Kembang Mawar mbok deganti jeneng tembelekan ya tetep wangi
Kanggone budaya Kulon (Barat), jerene jeneng kuwe ora
penting, merga jeneng kuwe mung nggo tenger, nggo mbedakna karo liyane sing
sejenis Kembang mawar mbok dejenengi kembang tembelekan, ambune ya tetep wangi
Semana uga madu mbok dejenengi bratawali ya tetep legi rasane. Angger
demat-matna wong Barat angger gawe jeneng kuwe lugu ora kaya kita madan ribed.
Wong Barat gawe jeneng ya cukup Black
(ireng), White (putih). Angger kita
kan putih ya deganti Seta, ireng deganti Kresna.
Kanggone kita wong Timur, mligine wong Jawa klebu wong
penginyongan babagan jeneng kuwe penting be nganggo pisan. Kita ora kena aweh
jeneng maring anak kuwe sembarang jeneng, Jeneng kuwe kudu maen, upamane jeneng
Ayu, Bagus ben ora dadi poyokan utawa wadanan neng kanca-batire kayata jeneng
kewan, celeng, babi, kebo lan liya-liyane..
Senajana kaya kuwe, pengarep-arep utawa donga kuwe uga
urung mesthi kesembadan utawa keleksanan, angger awake dhewek kiye ora
ngusahakna kanti temenanan ben kesembadan. Jeneng inyong Sunardi, jere karepe
rama biyung inyong, mengganua inyong angger wis gedhe teyeng dadi sunar (sorot
utawa pepadhang) sing adi (apik) kanggone wong liya. Terus maning jeneng
Nurtanio, karepe wong tuwane si Nur kuwe bisaa dadi wong tani sing maen, e
malah dadi ahli montor mabur.
Dawaning jeneng kuwe kit gemiyen gutul siki ya keton ana
bedane. Jaman kuna (dhong aku urung ana), jeneng bisa mung sekecap terus gole
nyeluk ngarepe detambah “si”, contone jeneng Pon deceluk si Pon, jeneng Nar deceluke
si Nar, utawane nganggo “go” contone Gomar, Gopar, Godi, Gotrek. Bubar kuwe
jeneng dedawakna dadi rong kecap contone: Darsan, Iswan, Nardi, Tarsan, Darti
lan liya-liyane.
Jeneng rong kecap terus derobah dadi jeneng telung kecap
kanti nambah neng ngarep utawane neng burine jeneng asline. Contone: Darsan
dadi Darsono, Iswan dadi Iswanto, Nardi dadi Sunardi, Tarsan dadi Tarsono. Bar kuwe jeneng derobah ora mung setembung
tapi dadi rong tembung kanti nambahi jeneng ngarep, sing biasane janeng
Bambang, Agus, Edi utawa urutan kelahiran nganggo Eko, Dwi, Tri lan setruse,
angger bocah wadon biasane detambah jeneng Endang , Eni, Eti, Sri utawa jeneng
liyane.
Jaman gemiyen jeneng uga decocokna karo dina lairane, ana
sing langsung, lair dina Senen ya dejenengi Senen, lair dina Setu jenenge ya
Setu. Tapi ana uga sing nganggo petungan neptu dina kelairane, lahir dina Ahad
(neptu 5) Kliwon (neptu 8) gunggung 13 dejenengi Darto. Dartim, Ditem (da = 6,
ta = 7 gunggung 13). Kejaba kuwe jeneng jerene donga alias penjaluk utawa
pengarep-arep maring Gusti Allah ben mbesuke uripe kaya sing nggo jeneng kuwe. Kanggo
conto upamane jeneng Slamet, Widada, Rahayu, Wilujeng ngemu karep ben anake
mbesuk gedhe-tuwane uripe bisa urip sing kepenak ora kena sambekala.
Taun
1967 inyong dejaluk kon ngrewangi mulang wulangan arsitektur neng STM N 1
Yogyakarta sing manggon neng Jetis lor tugu, Muride akeh pisan, watara 90an
siswa saben taun ajarane. Sing paling angel kelalene kuwe neng salah sijine
kelas, salah siji muride ana sing jenenge Gusatmilan. Jeneng nyleneh, dadi tek
takoni apa maksude jenenge kuwe. Dheweke semaur lamona Gusatmilan kuwe laire
neng dina Minggu, tanggal 1 Mei taun 1949. Jebule, Gusatmilan kuwe singkatan
sekang Minggu Satu Mei Empat Sembilan.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar