Kamis, 28 Juli 2016

KERTAS DLUWANG



Kemis Wage ....
bengine malem Jemuah Kliwon
wengi wening becik kanggo hening
deundang rubungan neng Kalibening

Jerene ….
Kalibening lagi madan ora bening
wong Kalibening madan puyeng
ora mudheng karo kersane ndara kanjeng

Kertas dluwang ….
pirang dasa warsa ingkang debuang
ora ana wong kang gelem nyawang
kaya kertas koran buntel kacang

Wis pirang-pirang puluh dasa warsa
kertas dluwang debenahi neng kana
neng senthong bareng puluhan pusaka
derumat kanti ridlo Allah sing Maha Esa

Siki mbareng wis terang ….
regane lewih larang
ketimbang duwit werna abang
mbanjur reka-reka gawe layang

Adhedhasar undhang-undhang
wong Kalibening ora wenang
nyimpen kertas dluwang
suwening suwe teyeng ilang

Wong Kalibening nlangsa
rumangsa bodho manggone neng desa
ora depercaya neng penguasa
sing suwene paling sedasa warsa

Duh Gusti Allah kula nyuwun ngapura
tiyang ndesa sing kurang tata trapsila
dereng saged damel suka panguwasa
tanpa gawe tuna wong desa ……