Kamis, 26 Mei 2016

Negor Wit Kudu mBayar



Ajeng debedhul mboten kiat
Pakar perkotaan nyebutna lamona ibarate kota kuwe menungsa, Ruang Tebuka Hijau (RTH) kuwe paru-parune kota. Ora ana RTH, urip neng kota kuwe rasane sumpeg, sesek. kaya ora teyeng ambegan. Kejaba RTH, neng kawasan perkotaan uga ana ruang bukakan sing ora ijo, yakuwe ruang bukakan alias ora ana payone ningen ngisore dudu lemah kaya dene lapangan tenis utawa lapangan basket.
Pancen undang-undange ya wis nentokna lamona neng kawasan perkotaan kudu ana utawa desedhiani daerah bukakan (ruang terbuka) sing ora ana wangunan gedhonge, anane mung wit-witan, ambane watara 30% sekang ambane kawasan perkotaan kuwe.
Dene wit-witan kuwe mau bisa anu sengaja detandur utawa thukul sekarepe alam dhewek. Merga ana wit-witane sing kaya kuwe mau ateges bagian ngisore mesthi lemah, dudu plesteran, saengga banyu udan teyeng remesep maring lemah kanti gampang. Nganggo sejen tembung bisa deomongna lamona neng RTH kuwe banyu udan kudu teyeng remesep lan detandho neng jero lemah.
Anane wit-witan neng RTH kuwe pancen wajib, merga anane gegodhongan kuwe wit-witan dadi teyeng ngrubah gas zat areng utawa gas karbon sing ana lan ora debutuhna menungsa dadi gas oksigen sing banget debutuhna neng menungsa urip. Sengsaya akeh godhongane sengsaya apik RTH sing ana. Kejaba kuwe manuk bisa manggon lan urip neng kono.
Kejaba kuwe godhongan uga kena nggo iyub-iyub sekang panase sorot srengenge. Kejaba godhonge, oyod wit-witan uga kena nggo nyekeli lemah ben ora longsor, mligine nang pinggir gili utawa kali.. Angger pas ana angin gedhe, wit-witan uga bisa nahan lakune angin.
Neng kawasan perkotaan, RTH bisa debedakna dadi: (a) taman kota (klebu alun-alun); (b) lapangan olah raga; (c) makam utawa kuburan; (d) plataran pomahan; (e) kebon; (f) pekarangan kosong utawa urung debangun; (g) alas kota; (h) sawah utawa tegalan; (i) pinggiran gili; lan (j) pinggiran kali.
Sing loro desebut pungkasan ndhuwur kuwe sering desebut sabuk ijo utawa green belt. merga wujude pancen nggelaler dawa, beda karo liyane sing wujud lahan amba. Mligi sabuk ijo sing neng pinggir gili seyoyane sengsaya akeh kendharaan bermotor sing liwat neng gili kuwe, sengsaya ngrembuyung wit-witane.
Perlu dengerteni lamona sengsaya akeh kendharaan bermotor sing liwat  mesthi sengsaya akeh gas areng utawa karbon sing metu sekang kenalpote, mulane debutuhna wit sing ngrembuyung godhonge, ben sengsaya akeh godhong sing kon ngrobah gas areng dadi gas oksigen. Kejaba kuwe sengsaya ngrembuyung, sengsaya iyub giline, sengsaya kepenak kanggone masarakat sing liwat neng kono. Mulane masarakat wajib melu ngrumat anane wit pinggir gili kuwe.
Mung emane, mligine angger pas mangsan brubugan utawa angin gedhe, sengsaya gedhe wite bisa nekakna bahaya (rubuh utawa mledhos), sing teyeng ngrubuhi utawa ngurugi sapa baena sing pas liwat neng kono. Angger ana kedadeyan kaya kuwe terus sapa sing tanggung jawab maring kapitunan kuwe. Mesthine  pemerintah kabupaten/kota sing tanggung jawab merga wit kuwe duweke pemerintah, masyarakat ora nduweni lan ora wani mrompangi apa maning nganti negor.
Nggo ngatasi ben ora ana wit mledhos utawa rubuh merga angin gedhe, kudune pemerintah kabupaten/kota kanti ajeg neng mangsa kepitu kewolu alias neng wulan-wulan Januari – Februari nganakna prompangan utawa nyulami tanduran wit-wit gedhe ben ora mledhos utawane rubuh, apa maning mledhos lan rubuhe kuwe nggawa kapitunan kanggone menungsa.
Tangga inyong sing ngarep umah ana wit mahoni, sing umure wis watara 35 taun, laporan maring dinas njaluk wit mahoni kuwe detegor. Ningen nganti 5 wulan tembe detegor kanti mbayar sing ora semendhing. Semana uga tangga sebelahe sing wit mahonine lewih ngrembuyung ya wis mbayar ningen nganti seprene urung detegor. Mbuh merga kurang sajen apa kepriwe.
Tangga inyong bareng sedesa sing jeneng kang Sakum karo Kusnun mantune kuwe kondhang dadi tukang totor wit. Angger pas mangsan brubugan kuwe sering dejaluki tulung kon mrompang utawa negor wit klebu negor wit sing neng pinggir gili. Lha pegawean kaya kuwe sing sering detakona neng wong liwat: “Kenang apa detegor”. Angger detakoni sing kaya kuwe, ketimbang bingung-bingung njawab “Lha ajeng debedhul mboten kiat koh”. 



