulan Juli taun 1957 inyong lulus sekang Sekolah Rakyat  (SR) Negeri Sumampir, olih ijazah karo tandha lulus. Bijine cukup lumangyan, gunggung ana 32 sekang patang wulangan sing deujekna. Neng pak guru dedaftarna bareng-bareng karo murid liyane neng SMP Negeri 2, lan alhamdulillah sing ketampa kayane ya ana 10 bocah klebu inyong. Inyong crita maring ramane, ramane inyong ya seneng pisan, ora ngerti apa-apa ngerti-ngerti koh inyong klebu neng sekolah negeri. 
Senajan kedadiyan wis nguna, tapi inyong egin kalingan baen. Ora mung crita babagan Nirdan Disun Dasitem sing egin cetha wela-wela, tapi uga babagan liyane, umpamane babagan kanca-batir, bapak utawa ibu gurune, warunge pak Gepeng sing adol mendhoan, gorengan dhage lan panganan liyane sing sering deuntheti neng bocah-bocah. Mangan 5 ngomonge mangan 3 utawa 2.
Oh iya, wektu semana angger munggah kelas 3 SMP kuwe wis debagi ana bagian A (bagian ilmu sosial) lan bagian B (bagian ilmu pasti). Merga neng rapot kelas 2 catur wulan sing ping 3 wulangan etung dagang bijine inyong abang (5), mulane inyong deunggahna maring kelas 3 B.
Wektu semana kepala sekolahe ibu Marimah Suroso, sing mulang ilmu ukur nggo kelas 3 bagian B. Pak Darsim mulang aljabar, Pak Anarno mulang ilmu alam karo apa si ya, inyong madan kelalen. Jar inyong pak Anarno kuwe pacaran karo bu Ratna guru ilmu alam kelas 1 karo kelas 2. Pak Sujadi guru gambar kelas 1 karo kelas 2 sing angger mbiji ndadak ndeleng biji gambar sedurunge, dadine ya angel pisan nggo ngunggahna biji.
Babagan bu Ratna blakan baen inyong seneng dewulang dheweke, mergane bu Ratna kuwe ayu. Inyong seneng nyinaoni wulangane bu Ratna dadi angger ulangan olih biji apik, dadine bu Ratna seneng maring inyong, nganti Darmatin batir sekelas inyong kayong iri, ngomong; “Kuwe Nardi, sing anak emase bu Ratna”. Lha wong dheweke lewih gedhe ketimbang inyong, inyong ya trima meneng baen.
Sing inyong salut ya maring pak Abdulah, sing mulang wulangan bahasa Inggris, karo menggambar. Lukisan Abraham Lincoln, presiden Amerika neng triplek sing deslomodi nganggo solder karyane pak Abdullah kuwe jan maen pisan. Kejaba pelukis, pak Abdulah kuwe juga jago main biola. Muride sing jago main biola ya mas Indratmo Yudono sekang Sidaboa
Beda maning crita babagan pak Saldan guru ilmu hayat, sing angger ngendikan madan karo muncu-muncu. Sewijining esuk pak Saldan duka merga bocah-bocah dekon maju nggambar kembang terong ora ana sing teyeng. Lha mbareng takon kenang apa dhengkil mburi sapi, kebo, wedhus utawa jaran koh ana pendhukulane. Mbareng wis madan suwe ora ana sing ngacung, inyong ngacung, tek wangsuli untung-untungan, lamona balung sing mendhukul meng mburi kuwe balung tungkak. Alhamdulillah bener, slamet inyong ora dedukani pak guru.
Lha crita babagan Nirdan disun Dasitem kiye dudu crita lomboan, tapi jan crita ana temenan, inyong jan nekseni dhewek. dadi ora jere-jere baen. Kiye kedadiyan pas inyong egin neng kelas 1. Pak Ismail, pak guru sing mulang olah-raga, kesehatan karo wulangan menyanyi, sewijining dina ndhawuhi kabeh bocah kon nembang. Siji-siji urut absen, lha mbareng gutul gilirane Nirdan pak Ismail ngendika: “Nirdan disun Dasitem”, lha bocah-bocah ya padha surak reang pisan. Sing melasi ya Dasitem, kayong isin pisan nganti raine pucet.
Mbareng bocah-bocah wis madan anteng  pak Ismail ngendika uga karo nggujeng: “Lha apa inyong salah, wong genah neng absen kiye urutane ya bar Nirdan terus Disun, lha tembe Dasitem, dadi kon gelis rampung, jajal bocah telu, Nirdan, Disun karo Dasitem maju nembang bareng”.