Kamis, 16 Juni 2016

Konkurs Manuk Ocehan



Kadhang-kadhang inyong cokan krasa kangen karo kahanan jaman inyong bocah, taun seketan. Gagat esuk, jagone wis kluruk saut-sautan. Meh saben umah ngingu ayam lan seringe ya ngingu jago uga. Byar srengenge mlethek manuk sing neng wit-witan wis pating croet. Bebeke kaki Karya ya wis padha moni njaluk dempani. Kaki Karya tangga inyong pancen ngingu bebek akeh nggo endhog-endhogan.

Madan penther semendhing, langite biru, sekang kidul kulon ana barisan kuntul kanti vormasi sing maen pisan, bisa kaya aksara “V” utawa aksara “W”, mabur meng ngalor ngetan. Angger sore genti arah, balik sekang lor wetan maring kidul kulon. Jebulane kuntul-kuntul kuwe padha nginep neng wit ringin alun-alun Purwokerto. Rombongan kuntul padha mabur ngalor wetan nggolet sawah sing egin banyon, merga neg kono kuwe akeh pangan ana bancet, iwak lembutan utawa liyane.

Madan awan angger bar sekolah neng biyunge kon tunggu empe-empe (bakal lenga bothok) sing lagi depe kon garing, aja nganti padha decucuki gaok. Empe-empe kuwe degawe saka klapa dekum kon madan bosok terus deparud, debumboni apa inyong ora ngerti, tapi sing jelas ana yuyune barang. Bosokan klapa kuwe sing marahi ambune jan ora enak babar pisan. Tapi angger wis dadi bungkil, degoreng debumboni madan legi rasane malah dadi ngangeni.

Jaman gemiyen sering inyong weruh ana wong lanang loro manggul gantar dawa pisan, karo kandhang manuk sing ana isine, jerene kuwe jenenge tukang jontrot. Tukang jontrot kuwe wong sing pegaweane ngarah manuk nganggo pasangan pulut, depancing nganggo manuk adon. Manuk sing teyeng kecekel deingu nggo dedol.

Sayange jaman siki kayane wis langka manuk blekok, gaok. Semana uga tukang jontrot jaman siki ya wis langka, embuh neng daerah karang perdesan, sing egin akeh wit-witan dadi egin akeh uga manuk umbarane.

Ilange manuk-manuk ana kuntul, gaok utawa manuk liyane kayane merga wong tani padha nyempoti ama tanduran, apa kuwe neng sawah utawane neng kebon-kebon nganggo racun anti ama. Uler, walang padha mati kena racun. Lha tikus, uler, walang utawa lembutan liyane sing kena racun kuwe depangan neng manuk, sidane manuke padha melu mati.

Jaman gemiyen tah inyong angger kepengin krungu swara ocehan manuk ya kari metu maring kebon utawa neng sawah. Neng kebon bisa krungu swara manuk podhang, prenjak, platuk, gaok. Lha angger neng sawah bisa krungu ana manuk perkutut, dheruk, jalak, branjangan utawa liyane. Neng sawah uga bisa weru ana manuk kuntul, blekok, dok jali mabur mubeng-mubeng neng langit, utawane manuk sriti mabur sing jerene anu ngadhang udan.

Angger jaman siki sing wis langka manuk umbaran neng alam. dadine angger kepengin weruh utawa kepengin krungu swara manuk ya kudu teka maring papan lomba manuk, sing biasane deanakna neng dina Minggu utawa dina prei liyane. Neng kono bisa weruh lan krungu sewernane manuk, mung sayange swara manuk sering kalah seru karo swara ngorong-ngoronge wong-wong sing duwe manuk.
Sewijining dina, pas inyong nonton lomba manuk, karo nggendhong tangan inyong mlaku-mlaku nggatekna manuk-manuk sing lagi delomba kuwe. Ndilalah ketemu karo batir lawas, tek gablog pundhake karo tek takoni: “Kepriwe, melu ngetokna manuke apa?”. Kayong ora nganggo mikir, dheweke langsung semaur: “Ora lah .. isin ..”. Karo merek maring kuping inyong dheweke krisik-krisik: “Manuk inyong ora teyeng ngoceh”.



Tidak ada komentar:

Posting Komentar