Selasa, 10 Juli 2018

IKET

Kiye crita lomboan .....
Dhong inyong neng Betawi tilik putu, inyong sempat numpak bis kota, mbareng mudhun iket inyong kecanthel lawang, dadine inyong ya ngorong-ngorong: " Ikeet .. ikeet ....." karo acung-acung meng iket sing cemanthel lawang....
Penjorangan banget ... ora ana wong sing gelem njiotna iket, malah iket inyong dejiretna neng lawang lewih kenceng maning ..... Jan sialan pisan rasane ....

Minggu, 08 Juli 2018

Kembang tinggalan

Angger weruh kembange dadi kelingan karo almarhumah, sing duwe ..... Al fatihah ..... Aamiin .....



Senin, 28 Mei 2018

RUNTAH



Runtah dadi rupiah

Ati rasane trenyuh, weruh kota merah-meruh
kaya klambi ora tau dewasuh, lusuh kaya susuh
embuh, deneng koh ora ana sing aruh-aruh
weruh kota merah-meruh, atine dadi kesuh
apa ngganen wis langka panggonan nggo lebuh.

neng kota runtah njeprah mambrah-mambrah
saben dina ora suda, malah terus tambah
ora tuwa ora bocah, ora babah ora nyonyah
man Sariman, yu Sarinah karo mbok Siah
mung mecucu, jere pemerintah sing salah

Mbok aja padha nggolet sapa sing salah
aja nunggu ndadak nganggo deprentah
mayuh gemregah, kit bocah gutul si mbah
sikil jemangkah tangan obah, uteke polah
milih, milah, deolah, runtah dadi rupiah

Runtah deolah dadi rabuk tanduran
saka sayuran, woh-wohan lan pethetan
saben sore desapu ilang kabeh kotoran
elinga, keresikan sebagian saka iman  

Runtah plastik dewalik dadi migunani
bisa mbantu kebutuhan ekonomi
ora ketang mung uyah karo trasi
sukur bage bisa tuku angkot utawa taksi
r
Angger runtah wis ilang,
kotane padhang jingglang
enak angger desawang
kaya wong wis tanpa utang

Griya NEKULA, 28 Mei 2018

Sabtu, 14 April 2018

RA. Kartini mongkog apa ngajog ....



upamane RA Kartini egin sugeng nganti siki
apa sing depenggalih Ibu Kita Kartini
mongkog apa ngajog
mbuh, nyong ora weruh

Jaman kemajuan
emansipasi wis keleksanan
babagan kebisan,
apa-apa bisa kesembadan

Bocah wadon kaya lanangan
jaritan jere angel pisan
kon jaritan ben keton wadon
malah mangkat meng salon

weruh gelung jere bingung
kon nganggo kebayak
jere kaya kethoprak
kon nyambel jere sebel
dekon njangan, jere luwung njajan

Eman-eman jan eman-eman pisan
siki jaman kemajuan apa jaman edan
wong urip kayong ora nganggo aturan
jerene si ... wolak waliking kahanan

Urip mung sepisan
kayong padha nggo dolanan
kaya tuku pakean apa panganan
nganggo jajalan utawa cicipan

Bocah dolan ndina mbengi
umah kaya dene mesin cuci
mlebu belok, metu wis wangi
ngerti-ngerti nangis wetenge wis isi

Wong tuwa teyenge mung ngelus dhadha
pasrah maring sing Maha Kuwasa
nyuwun ngapura
sedaya lepat lan dosa kula.

Purwokerto, 13 April 2018

Jumat, 30 Maret 2018

SLIRAMU




Aku tetep kelingan sliramu
kit esuk umun-umun gutul bengi mapan turu
esuk-esuk wis nggugah subuhan
jam sanga prentah aku kon olah raga
medang kopi aja legi-legi, wedang teh ora gulahan
Awan-awan arep mangan aku kelingan
jangan lodheh kon ora santenan
aku neng kulah sliramu neng sebelah
jam papat sliramu gemanthil neng mripat
Jam pitu seprapat aja keliwat ngombe obat
bengi-bengi rasane sliramu neng jero radio
tengah wengi sliramu gemlindhing
semandhing dadi guling pengeling

Al-Faatihah
...........................
Purwokerto, 29 Maret 2018