Kamis, 19 Mei 2016

Banyumas, Paling Pepek Obyek Wisatane



Kepenak Udharane

Debandhingna karo tlatah Kabupaten utawa Kota sejen neng tlatah provinsi Jawa Tengah, kayane tlatah kabupaten Banyumas kiye kena dearani tlatah sing paling sugih lan paling pepek obyek wisatane. Mbuh kuwe obyek wisata budaya. wisata gawean apa dene wisata alame. Malah inyong cokan sombong, cokan gemagus ngomongna lamona tlatah Banyumas kiye kaya pulau Baline Jawa Tengah.
Mung emane obyek wisata neng tlatah Banyumas sing pating jeprah kuwe anu urung desusun tatanane, ora maksude banjur deboyongna, ningen deatur sing temenanan kepriwe carane kon kabeh mau kepenak deparani lan deambah. Kabeh mau kesebut kaya kanthetan kalung mutiara. Saking akehe obyek wisatane, neng tlatah Banyumas kiye bisa ana pirang-pirang kanthetan kalung mutiara wisata.
Babagan obyek wisata budaya, inyong cokan gumun karo gedheg-gedheg, njeprah, meh kabeh desa/kelurahan ana/duwe obyek wisata. Angger detung karo jenthik tangan ora medheng, lewih obyek kurang jenthik (tangan siji jenthike mung 4 dadi tangan loro jenthike mung 8).
Saking meh saben desa duwe potensi sing dianggep pantes dadi obyek wisata, biasane desa terus latah nyebut desa A dadi desa wisata. Weruh desa A dadi desa wisata, desa B, C, D lan liya-liyane tiru baen nyebut desa wisata, sing mbangkane obyeke ya padha alias ora ana keunikan sing khas. Latah kuwe penyakit sing wis lumrah neng mbangun obyel wisata, sing akhire obyek wisatane ora payu
Babagan obyek wisata tinggalan sejarah, neng Banyumas ngadhug, kari milih sejarah jaman kapan. Jaman Majapahit, jaman Mataram, jaman jajahan Landa, jaman jajahan Jepang jaman revolusi kemerdekaan Indonesia apa malah jaman purba. Kabeh ana lan ora mung siji apa loro, pokoke ngadhug alias pirang-pirang.
Tinggalan sejarah sing njeprah kuwe mau ana sing wis kedaftar dadi benda cagar budaya lan egin pirang-pirang sing urung dedaftarna. Dene wujude barang-barang sing teyeng deboyongna ya ana sing wis desimpen neng museum uga egin akeh sing desimpen neng pomahan. Semana uga barang-barang sing netep umpamane wangunan umah, tugu utawane makam ana sing wis detetepna dadi barang cagar budaya ningen pirang-pirang uga sing urung.
Barang-barang wujud utawa karya budaya sing kena nggo nambah daya tarik wisata, neng tlatah Banyumas kuwe ya pirang-pirang wujude. Ana penganggo jarit utawa klambi, panganan tradisional, kesenian, semana uga babagan bahasa, sing biasa desebut basa ngapak utawa basa penginyongan. Kabeh kuwe mau tlatah Banyumas nduwe kekhasan lan keunikan sing beda karo tlatah sejen.
Babagan obyek wisata alam, neng tlatah Banyumas ana alam sing esih asli, budi daya alam, fenomena alam, utawane keindahan alam. Alam sing esih asli umpamane alas neng gunung Slamet, kali karo curuge. Budi daya alam kiye sing pirang-pirang lan sing sering desebut agro wisata. Fenomena alam contone banyu panas utawane banyu tamba, kethek ora galak neng CIkakak..
Babagan keindahan alam kuwe contone pemandangan sing asri, hawa utawa udhara sing seger. atis ora anget ya ora, pokoke kepenak neng awak. Kahanan sing kaya kiye contone Baturaden utawa Cipedok. Tapi ya kuwe angger inyong omong babagan Baturaden utawa Cipendok mesthi ana baen wong sing nyelani: “Kepenak udhara-ne napa kepenak udharan-e Yang?”. Ngomong kaya kuwe mesthi karo gemuyu ngemu maksud sejen.



Kamis, 12 Mei 2016

SIFATE WONG BANYUMAS



Kadya Mahesa Cinancang Dhadhung Adi
Sebagian masarakat neng tlatah Banyumas ngakoni lamona Bawor anake ki Semar Badranaya kuwe jimat utawa maskote masarakat tlatah Banyumas. Bawor nduwe sifat jujur, cablaka alias angger ngomong kuwe glogok soar apa anane. Ningen ana uga sing ngarani lamona Bawor kuwe nduwe sifat clamit kayong mata dhuwitan.
Kejaba Bawor dadi maskote wong Banyumas, ningen ana uga sing ngomongna lamona jaman gemiyen Sultan Agung ing Mataram nate ngendika lamona masarakat Banyumas kuwe decandra: kadya mahesa cinancang dhadhung adi utawa kaya kebo sing decancang nganggo dhadhung sing maen. Pancene ya ana wong sing ora cocok karo penyandra sing kaya kuwe
Dene sing demaksud dhadhung adi kuwe aturan-aturan sing lemaku neng masarakat lan negara. Kanti kaya kuwe dadi sing demaksud kadya mahesa cinancang dhadhhung adi kuwe lamona masarakat Banyumas kuwe manut utawa tunduk, taat maring aturan-aturan sing ana lan lemaku neng masarakat.
Angger deplecehi temenan, kebo kewan sahabate wong tani kuwe nduwe sifat-sifat sing maen, ya kuwe:
1.    Awake sing gedhe ateges daginge sing akeh lan tenagane sing kuwat dadi nggo megawe kuwe rosa. Nganggo tembung liya kena dearani lamona kebo kuwe sawijining potensi sing cukup gedhe. Kahanan sing kaya kiye nandhakna lamona tlatah Banyumas kuwe arupa sawijining potensi apa kuwe sumber daya alame uga sumberdaya menungsane sing ora baen-baen.
2.    Kebo kuwe kewan sing ora tahan maring hawa panas, angger denggo megawe, sedhe-sedhela njaluk deguyang ben adhem maning. Kahanan kuwe nglambangna lamona masarakat Banyumas kuwe ora tahan maring kahanan sing panas. Angger ana masalah derampungna kanti rempugan, gendhu-gendhu rasa, ”ana rembug ya derembug”. Demonstrasi kurang desenengi. Ayem tentrem sing degoleti.
3.    Kebo kuwe kewan sing duwe rasa males kebecikan. Neng pangonan, kebo mangan suket lan biasane si pangone njagong kepenak neng gigire kebo. Kahanan kuwe mertandhani lamona kanti iklas males kebecikan maring wong sing aweh utawa nudhuhna pangane utawa penguripane. Apa wong Banyumas ya kaya kuwe, jajal ngonoh takon maring atine dhewek-dhewek.
4.    Kebo kuwe duwe sifat disiplin. Saben sore sewise dengon. kebo mesthi deguyang neng kali. Bar deguyang kebo deculna teyeng bali dhewek maring kandhange kanti bener ora kesasar. Sejan-jane masarakat Banyumas kuwe ya duwe rasa disiplin, buktine mbayar PBB (Pajak Bumi dan Bangunan) bae umume lancar ora nunggak.
