Kamis, 10 September 2015

Sekolah nDesa Jaman Kuna



Ora mlebu sekolah merga marak ngarah iwak ….

Angger mbandhingna bocah sekolah jaman inyong sekolah neng SR alias Sekolah Rakyat karo sekolah SD alias Sekolah Dasar jaman siki. rasane kaya mbandhingna antarane wulan karo srengenge. Kayong ora bakalan gathuk, lan angger gathuk malah dadi gerhana, peteng dhedhet, marahi dadi bingung neng pikiran. Mulane inyong cokan ngomong lamona inyong urung tau sekolah neng SD, tapi teyeng nerusna sekolah neng SMP. SMA malahan gutul perguruan tinggi..
Inyong lairan taun 1944 umur 6 taun neng taun 1950 dedaftarna sekolah neng ramane. Tembe sekolah mbuh rong dina apa telung dina inyong wis mogok, njaluk metu sekolahe, merga ora duwe batir sing sepantaran, batire padha lewih gedhe, lewih tuwa kayane umurane ya bangsane pitu utawa wolung taunan. malah kayane ya ana sing umure wis sangang taunan.
Taun ngarepe (1951) inyong dedaftarna maning neng mbekayu inyong, sing wektu kuwe wis munggah kelas 3. Tangan tengen inyong kon ngemek kuping kiwe kanti tangane desogna neng ndhuwur sirah. Inyong teyeng nyekel kuping, mulane inyong ketampa mlebu kelas 1, ora nganggo mbayar sesen-sena. Apa kuwe uang pendaftaran, uang kursi, apa dene uang seragam utawa uang gedung. Pokoke gratis tis. Lagi degratisna malah nganggo paringan piranti nulis be akeh bocah sing ora sekolah apa maning kudu nganggo bayaran, ya sekolahe ora payu.
Paling ora gutul taun 1954 ora kabeh desa ana sekolahan, apa maning Sekolah Rakyat (SR) gutul kelas 6, lagi sekolah gutul kelas 3 be ora saben desa ana. Tapi alhamdulillah neng desa inyong, desa Pabuwaran kecamatan Kebumen (wektu kuwe) ana sekolah SR gutul kelas 3. Kuwe baen sekolahane wara-wiri boyongan (kaya kucing manak) anu nunut utawa mondhok neng umah-umah wong sing olih denggo sekolahan. Kelas siji inyong tau sekolah neng sekolahan bodhol (lokasine siki wis debangun nggo kantor karo bale kelurahan Pabuwaran), tau neng daleme pak Sosrodiharjo lan tau uga neng balene eyang Mulyawireja.
Neng sekolahan, murid kelas 1 urung olih nulis neng buku, nulise nganggo grip neng sabak. Ben lancip gripe saben esuk deasah neng pecahan gendheng utawa neng ril lori sing pas ana neng pinggir gili perek sekolahan. Bocah kelas 2 wis olih nulis neng buku tulis, ningen nulise nganggo potlot urung olih nulis nganggo mangsi. Dene bocah kelas 3 lha tembe olih nulis neng buku nganggo mangsi. Mangsine dewadhahi gelas sing mligi nggo wadhah mangsi desogna neng bolongan meja bangku sing pancen wis degaweni sedurunge.
Inyong karo batir-batir sing umahe perek karo daleme pak guru (pak Yusuf Adimartoyo), padha detugasi sabe esuk kon njiot lan nggawa sabak sekang daleme pak guru maring sekolahan, lan awane bubar sekolah ya mbalekna sabak-sabak kuwe. Inyong karo batir inyong padha ngumpetna sabak sing egin maen (bersih) arep denggo dhewek ngesuke, neng ngisor klasa amben. Ora ngertia ambene dejagongi wong, dadine sabake ya pecah, Esuke inyong dengendikani pak guru kon aja cokan mbenahi sabak neng ngisor klasa amben.
.Gandheng sabake saben dina mesthi dekumpulna neng daleme pak guru, dadine ya ora tau ana PR (pekerjaan rumah) kaya bocah sekiye. Kabeh garapan, apa kuwe gambar, etung utawane nulis neng sabak, dadine angger garapane wis debiji neng pak guru terus debusek nggo nggarap wulangan sejene. Lha nggo pamer maring wong tuwane lamona olih biji bagus, biji sing detulis nganggo kapur neng sabak kuwe banjur padha decapna neng pipi dhisit. Jelas angkane ya ketone kewalik.
Dhasar sekolah neng desa sing masrakate umume klebu kekurangan, esih bocah ya wis deprentah kon ngrewangi pegaweane wong tuwane, mbuh repek, ngarit utawane angon kewan. Ndeleng kahanan sing kaya kuwe, angger mangsan panen akeh bocah sing ora mlebu sekolah merga melu ani-ani utawa ngurup (ngarah unu).  Klebu uga angger kali Raden utawa kali Kulon desat merga dereseki utawa dedandani bentenge, bocah-bocah ya luwung ora mlebu sekolah melu marak ngarah iwak.
 

 Bocah sekolah jaman gemiyen, nulise neng sabak

Tidak ada komentar:

Posting Komentar