Rabu, 29 Juni 2016

PLESIR



Wong Inggris nyebute jere pleasure
seneng-seneng ben dawa umure
silaturahmi ben akeh sedulure
ndeleng alam ben jembar pikire

Lelungan maring sejen panggonan
baline olih akeh pengalaman
weruh pemandangan sing maen pisan
karo ngrasakna werna-werna panganan

Malem minggu jere wengine dawa pisan
nom-noman padha merlokna pacaran
ngolet hiburan seminggu sepisan
sing ora pacaran juguran pinggir dalan

Akeh uga wong jagongan neng alun-alun
ketimbang neng umah mung ngalamun
bocah loro mlaku esih kudu detuntun
nangis njaluk tuku balon banyu sabun

Dina Minggu utawane dina ora kerja
akeh wong sing padha nguja lunga
nom-noman ndesa padha meng kota
jerene neng kota apa-apa ana

Sewalike wong kota maring karang perdesan
ndeleng sawah, kali utawane pegunungan
weruh tanduran sayuran karo woh-wohan
gawe legane ati uga ngadhemna pikiran

Beda karo jamaah mesjid Al Barokah
plesir kuwe padha karo wisata ziarah
maring makam wali ahli ngibadah
niate kirim donga ngalap berkah Allah

Sejen maning karo bocah sekolah
maring kota liya karo guru sekolah
kanggone bocah ben ngelmune tambah
kanggone wong tuwa anggaran tambah

Sejatine plesir, ples tambah sir seneng
ora mesthi kudu lunga alias ndhandheng
cukup neng umah asal atine tambah seneng
lanang wadon anak bojo ora pating greneng















 

Kamis, 16 Juni 2016

Konkurs Manuk Ocehan



Kadhang-kadhang inyong cokan krasa kangen karo kahanan jaman inyong bocah, taun seketan. Gagat esuk, jagone wis kluruk saut-sautan. Meh saben umah ngingu ayam lan seringe ya ngingu jago uga. Byar srengenge mlethek manuk sing neng wit-witan wis pating croet. Bebeke kaki Karya ya wis padha moni njaluk dempani. Kaki Karya tangga inyong pancen ngingu bebek akeh nggo endhog-endhogan.

Madan penther semendhing, langite biru, sekang kidul kulon ana barisan kuntul kanti vormasi sing maen pisan, bisa kaya aksara “V” utawa aksara “W”, mabur meng ngalor ngetan. Angger sore genti arah, balik sekang lor wetan maring kidul kulon. Jebulane kuntul-kuntul kuwe padha nginep neng wit ringin alun-alun Purwokerto. Rombongan kuntul padha mabur ngalor wetan nggolet sawah sing egin banyon, merga neg kono kuwe akeh pangan ana bancet, iwak lembutan utawa liyane.

Madan awan angger bar sekolah neng biyunge kon tunggu empe-empe (bakal lenga bothok) sing lagi depe kon garing, aja nganti padha decucuki gaok. Empe-empe kuwe degawe saka klapa dekum kon madan bosok terus deparud, debumboni apa inyong ora ngerti, tapi sing jelas ana yuyune barang. Bosokan klapa kuwe sing marahi ambune jan ora enak babar pisan. Tapi angger wis dadi bungkil, degoreng debumboni madan legi rasane malah dadi ngangeni.

Jaman gemiyen sering inyong weruh ana wong lanang loro manggul gantar dawa pisan, karo kandhang manuk sing ana isine, jerene kuwe jenenge tukang jontrot. Tukang jontrot kuwe wong sing pegaweane ngarah manuk nganggo pasangan pulut, depancing nganggo manuk adon. Manuk sing teyeng kecekel deingu nggo dedol.

Sayange jaman siki kayane wis langka manuk blekok, gaok. Semana uga tukang jontrot jaman siki ya wis langka, embuh neng daerah karang perdesan, sing egin akeh wit-witan dadi egin akeh uga manuk umbarane.

Ilange manuk-manuk ana kuntul, gaok utawa manuk liyane kayane merga wong tani padha nyempoti ama tanduran, apa kuwe neng sawah utawane neng kebon-kebon nganggo racun anti ama. Uler, walang padha mati kena racun. Lha tikus, uler, walang utawa lembutan liyane sing kena racun kuwe depangan neng manuk, sidane manuke padha melu mati.