5.    Neng masarakat Jawa ana onen-onen: ”kebo nusu gudel”, angger paribasan kuwe lemaku neng tlatah Banyumas uga, tegese wong Banyumas kuwe cukup demokratis, gelem ngrungokna lan gelem nampa penemune utawa pemikirane wong sejen sing posisine neng ngisore.
6.    Neng masarakat Jawa umume mligine neng tlatah Banyumas, ana tradisi sedhekah bumi kanti mendhem endhas kebo, dudu endhas sapi, wedhus, jaran utawa kewan liyane. Kahanan kuwe kena nggo lambang lamona masarakat Banyumas kuwe duwe sifat sing agung ya kuwe wani ngorbana nyawa lan ragane kanggo bumi wutah getihe. Degandhengna karo kahanan sing ana, kit gemiyen mula tokoh-tokoh nasional kaya dene Jend. Soedirman. Gatot Soebroto lan akeh maning sing asale sekang tlatah Banyumas, klebu anggota Pasukan IMAM (Merdeka Atau Mati) mbela negara lan masyarakat Indonesia tanpa pamrih.
7.    Neng kisah perjuangan Jaka Tinggkir arep ngabdi maring Kasultanan Pajang ana crita kebo ngamuk merga kupinge desumpeli lempung. Kahanan kuwe nduwe makna lamona masarakat Banyumas teyeng jengkel lan ngamuk angger nganti ora tau dewei ngerti samubarang kahanan, alias pemimpine ora jujur lan slinthutan.
Mangga depenggalih jajal, apa candra sing neng ndhuwur kuwe mau cocog kanggone wong penginyongan mligine tlatah Banyumas apa ora tek pasrahna maring rika kabeh. 





Kamis, 05 Mei 2016

WEDANG KOPI



Wedang kopi rupane ireng
najan ireng akeh wong seneng
nggawe padhang pikir sing peteng
nggawe esem rai sing njegutheng

Sore bengi esuk utawa awan
ora ndeleng wektu lan papan
medang kopi nyambi juguran
utawane desambi rembugan

Ana crita neng pos kamling
padha jaga mbok ana maling
medang kopi lawuhe klanting
ora eling sirahe dadi pusing

Wong tani karo ngopi rembugan
ora panen merga keblaburan
ora ana sing teyeng depangan
apa maning nggo nyaur utangan

Pedagang medang kopi karo jegang
ngresulah apa-apa regane larang
arep ngarah bathi ora kongang
mundhak sethithik sing tuku ngilang

Ora beda karo Sukir sing dadi supir
langka wong ngawe kon minggir
setarikan ora olih kopi secangkir
mung setoran sing terus depikir

Ana uga crita neng gang Sadar
medang kopi karepe ora mbayar
ora nawar langsung mlebu kamar
wis rampung terus mlayu ngithar

Dina prei medang kopi neng kantor
suguhane gule sate karo opor
jerene tah rapat masang proyektor
jebulane rembugan jamaah koruptor