Sabtu, 14 April 2018

RA. Kartini mongkog apa ngajog ....



upamane RA Kartini egin sugeng nganti siki
apa sing depenggalih Ibu Kita Kartini
mongkog apa ngajog
mbuh, nyong ora weruh

Jaman kemajuan
emansipasi wis keleksanan
babagan kebisan,
apa-apa bisa kesembadan

Bocah wadon kaya lanangan
jaritan jere angel pisan
kon jaritan ben keton wadon
malah mangkat meng salon

weruh gelung jere bingung
kon nganggo kebayak
jere kaya kethoprak
kon nyambel jere sebel
dekon njangan, jere luwung njajan

Eman-eman jan eman-eman pisan
siki jaman kemajuan apa jaman edan
wong urip kayong ora nganggo aturan
jerene si ... wolak waliking kahanan

Urip mung sepisan
kayong padha nggo dolanan
kaya tuku pakean apa panganan
nganggo jajalan utawa cicipan

Bocah dolan ndina mbengi
umah kaya dene mesin cuci
mlebu belok, metu wis wangi
ngerti-ngerti nangis wetenge wis isi

Wong tuwa teyenge mung ngelus dhadha
pasrah maring sing Maha Kuwasa
nyuwun ngapura
sedaya lepat lan dosa kula.

Purwokerto, 13 April 2018