Kadhang-kadhang
inyong cokan krasa kangen karo kahanan jaman inyong bocah, taun seketan. Gagat
esuk, jagone wis kluruk saut-sautan. Meh saben umah ngingu ayam lan seringe ya
ngingu jago uga. Byar srengenge mlethek manuk sing neng wit-witan wis pating
croet. Bebeke kaki Karya ya wis padha moni njaluk dempani. Kaki Karya tangga
inyong pancen ngingu bebek akeh nggo endhog-endhogan.
Madan penther
semendhing, langite biru, sekang kidul kulon ana barisan kuntul kanti vormasi
sing maen pisan, bisa kaya aksara “V” utawa aksara “W”, mabur meng ngalor
ngetan. Angger sore genti arah, balik sekang lor wetan maring kidul kulon.
Jebulane kuntul-kuntul kuwe padha nginep neng wit ringin alun-alun Purwokerto.
Rombongan kuntul padha mabur ngalor wetan nggolet sawah sing egin banyon, merga
neg kono kuwe akeh pangan ana bancet, iwak lembutan utawa liyane.
Madan awan angger bar
sekolah neng biyunge kon tunggu empe-empe (bakal lenga bothok) sing lagi depe
kon garing, aja nganti padha decucuki gaok. Empe-empe kuwe degawe saka klapa
dekum kon madan bosok terus deparud, debumboni apa inyong ora ngerti, tapi sing
jelas ana yuyune barang. Bosokan klapa kuwe sing marahi ambune jan ora enak
babar pisan. Tapi angger wis dadi bungkil, degoreng debumboni madan legi rasane
malah dadi ngangeni.
Jaman gemiyen sering
inyong weruh ana wong lanang loro manggul gantar dawa pisan, karo kandhang
manuk sing ana isine, jerene kuwe jenenge tukang jontrot. Tukang jontrot kuwe
wong sing pegaweane ngarah manuk nganggo pasangan pulut, depancing nganggo
manuk adon. Manuk sing teyeng kecekel deingu nggo dedol.
Sayange jaman siki
kayane wis langka manuk blekok, gaok. Semana uga tukang jontrot jaman siki ya
wis langka, embuh neng daerah karang perdesan, sing egin akeh wit-witan dadi egin
akeh uga manuk umbarane.
Ilange manuk-manuk
ana kuntul, gaok utawa manuk liyane kayane merga wong tani padha nyempoti ama
tanduran, apa kuwe neng sawah utawane neng kebon-kebon nganggo racun anti ama.
Uler, walang padha mati kena racun. Lha tikus, uler, walang utawa lembutan
liyane sing kena racun kuwe depangan neng manuk, sidane manuke padha melu mati.
Jaman gemiyen tah inyong
angger kepengin krungu swara ocehan manuk ya kari metu maring kebon utawa neng
sawah. Neng kebon bisa krungu swara manuk podhang, prenjak, platuk, gaok. Lha
angger neng sawah bisa krungu ana manuk perkutut, dheruk, jalak, branjangan
utawa liyane. Neng sawah uga bisa weru ana manuk kuntul, blekok, dok jali mabur
mubeng-mubeng neng langit, utawane manuk sriti mabur sing jerene anu ngadhang
udan.
Angger jaman siki
sing wis langka manuk umbaran neng alam. dadine angger kepengin weruh utawa
kepengin krungu swara manuk ya kudu teka maring papan lomba manuk, sing biasane
deanakna neng dina Minggu utawa dina prei liyane. Neng kono bisa weruh lan
krungu sewernane manuk, mung sayange swara manuk sering kalah seru karo swara ngorong-ngoronge
wong-wong sing duwe manuk.
Sewijining dina, pas inyong nonton lomba manuk,
karo nggendhong tangan inyong mlaku-mlaku nggatekna manuk-manuk sing lagi delomba
kuwe. Ndilalah ketemu karo batir lawas, tek gablog pundhake karo tek takoni:
“Kepriwe, melu ngetokna manuke apa?”. Kayong ora nganggo mikir, dheweke
langsung semaur: “Ora lah .. isin ..”. Karo merek maring kuping inyong dheweke
krisik-krisik: “Manuk inyong ora teyeng ngoceh”.