Kadya Mahesa Cinancang Dhadhung Adi
Sebagian
masarakat neng tlatah Banyumas ngakoni lamona Bawor anake ki Semar Badranaya
kuwe jimat utawa maskote masarakat tlatah Banyumas. Bawor nduwe sifat jujur,
cablaka alias angger ngomong kuwe glogok soar apa anane. Ningen ana uga sing
ngarani lamona Bawor kuwe nduwe sifat clamit kayong mata dhuwitan.
Kejaba Bawor dadi
maskote wong Banyumas, ningen ana uga sing ngomongna lamona jaman gemiyen
Sultan Agung ing Mataram nate ngendika lamona masarakat Banyumas kuwe decandra:
”kadya
mahesa cinancang dhadhung adi”
utawa kaya kebo sing decancang nganggo dhadhung sing maen. Pancene ya ana
wong sing ora cocok karo penyandra sing kaya kuwe
Dene sing
demaksud dhadhung adi kuwe aturan-aturan sing lemaku neng masarakat lan negara.
Kanti kaya kuwe dadi sing demaksud kadya mahesa cinancang dhadhhung adi kuwe
lamona masarakat Banyumas kuwe manut utawa tunduk, taat maring aturan-aturan
sing ana lan lemaku neng masarakat.
Angger
deplecehi temenan, kebo kewan sahabate wong tani kuwe nduwe sifat-sifat sing
maen, ya kuwe:
1.
Awake sing gedhe ateges daginge sing akeh lan tenagane sing
kuwat dadi nggo megawe kuwe rosa. Nganggo tembung liya kena dearani lamona kebo
kuwe sawijining potensi sing cukup gedhe. Kahanan sing kaya kiye nandhakna
lamona tlatah Banyumas kuwe arupa sawijining potensi apa kuwe sumber daya alame
uga sumberdaya menungsane sing ora baen-baen.
2.
Kebo kuwe kewan sing ora tahan maring hawa panas, angger
denggo megawe, sedhe-sedhela njaluk deguyang ben adhem maning. Kahanan kuwe
nglambangna lamona masarakat Banyumas kuwe ora tahan maring kahanan sing panas.
Angger ana masalah derampungna kanti rempugan, gendhu-gendhu rasa, ”ana rembug
ya derembug”. Demonstrasi kurang desenengi. Ayem tentrem sing degoleti.
3.
Kebo kuwe kewan sing duwe rasa males kebecikan. Neng
pangonan, kebo mangan suket lan biasane si pangone njagong kepenak neng gigire
kebo. Kahanan kuwe mertandhani lamona kanti iklas males kebecikan maring wong
sing aweh utawa nudhuhna pangane utawa penguripane. Apa wong Banyumas ya kaya
kuwe, jajal ngonoh takon maring atine dhewek-dhewek.
4.
Kebo kuwe duwe sifat disiplin. Saben sore sewise dengon.
kebo mesthi deguyang neng kali. Bar deguyang kebo deculna teyeng bali dhewek
maring kandhange kanti bener ora kesasar. Sejan-jane masarakat Banyumas kuwe ya
duwe rasa disiplin, buktine mbayar PBB (Pajak Bumi dan Bangunan) bae umume
lancar ora nunggak.
5.
Neng masarakat Jawa ana onen-onen: ”kebo nusu gudel”,
angger paribasan kuwe lemaku neng tlatah Banyumas uga, tegese wong Banyumas
kuwe cukup demokratis, gelem ngrungokna lan gelem nampa penemune utawa
pemikirane wong sejen sing posisine neng ngisore.
6.
Neng masarakat Jawa umume mligine neng tlatah Banyumas,
ana tradisi sedhekah bumi kanti mendhem endhas kebo, dudu endhas sapi, wedhus,
jaran utawa kewan liyane. Kahanan kuwe kena nggo lambang lamona masarakat
Banyumas kuwe duwe sifat sing agung ya kuwe wani ngorbana nyawa lan ragane
kanggo bumi wutah getihe. Degandhengna karo kahanan sing ana, kit gemiyen mula
tokoh-tokoh nasional kaya dene Jend. Soedirman. Gatot Soebroto lan akeh maning
sing asale sekang tlatah Banyumas, klebu anggota Pasukan IMAM (Merdeka Atau
Mati) mbela negara lan masyarakat Indonesia tanpa pamrih.
7.
Neng kisah perjuangan Jaka Tinggkir arep ngabdi maring
Kasultanan Pajang ana crita kebo ngamuk merga kupinge desumpeli lempung.
Kahanan kuwe nduwe makna lamona masarakat Banyumas teyeng jengkel lan ngamuk
angger nganti ora tau dewei ngerti samubarang kahanan, alias pemimpine ora
jujur lan slinthutan.
Mangga depenggalih jajal, apa candra sing neng ndhuwur
kuwe mau cocog kanggone wong penginyongan mligine tlatah Banyumas apa ora tek
pasrahna maring rika kabeh.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar