Kamis, 02 Juni 2016

KDB .... Kathoke Dadi Bolong



Pancen neng aturane si kabeh anggota RT ya kuwe Kepala Keluarga (KK) wajib nekani kumpulan warga. Ningen biasane ora kabeh warga utawane kabeh somah alias KK teka neng kumpulan kuwe. Kejaba merga lagi ana alangan utawa kepentingan uga wong sing wis metu linthingan arisane utawane wong sing males nyicil utange, banjur padha bebeh teka neng kumpulan.
Neng RT nggon inyong, RT. 01 RW. 04 Kelurahan Pabuwaran Purwokerto Utara nganakna kumpulan warga kuwe saben tanggal 5 saben wulane, demolahi watara jam setengah sanga bengi nganti rampung, ora mesthi jam pira, gemantung akeh orane lan penting orane sing dadi bahan rembugan.
Sewijining bengi, sing jelas ya tanggal 5 bengi, mung inyong kelalen wulane, taune ya taun siki baen. Kumpulan RT nggon inyong keton madan regeng. Mbuh merga apa, sing jelas bengi kuwe sing teka lewih akeh ketimbang biasane. Kejaba derawuhi neng pak Lurah, klebu inyong sing sering kelalen (maklum wis ora dadi wong gajihan), ndilalah kemutan bengi kuwe tanggal 5 dadi inyong merlokna mangkat idhep-idhep ngibadah silaturahmi karo tangga teparo.
Sewise acara debukak neng sing duwe umah, deterusna sambutan-sambutan sekang RT., RW. lan Kelurahan. Pak RT. krasa seneng lan marem merga senajan ora malem prei tapi warga sing teka akeh, dene pak RW. mung weling kegiatan sing mlaku kanti apik kudu deterusna lan sing urung apik kon deapiki.
Dene bapak Kepala Kelurahan sesorah babagan pemerintahan, mligine babagan Raperda RDTRK (Rencana Detail Tata Ruang Kawasan) Perkotaan Purwokerto, sing wektu semana lagi debahas neng Dewan. “Kanggene warga kita wajib nyengkuyung, lan napa niku RDTRK kula suwun pak Nardi mbeberaken kangge kita sedaya”.
Inyong ketiban sampur, kon melu ngomong neng kumpulan kuwe. Neng batin inyong moni: “Lha ya ora mungkin pisan wektu 15 – 20 menit koh kon crita babagan RDTRK”. Mulane sewise uluk salam inyong ya njaluk pangapura gandheng wektune sing mung semendhing pisan mbangkane isi RDTRK kuwe akeh pisan, pepek pisan dadine tek pilih sing penting pisan kanggone masarakat ya kuwe babagan KDB utawa Koefisien Dasar Bangunan.
Koefisien Dasar Bangunan (KDB) deukur nganggo persentase (%), sing maksude kita masarakat ora olih mbangun umah ngentongna kabeh ambane pekarangan.  Pirang persen jembare pekarangan sing nggo dedegi bangunan umah, lan lewihane pirang persen sing ora olih dedegi umah, kabeh mau wis deatur neng RDTRK.
Babagan KDB biasane deatur dadi 3 ya kuwe: (1) KDB endhep kuwe KDB kurang 40%; (2) KDB medhengan kuwe antarane 40% - 60%; (3) KDB dhuwur kuwe 60% - 80%. Dadi umpamane KDB 40% kuwe maksude umpamane pekarangan 100 M2, sing olih dedegi umah ya mung 40 M2, liyane nggo ruang bukakan.
Kanti anane pekarangan kosong utawa ruang bukakan (ora dedegi umah) kuwe mau marahi banyu udan teyeng langsung remesep meng jero lemah, hawa bersih teyeng liwat meng jero umah. Semana uga padhang karo angete sorot srengenge teyeng mlebu ngumah, sing kabeh mau umahe marahi dadi, seger, padhang, sehat adoh sekang penyakit.
Anane pekarangan kosong utawa sing biasa desebut ruang terbuka hijau pribadi kuwe mau bisa degawe plataran nggo panggonan bocah dolanan, taman nggo nambah asrining pekarangan, kebon nggo nandur wowohan utawa tanduran liyane kayata nandur sayuran utawa empon-empon sing migunani kanggone keluwarga.
Kejaba kuwe, anane seperangan pekarangan sing dekosongi kuwe uga kena nggo nyegah mrembete geni maring tangga jejer umah saupamane ana kobongan umah. Kanti tembung sejen anane ruang terbuka kuwe nduwe maksud nggo melokalisir bahaya kebakaran.
Lagi bae inyong arep ngomong sapa sing arep takon babagan KDB, ndilalah ana swara wong ngorong-ngorong: “Tulung .. tulung ….”  Wong-wong sing kumpulan kaget kabeh, jebulane pak Salam Mulyaji, sing kit mau ngantuk karo nyekel udud. Mbareng udude gigal nibani pupune, kaget dhewek.
Pak RT.  takon: “Ana apa si pak Salam?”. Pak Sakam semaur: “Niki kula ngimpi umahe kebakaran, jebulane anu udude sing nibani kathok, niki kula kathoke dadi bolong”. Karo gemuyu pak RT. mangsuli: “Pak Salam, KDB kuwe artine Koefisien Dasar Bangunan, dudu .. Kathoke Dadi Bolong”.
 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar