Kamis, 21 Mei 2015

BENTHIK

Dolanan bocah sing ngemu piwulang werna-werna

Cara jaman sikine, gole ngarani jere benthik kuwe klebu dolanan sing murah meriah. Lha ora arep darani ora meriah kepriwe wong sing dolanan benthik kuwe ora trima mung bocah loro, bisa nganti bocah sepuluh sing debagi dadi rong regu. Pancen jaman gemiyen kena darani ora ana dolanan sing nggo dhewekan, paling ora ya bocah loro, ora kaya dolanane bocah jaman sekiye, nggesruk dhewekan neng senthong. Lewih meriah maning angger dolanan benthik kuwe anu pertandingan utawa tantangan antarane tlatah siji karo tlatah liyane, ya ora ketang tlatah grumbul utawa kopak, mesthi padha nggawa kanca-batir kon padha nonton.
Arep ora murah kepriwe wong mung modhal bilah rong ler, siji dawa karo sijine sing cindhek. Sing dawa ana sing ngarani wilahan dawane watara 50 – 60 cm, dene sing cindhek dejenengi anakan, ukurane biasane sepertelone sing dawa. Ngarah gampange, sing degawe dhisit ya sing cindhek (anakan), tembe gawe sing dawa kanti ukuran ping telune sing cindhek. Dene bahane bisa sekang kayu utawa sekang pring, sing cara inyong gemiyen anu ndadak nyemplek gethek, utawa ndadak nggolet bodholan garan sapu. Kejaba kuwe butuh watu gragal sing meh padha gedhene nggo ganjel anakan angger arep decuthat, karo pethilan genheng nggo papan anakan angger arep pecak lele.
Sedurunge dolanan benthik demolahi, bocah-bocah padha rembugan babagan aturane, seregu kudu ngumpulna biji pira. Babagan aturan dolanan kabeh bocah wis ngerti, dadi ora perlu derembug aning. Bocah-bocah banjur padha nggolet incon (pasangan) dhewek-dhewek sing sekirane babag. Bar kuwe terus padha pingsut karo incone dhewek-dhewek, sing kalah ngumpul karo sing kalah, sing menang ngumpul karo sing menang, terus salah sijine, biasane sing duwe jiwa pemimpin detunjuk dadi pempine, sing cara jaman siki jere dadi kaptene. Lha sapa sing detunjuk dadi pemimpin regune kuwe banjur pingsut nggo nentokna regu endi sing arep labuh utawa main dhisit. Lha tembe dolanan benthik demolahi.
Sejan-jane dolanan benthik kuwe dolanan balapan ngumpulna biji utawa angka kanti nglakoni telung (3) polahan yakuwe: (1) cuthat; (2) iler lan (3) pecak lele, sing neng tlatah sejen dejenengi patil lele.
(1)  Cuthat, yakuwe nyuthat anakan sing wis detumpangna neng gragal sing dejejerna, nganggo wilahan sing wis desedhakna. Gole nyuthat degawe serosa-rosane ben seadoh-adohe lan golet panggonan sing dijrah ora teyeng depancak nang bocah-bocah sing lagi jaga. Angger nganti kepancak, berarti bocah sing main kuwe mati, ora olih nerusna polahan sebanjure. Ningen angger ora kepancak, sing jaga mbalangna anakan kuwe temuju maring wilahan sing wis depasang neng ndhuwur gragal. Angger nganti kena berarti sing main mati, Angger sing jaga teyeng mlodhosna anakan maring ngisor wilahan kanti ora nibakna wilahan, kejaba sing lagi main kuwe mati, juga sing jaga kuwe olih biji.
(2)  Iler, yakuwe nampok anakan nganggo wilanhan. Anakan desogna neng gigir tlapakan tangan, deumbulna semendhing terus detampok laro wilahane. Angger anakan kuwe gisa kepancak neng sing jaga, sing jaga olih biji lan sing main mati, tapi angger ora kepancak anakan kuwe debalangna deusahakna ben mandhege anakan kuwe seperek-pereke karo gragal sing dejerna mau. Lha sing labuh utawa sing main usaha nampok anakan kon ora cedhek karo gragal mau. Sekang panggonan mandhege anakan terus deukur maring panggonan gragal, ketemu pirang tiban kanggo bijine. Gole ngukur kuwe kudu jujur, ora kena menggak-menggok lan wilahan kudu temapak bener neng lemah. Mulane sing jaga kudu ngematna temenan apa gole ngukur kuwe bener apa ora, utawane gole ngetung kuwe nyathut apa ora. Angger dhong iler tibane anakan kuwe ora adoh sekang gragal, lan sing jaga sanggup mlumpati, kuwe sing main mati lan sing jaga uga olih biji, lan bijine kuwe lewih gedhe ketimbang biji plumpatan cuthatan.
(3)  Pecak lele, patil lele utawa cakle, yakuwe mbenthong anakan, angger wis mumbul terus detampok nganggo wilahan. Angger sing labuh kuwe ora teyeng nampok anakan, mati. Gole nampok kuwe ora kudu ping sepisan, tapi olih nggo dolanan dhisit sebisane, tembe detampok seadoh-adohe sekang gragal sekloron. Sengsaya sering gole nampoki anakan, bijine sengsaya gedhe. Sing jaga ngupaya teyeng mancak anakan. Angger anakan kena depancak sing main mati lan sing masang/jaga olih biji. Angger ora kepancak papan mandhege anakan gutul papan jejeran gragal deukur nganggo wilah sing bijine gemantung akehe ping pira gole teyeng nampok anakan sedurunge detampok adoh (tampokan sing pungkasan). Padha karo neng cuthatah utawa iler, neng pecak lele angger nampoke anakan tibane ora adoh sekang jejeran gragal lan teyeng deplumpati neng sing jaga, berarti sing main kuwe mati, lan sing jaga olih biji sing akehe lewih gedhe ketimbang plumpatan neng iler utawane cuthatan.
Kaya kuwe seteruse genti-genten bacah siji karo sijine nganti kabeh bocah seregu mati kabeh, tembe gentenan regu sing mau jaga/masang gentenan main utawa labuh. Tapine angger urung nganti kabeh mati koh regu sing labuh kuwe wis teyeng ngumpulna biji utawa angka sing desepakati sedurunge labuh, berarti regu kuwe menang lan lawane kena ukuman. Dene ukumane kuwe bisa gendhongan utawa mung pengakuan lamona regu kuwe kalah, lan dolanan bisa deterusna maning nganti padha bosen utawa kesel.
Kanti ndeleng kahanan sing ketulis neng ndhuwur kuwe, jebule dolanan benthik kuwe akeh wulangan sing migunani pisan kanggone bocah-bocah, yakuwe bocah delatih/deajari kon:
1.  srawung, guyub-rukun kerja bareng  karo kanca-batir sing sepantaran;
2. berdemokrasi: milih pimpinan, nggawe aturan bareng-bareng, delakoni bareng lan angger ana sing nglanggar kena ukuman;
3.  berperilaku utawa tumindak jujur, ora curang utawa nglomboni maring kanca-batire;
4.  ngakoni menange wong liya lan ngakoni kalahe dhewek kanti nglegawa;
5.  pinter ngetung mligine neng ping-pingan karo gunggungan;
6.  cukatan, trengginas mligine neng nggon: nyuthat, mlumpat, nampok, mancak karo ngincer.


Nyuthat

Iler
 

 Pecak lele

Tidak ada komentar:

Posting Komentar