Kamis, 31 Maret 2016

SARWA LORO



Akhir-akhir kiye iyong cokan detakoni neng wong pendatang neng Purwokerto utawane  neng tlatah Kabupaten Banyumas liyane. Pitakonane pancen sedherhana alias ora ndakik-ndakik yakuwe “Kenang apa neng Kabupaten Banyumas kiye koh sarwa loro, ana alun-alun loro, pendhapa loro, kantor kejaksaan negeri loro, kantor pengadilan negeri lan pengadilan agama ya loro-loro klebu penjara ya loro”.
Blakan baen maune dhong egin enom inyong ya gumun weruh kahanan sing ora umum kaya kuwe. Dhong sekolah gemiyen pak guru utawa bu guru urung tau mulang babagan kaya kuwe. Rama utawa biyunge inyong ya urung tau crita babagan sing kaya kuwe. Arep takon maring sapa maning embuh inyong ora ngerti.
Alhamdulillah, untunge sewijing dina inyong kedhayohan sahabat sing uga dadi guru inyong, ya kuwe pak Soegeng Wijono. Maksud inyong dudu guru neng sekolahan, tapi guru neng lapangan, merga piyambake kuwe sugih ora mung foto-foto kuna, tapi uga dokumen-dokumen kuna sing inyong ora ngerti. Kanti modal foto karo dokumen kuna kuwe pak Soegeng nyritakna kahanan tlatah Banyumas
Taun 1830 sebubare perang Diponegoro sing demenangna neng tentara Landa, tlatah Banyumas neng kraton Solo depasrahna maring pemerintahan Landa, dadi gadhen Landa nggo nyaur biaya perang sing detokna Landa kuwe. Tlatah Banyumas sing maune tanah perdhikan molahi taun 1830 dadi tanah jajahan Landa.
Tanggal 1 November 1830, De Sturter tetepna dadi Residen Banyumas sepisanan. Residen De Sturter netepna 5 tlatah kabupaten ya kuwe:
1.  Kabupaten Banyumas mbawahi tlatah: Banyumas, Adireja. Purworejo Klampok;
2.  Kabupaten Ajibarang mbawahi tlatah: Purwokerto, Ajibarang, Jambu, Jatilawang;
3. Kabupaten Purbalingga mbawahi tlatah: Purbalingga, Sukaraja, Kertanegara Bobotsari, Cahyana;
4. Kabupaten Banjarnegara mbawahi tlatah: Banjar, Singamerta, Leksana, Batur, Karangkobar,
5.  Kabupaten Dayeuhluhur mbawahi tlatah: Majenang, Dayeuhluhur, Pegadingan, Jeruklegi.
Kanggo njaga kawibawan lan kelanggengan pemrentahan, Landa terus mbangun dalem kabupaten kumplit karo alun-alune, kantor kejaksaan, kantor pengadilan lan uga penjara neng saben ibukota kabupaten.
Mung emane ora ganti suwe sebubare penetepan kuwe, neng Ajibarang ana brubugan gedhe, mulane dalem kabupatene boyong maring Purwokerto. Bar kuwe kantor wakil residen, kantor kejaksaan, pengadilan lan penjara debangun neng Purwokerto.
Taun 1935 ana krisis malaise, sing wong Jawa nyebut “jaman mleset”. Merga kekurangan dhuwit nggo mbayar pegawe-pegawene, mulane Pemrentah Landa mbusek pemrentahan Kabupaten Purwokwerto, degabung dadi siji karo Kabupaten Banyumas, dejenengi Kabupaten Banyumas. Tapine kantor kejaksaan karo kantor pengadilan lan penjarane tetep deuripna nganti seprene.
Kapetung molahi tanggal 1 Januari 1936 Karesidenan Banyumas ung mbawahi tlatah 4 kabupaten ya kuwe Kabupaten-kabupaten: Banyumas, Purbalingga, Banjarnegara, karo Cilacap, sing ambane tetep kaya sedurunge ana gabungan rong kabupaten mau. Tanggal 7 Januari 1937 ora let suwe sewise mboyongna pendhapa Si Panji, bupati Banyumas RAA. Sujiman Gandasubrata (1933 - 1950) boyong sekang Banyumas maring Purwokerto.

Dalan tengah alun-alun Banyumas
 Dalan tengah alun-alun Purwokerto (sedurunge detutup)






Kamis, 24 Maret 2016

BENGI



Wingi bengi malem Minggu Wage
kit sore giline wis keton rame
ting sliwer montor ora ana pedhote
ngalor ngidul mboncengna pacare

Sengsaya bengi giline sengsaya sepi
sing regeng warung remeng Yu Sri
nyruput kopi karo nyendhok bakmi
nggo nolak adheming hawa bengi

Malem Setu Pon bengi sedurunge
setasiun karo terminal sing keton rame
akeh wong prantoan sing bali ngodhe
bali ketemu maning karo anak bojone

Malem Senen kuwe bengi mbebehi
ati egin kangen ningen kudu mulih
mring kodhean sing wis kepilih
ninggal anak bojo kanti ati sedhih

Senen Rebo klebu bengine Slasa
ninggal umah krasa wis biasa
anak bojo detinggal ora nelangsa
sing lanang ngodhe wis ra rekasa

Kemis bengi alias malem Jemuah
ana sing ngarani bengi kebek berkah
asal sing iklas gole padha ngibadah
aja mung mikir mring sunah Rasulullah

Paling rekasa rondha Kemis bengi
apa maning persis Kemis wage bengi
githok mrinding sikil kaya degandhuli
lewih-lewih angger tes ana wong mati

Pancen becike eling welinge rama kyai
saben bengi tangi neng tengah wengi
shalat bengi nyenyuwun mring Gusti
mrih slamet uripe karo tambahan rejeki



















Kamis, 17 Maret 2016

Aja Nganggo Aksara “H”



Neng bale desa deanakna penyuluhan babagan Keluarga Berencana utawa KB kanggo para ibu-ibu sing egin enom-enom. Ibu enom sing kemungkinan egin teyeng meteng alias usia subur. Sing dadi penyuluhe kuwe petugas sekang kabupaten debatiri neng bu Kades. Sing dadi Kades (Kepala Desa) pancen ibu-ibu.
Sejan-jane sing deundang kon teka kumpulan kuwe ya mung ibu-ibu thok. Ningen dhasare ibu-ibu ya ora teyeng kon mangkat dhewek, tetep kudu nggawa anake sing egin cilik, mligine sing egin desusoni. Apa maning penyuluhane deanakna neng dina lan jam kerja dadi bapake ya ora teyeng nggenteni momong.
Jane materi utawa apa sing deomongna neng penyuluh babagan KB kuwe ya maen. Dhasar penyuluhe ya wong pinter ngomong, debumboni dhagelan lan madan saru-saru semendhing marahi sing ngrungokna ya ora bosen, padha njagong kit awal gutul rampung.
Sepisanan babagan tuna bathine wong melu KB. Wong mligine wong wadon melu KB kuwe akeh bathine ketimbang tunane. Ibu-ibu melu KB kuwe dadi teyeng duwe wektu sing longgar, sing bisa nggo ngrumat awake dhewek babagan kesehatan utawane kesenengan liyane.
Gandhengane karo kebutuhan dhuwit, ngrumat bocah semendhing karo bocah akeh kuwe lewih entheng ngrumat bocah semendhing (cukup loro baen). Aja mikir anak kuwe nggawa rejeki dhewek, kuwe kan angger anake wis teyeng pakhal, angger egin sekolah, angger mriyang, wragade sekang endi, kabeh mau ya bakal ketemu neng rama biyunge. Apa maning jaman siki, urip kuwe rekasa, reregan apa-apa larang. Jaman siki ora ana barang gratisan..
Pemerintah kit taun 1967 wis mikirna babagan Keluarga Berencana utawa KB. Wis pirang-pirang program delaksanakna. Salah sijine ya kuwe program NKKBS sing jara artine kuwe Norma Keluarga Kecil Sejahtera, tapi cara inyonge kuwe Namung Kalih Kemawon (putrane) Ben Sae (penguripane).
Babagan alat kontrasepsi utawa alat nggo ngatur wektu kapan arep meteng pirang-pirang werna wis desedhiakna neng pemerintah. Ana lalt sing bisa depasang dhewek, tapi ana sing kudu njaluk tulung dokter. Ana sing deombe la nana sing desuntikna Sepisanane tah gratis, tapi wis kudu swadaya masarakat.
Jenenge tah kumpulan KB. tapi kahanane rame kaya neng Pos Yandu utawa neng PAUD. Kejaba rame neng swara bocah, ana sing nembang, ngorong-orong utawane playon malahan ana sing nangis barangan, uga wateke kaum ibu sing seneng ndopok marahi ibu-ibu ora teyeng ngematna mligi apa sing deomongna neng petugas penyuluh KB.
Mbareng gutul acara pitakonan yu Sarinah, sing njagong neng larikan bagian mburi ngacung kayong arep takon, tapi jebulane mung arep crita pengalamane. Karo nyambi nusoni anake sing lagi umur 9 wulan dheweke ngomong: “Niki nggih mba, pengalaman kula, lagi mlebu separo be saged dadi, napa malih angger mlebu kabeh, nggih akeh dadine lah ya”.
Krungu omongane yu Sarinah sing kaya kuwe mau, sekal wong sebale padha gemuyu kabeh ya. Salah pengrungon. Kon mlebu KB, ngganen krungune kon mlebu kabeh. Dadi mba penyuluh ya mangsuli: “Aja nganggo aksara h kuwe yu …..”




