Jumat, 02 Februari 2018

NONTON EBEG




Nang nong nang thuk nang nong nang jur
bonang, kenong, kethuk karo tambur
Gamelane wis detabuh,
ebege urung labuh.

Gendhinge, gendhing eling-eling
ebege wis molahi ngibing
gendhing eling-eling aweh piweling
wong-wong kon padha eling
sing wis eling ya balia maning

Gendhinge, gendhing eling-eling
dhukune melu ngibing
mripat mlirik maring piring
wadhah sajen, ana kreweng ana beling
mlirik maning maring dhapuran pring
ana wong wadon klambi kuning

Gendhinge ganti gendhing Baladewaan
kendhange mbleketaket pisan
ebege pating jligrang padha plumpatan
cepete lucu mlayu umpetan.
sing nonton seneng surak rame padha latahan

Gendhing baladewaan depedhot
ganti gendhing senggot
sing nonton padha singsot
ebege megat-megot kolore pedhot
sindhene madan sewot
kon madhang daginge alot

Ebege jundhall-jundhil njaluk ganti gending gudril
padha gudril, cagak awak jere sikil
sikil-sikil wedhus kuwe arane dhengkil
dhengkil wedhus debakar ora dekumbah
jahil-jahillullah wong jahil kenang tulah

Nonton ebeg neng ngisor pelem
sing nonton ana sing mendem
lengen ngececeng mripate kenceng merem
saya sore saya akeh sing mendem
sing nonton mesem-mesem marem

Purakerta, 2 Pebruari 2018





Tidak ada komentar:

Posting Komentar