Pancen
wis lawas anggon inyong nyimpen
tek
simpen neng nggon sing paling primpen
ben ora
konangan sinten-sinten
senajan inyong niliki ra saben dinten
Ndeleng
rupamu inyong ajeg seneng
senajan
rupamu mung putih karo ireng
ibarat
kaya enjet karo areng
ningen resep desawang
neng remeng-remeng
Kanti
nyawang potret lawas
kelingan
karo kanca batir lawas
dhong
sekolah bareng sekelas
padha
bandhem-bandheman kertas
njeprah
mlarah-mlarah neng jero kelas
merga pak lan bu guru
rapat kenaikan kelas
Neng
larikan kiwe bangku nomer loro
bangku
siji dejagongi bocah loro
inyong
karo Tuminah bocah asli Solo
njagong jejeran senajan
ora dadi gaco
Omong
werna-werna kayong ora tau entong
ibarat
sekang latar, bale, gutul senthong
utawa
sekang rambut, gulu, gigir, gutul bokong
mung ati dheg-dhegan
sing ora deomong
Ora
mlebu sedina kayong krasa tuna pisan
ora
ketemu seminggu rasane kaya taunan
nganggo
alasan nyocogna buku garapan
sing
penting pedhekan sukur teyeng senggolan
kaya kuwe saben dina
nganti tekan wektu ujian
Bar
kuwe terus pisah merga beda kuliah
puluhan
taun ora srawung ora ngambah umah
kabar
pungkasan Tuminah wis almarhumah
kanti ati
lungkrah pasrah mring Gusti Allah
muga-muga
khusnul kotimah ……..
Tidak ada komentar:
Posting Komentar