Kamis, 11 Februari 2016

Krupuk Pastah Sekang Limbah Dadi Rupiah



Kit jaman kuna makuna, kayane kit jaman Landa, jaman inyong bocah taun seketan, tahu Karangsari wis kondhang. Kit sekang Kroya, Cilacap gutul Slawi, Tegal ngerti tahu Karangsari, Sing sebenere tahu Karangsari kuwe ora degawe neng desa Karangsari dhewek, ningen degawe neng desa Kalisari kecamatan Cilongok, tangga desa karo desa Karangsari.
Jaman inyong bocah, dhong inyong dadi pandhu Pramuka siki), inyong deajari nembang: “Dorong putar tarik .. dorong putar tarik .. saya sudah tahu kedele jadi tahu” kaya kuwe karo tangan lan aweke obah nirokna wong muter watu gilingan tahu. Pancen tahu kuwe degawe sekang kedhele sing degiling nganti lembut pisan decampur banyu terus degodhog, desaring nggo misahna antarane ampas  karo tahune. Tahune degawe panganan, ampase (ranjem utawa themlek) nggo pakan kewan, utawane panganan masarakat kelas ngisor.
Panganan sekang themlek utawa ranjem kuwe angger depangan seret neng gulu, mulane kudu sedhia banyu nggo nggontor ben teyeng mlebu weteng, Ningen beda karo panganan sekang ampas tahu liyane, krupuk pastah kuwe ora nyereti, kejaba renyah, uga gampang luntur. Demut neng ilat sedhela baen wis luntur, langsung bisa lan gampang deleg.
Jaman siki ampas tahu wis bisa degawe panganan sing madan mreyayeni, yakuwe degawe krupuk pastah. Beda karo krupuk liyane, krupuk pastah pancen egin aneh utawa asing neng kuping apa maning neng ilat.. Sepisanan inyong weruh karo nyicipi rasa krupuk pastah kuwe wis watara 9 wulan kepungkur, yakuwe pas kumpulan “Stupa Mas” neng pendapa Duplikat Si Panji Banyumas,
Wektu samana gendhu-gendhu rasa ngrembug babagan acara sing ajeg deanakna saben tanggal 27 Puasa yakuwe acara “Pengetan Jumenengan Adipati Mrapat”. Gandheng acarane penting dadi sing nekani ya ora mung warga kota Banyumas lan sekubenge, ningen ana uga nom-noman sekang Sokaraja, Purwokerto, Cilongok. Babagan suguhan biasane “bantingan” utawa urunan, ana sing nyuguh wedang teh karo kopi lan mas Indra sekang Cilongok nggawa krupuk pastah.
Inyong nyicipi sepisan krasa enak lan doyan, terus inyong nguja tuku langsung neng Kalisari sing niate arep njajal nggo nyuguh dhayoh angger pas bada. Temenan, pas bada kejaba ana panganan standard suguhan bada yakuwe: nastar, kue semprit, kastengel, apel bolen, roti kacang lan liya-liyane uga detambahi krupuk pastah.
Ora ngira ora nyana, suguhan sing wis cemawis neng meja sing paling laris ya krupuk pastah kuwe. Jerene panganan sing aneh, beda karo panggonan liya. Ora nganti 4 dina krupuk 5 ples wis entong lan kudu nggoreng maning, Alhamdulillah. Jangan buncis, iwak bandeng, suguhan laris ati inyong seneng.
Miturut pak Kusno, juragan krupuk pastah, carane nggawe krupuk pastah kuwe ora angel. Ampas tahu (ranjem) debumboni terus decetak kaya bata madan cilik lan madan kandel kira-kira ukuran watara 10 X 10 X 20 cm. Bar kuwe terus derajangi, gole ngrajang nganggo mesin ben kandel tipise bisa padha. Sewise derajang langsung depepe neng latar nganti garing. Sewise garing terus dewadhahi kantong plastik sekanthong isine 100 gram.
Pak Kusno crita uga lamona pesenan krupuk pastah kuwe sengsaya akeh, nganti cokan kewalahen, mligine angger mangsan wong mbarang gawe. Wektu siki neng desa-desa krupuk pastah wis biasa delebokna kanthong nggo olih-olih wong kondangan. Jane si ya patut uga angger krupuk pastah kuwe nggo olih-olih wong plesiran, panganan khas Banyumas.

  Pak Kusno juragan krupuk pastah





Tidak ada komentar:

Posting Komentar