Minggu, 12 Oktober 2014

JAGO KATE

Jago Kate ....

Pawakanmu ya gagah senajan ora segagah gajah
Rupamu ya bagus senajan ora tau adus
Klurukmu lantang senajan ora panjang 
 Mung sayang, wanine mung neng longkrang 
Jajal ngeneh metu neng alam padhang ...

Utekmu cerdhas akeh sing degagas .. 
Aja mung neng pesbuk nulis status karo umuk
Gawea blog ben ora keton goblog
Nulis neng koran ben dewaca lawan lan kawan
Syukur gawe buku ben teyeng dewaca anak-putu ....