Kamis, 10 Maret 2016

Bar Maghrib Nggih Nyore


Jaman gemiyen ana tembung sing kayonge siki wis arang deucapna merga wis ilang mligine neng kota, yakuwe tembung mondhok karo ngenger. Tembung mondhok karo ngenger ngemu maksud sing padha, ya kuwe manggon neng panggonan (pekarangan utawa umah) duweke wong liya..
Mondhok, nduweni pangerten lamona sawijining keluarga merga ora duwe umah utawa/lan pekarangan njaluk ijin olih manggon neng umah lan/utawa pekarangane wong sing detembungi. Mondhok kuwe ora nganggo mbayar. Dene wong sing mondhok kuwe duwe kewajiban njaga keamanan lan resik-resik utawa ngrumat umah lan/utawa pekarangan (sing denggoni) seisine, utawa nggarap pegawean sing dekarepna neng wong sing depondhoki.
Inyong egin kelingan kedadiyane ningen wis kelalen wektune. Bibi inyong (adhine biyung inyong) dadi penganten nanggap rodat.  Let pirang wektu paman karo bibi inyong misah sekang daleme eyang maring umah anyar neng lor kulon umah inyong. Ora let suwe umah kuwe deboyong maning sekang kulon gili lor lurung maring wetan gili kidul lurung. Bubar kuwe boyong maning meng ngidul jejer karo umah inyong malah bareng sepekarangan, manggon neng kebon suwung.
Saking seringe boyong, inyong dadi takon maring rama inyong, kanag apa paman karo bibi kuwe sering boyong. Wangsulane ramane cekak aos: “Biasa, wong mondhok ya kecenthok-centhok, wong ngenger ya kecenger-cenger”. Inyong mikine ya ora ngerti apa maksude. Jebulane mbareng depikir-pikir maksude kuwe lamona sekepenak-kepenake wong manggong ya manggon neng umah lan pekarange dhewek, mulane kebon sing wis ana umahe kuwe depasrahna sisan.
Tembung ngenger kuwe ngemu maksud lamona wong utawa bocah, biasane bocah esih cilik sing ngenger kuwe anu detitipna neng wong tuwane utawa sedulure kon manggon neng nggone wong/keluarga sing dengengeri. Bocah mau kon derumat pangan lan sandhangane lan uga bisa pamulangane. Bocah mau bisa kon nyambut gawe ngrewangi pegawean wong sing dengengeri.
Inyong esih kelingan, ora let suwe bar balik sekang pengilen, neng umah inyong ana wong wadon karo bocah lanang melu ngenger. Wong wadon kuwe jenenge mbok Madmustam (randha) inyong ngundange “bibine”, Bocah lanange jenenge kang Kasim. Inyong nyebut kang merga umure lewih tuwa semendhing ketimbang inyong.
Ni Madmustam asale sekang Brobot Tambaksogra, inyong kelalen kepriwe gole teka neng nggon inyong, ngerti-ngerti wis neng nggon inyong. Pegawean pedinane kuwe ngrewangi urusan olah-olah panganan pedinan, umbah-umbah penganggo (kuwe bae ora bersih, sering debaleni neng biyung inyong).
Dene nggo imbalane, wis desedhiani senthong dhewek. Babagan pangan njiot dhewek ningen ya kudu pengerten. Babagan penganggo pedinan, sering dewei lungsuran (sing egin patut denggo), saben bada mesthi detukokna klambi jarit anyar. Saben panen, sepanggonan bibine kon njiot pari segendhongan sekuwate dhewek.
Beda karo kang Kasim bocah nemu neng pengungsen, rama biyung apa dene sanak sedulure mbuh wis neng endi ora genah sangkan parane. Bocahe blenthot, tenagane rosa, mangane rosa lan turune ya rosa, mulane kang Kasim neng ramane inyong deprentah kon ginau ngepit ben kena nggo genti sikile ramane.
Kang Kasim uteke kethul, kon sekolah ora gelem, mulane neng rama inyong kang Kasim dekon ngaji baen maring langgare kyai Sidik. Sewijining dina kang Kasim detes neng rama inyong, kon nyebutna urutan sholat wajib. Kang Kasim terus nyebutna: “subuh, lohor, asar, maghrib ….”. Kayane kang Kasim kelalen maring sholat isya, mulane rama inyong takon: “bar maghrib terus ngapa ..”. Kaya ora nganggo mikir dawa kang Kasim langsung njawab: “Bar maghrib nggih nyore ….”.
Saben panen bibi Mad olih pari segendhongan