Jaman gemiyen tah inyong angger kepengin krungu swara ocehan manuk ya kari metu maring kebon utawa neng sawah. Neng kebon bisa krungu swara manuk podhang, prenjak, platuk, gaok. Lha angger neng sawah bisa krungu ana manuk perkutut, dheruk, jalak, branjangan utawa liyane. Neng sawah uga bisa weru ana manuk kuntul, blekok, dok jali mabur mubeng-mubeng neng langit, utawane manuk sriti mabur sing jerene anu ngadhang udan.

Angger jaman siki sing wis langka manuk umbaran neng alam. dadine angger kepengin weruh utawa kepengin krungu swara manuk ya kudu teka maring papan lomba manuk, sing biasane deanakna neng dina Minggu utawa dina prei liyane. Neng kono bisa weruh lan krungu sewernane manuk, mung sayange swara manuk sering kalah seru karo swara ngorong-ngoronge wong-wong sing duwe manuk.
Sewijining dina, pas inyong nonton lomba manuk, karo nggendhong tangan inyong mlaku-mlaku nggatekna manuk-manuk sing lagi delomba kuwe. Ndilalah ketemu karo batir lawas, tek gablog pundhake karo tek takoni: “Kepriwe, melu ngetokna manuke apa?”. Kayong ora nganggo mikir, dheweke langsung semaur: “Ora lah .. isin ..”. Karo merek maring kuping inyong dheweke krisik-krisik: “Manuk inyong ora teyeng ngoceh”.



Jumat, 10 Juni 2016

Srandhal Bandhol



Paling kewes srandhal bandhol
tuku sepasang bisa denggo taunan
Aja ngenes darani endhas bagol
pancen kuwe gawan wetengan

Meng Ajibarang srandhale bandhol
anak mbarep srandhale werna jambon
Murah larang dunyane kabeh dedol
mung arep nggo mantu anak wadon

Maring Bogangin numpak motor mabur
srandhal bandhol deumpetna pramugarine
Bot-bote kepengin dadi kaji mabrur
kabeh dedol ora eling mengko mburine

Padha kloyong nganggo srandhal bandhol
gutul prapatan padha tiba kesrimped janur
Batir inyong umah karo mobil jere dedol
nggo pawitan gole arep nyalon gubernur

Angger kepegin mlayune banter
lha ya aja nganggo srandhal bandhol
Niate arep mbangun sport senter
dadine koh mung gedhong bodhol

Srandhal bandhol tuku neng Somagede
baline mampir ziarah neng Dawuhan
Jere si padha ngobrol ngrembug pe-a-dhe
jebule PAD: Pendapatan Anggota Dewan

Srandhal bandhol wernane abang
duwe akeh dadi teyeng nggo silihan
Aja ndhongkol utawa raine abang
kabeh mau anu mung nggo glewehan

Kecap santen mutahi srandhal bandhol
ana pulute debuang karo santen
Cekap semanten anggen kula ngobrol
salah lupute njaluk pangapunten


Sabtu, 04 Juni 2016

Alun-alunku



Kadhang inyong klecam-klecem mesem
ngadeg jejeg mbegegeg kaya tugu watu
unjal ambegan ngandheg ati medhedheg
nyethethek nyugeg utek sing lagi putek
kedhap-kedhep sekedhap madhep ngarep
menga-mengo meng ngiwe nengen
milang-miling kaya wong arep maling

Alun-alunku wis beda karo dhong bada
wis detata kaya alun-alun Purakerta
gili tengah wis debubrah ilang ora nggenah
ganti lidhigan amba langka sing ngambah
wit-witan detegor keton tenggar gilar-gilar
kari wringin kurung sing urung ngrembuyung
kaya wong bingung ora duwe batir srawung

Alun-alunku
siki wis keton sarwa anyar tenggar gilar-gilar
wis ngumur tapi keton kaya prawan kencur
keton ayu tapi ayuning wedhak pupur
kelalen maring asalmu lan kelalen usulku
Tirtakencana kota lama kota wisata nostalgia
sing wis kliwat seabad tan kena debabad

Alun-alunku
wis kaya kacang ninggal lanjaran
ora teguh cekelan waton tapi teguh waton cekelan
merga panas sedina banjur kelalen maring kulite
kelalen mring sujarah lan asal usule
madeg dhewek kaya Landa jaman semana
medhot tali gili lempeng angger dedeleng
sing nyambung gunung karo segara gung

Pemrentah Landa wektu semana
kanti mepet margi merga cupeting ati
medhot lawe wenang kanti sewenang-wenang
mung saperlu mangun gedhong agung
dalem residhen neng kidul lan kadipaten neng lor
amrih gampang gole nyawang
sapa sing mbangkang langsung detendhang