Sarapan Siki Mengko Kencot Maning
Ora
kaya pirang taun kepungkur, wektu siki tembung blusukan wis ora kepetung aneh
maning neng kupinge wong Indonesia, klebu uga wong Indonesia sing manggon neng
njaba negara. Tembung blusuklan molahi rame deomong wong kena dearani bareng mucule
bapak Joko Widodo (sing lewih akrab desebut Jokowi) mlebu neng Jakarta arep nyalon
Gubernur DKI.
Tembung
blusukan asale saka tembung blusuk, sing deturuna dadi tembung-tembung:
keblusuk, blusukan, blasak-blusuk. Sengerti inyong “keblusuk” nduweni teges ora
kejarag mlebu neng panggonan sing ora biasa deambah merga kahanane ora pantes
deambah.
Tembung
“blusukan” tegese sengaja ngambahi panggonan-panggonan sing ora biasa deambah
kanti maksud lan tujuan nggolet kabar lan kahanan sing lewih jelas cocok karo
kasunyatane. “Blasak-blusuk” ngemu karep gole blusukan kuwe wis delakoni ping
kopang-kaping lan ora mung neng panggonan sing padha. Angger neng kantoran ana
istilah “sidak” alias inspeksi mendadak utawa ngecek dadakan.
Sing
sejan-jane si wis kit jaman kuna wis ana
pejabat sing nglakoni blusukan kaya kuwe, mung sebutan utawa istilahe dudu
blusukan Gemiyen ana istilah “turba”,
turun ke bawah (mudhun ya meng ngisor, anger meng dhuwur jenenge munggah).
Lewih kuna maning cokan desebut nganggo tembung “:jlang”
Inyong
egin kelingan dhong jaman inyong bocah, tau decritani rama inyong, lamona mau
bengi watara jam sijian pak bupati jlang pirsa neng bale ana wong lagi padha
juguran langsung pinarak neng bale mung dondon salaman. Wong-wong sing desalami
ora ngerti lamona wong sing teka kuwe pak bupati, sing mung bengkung sarung, topi
gabus ngagem hem putih model Bung Karnoan. Pak bupati dedherekna ajudan tindak
ora nitih mobil.
Sejen
maning critane uwa inyong, uwa Tarwan sing tau ngasta dadi camat neng Kedungbanteng
utawa neng Tambak. Sewijining esuk pak bupati nyamper pak camat arep blusukan
neng panggonan sing kenang banjir. Pak bupati kayong wis siap pisan, wis ngasta
sepatu sing dhuwur nggo nutupi pantalone ben ora belok merga kenang belet.
Sejrone
mriksani korban banjir kuwe pak bupati bener-bener blusukan, blasak-bluksuk mlebu
ngumah sing kebanjiran nganti keblusuk-blusuk neng beletan sing jerone nganti
sendhuwur entho-entho, lan sepatune blepot neng belet.
Sewise
derasa cukup gole blusukan ketemu lan paring pangandikan maring para korban kon
sing sabar, uga paring pitudhuh maring wong-wong sing nyambut gawe ngatasi
akibat banjir, pak bupati ngersakna munggah. Gutul ndhuwur mampir warung
nimbali ajudan ngersakaken ganti sepatu. Sepatu sing belok kon dekumbah, ganti
sepatu bersih sing mau detinggal neng mobil.
Sewise
madan suwe lan gole ngaso (ngunjuk, dhahar) derasa wis cukup, pak bupati
jengkar niat nerusna blusukan maning neng desa sejen sing ana pereng gugur.
Gutul njaba pak bupati nakokna sepatu sing kon dekumbah arep deagem maning,
ningen ajudane urung ngumbah sepatu kuwe, lan semaur: “Mangke mawon, dekumbah
seniki mangke nggih blepot malih”.
Karo
mesem pak Bupati manthuk-manthuk terus ngejek mangkat maning maring desa sejen
sing kena bencana. “Lha dalem dereng sarapan” atur si ajudan. Pak bupati
cepet-cepet mangsuli: “Ora papa, sarapan siki, mengko ya kencot maning” karo
tindak maring mobil.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar