Kamis, 08 Oktober 2015

Arep Mabur Ora Teyeng



Inyong kayane ora bakalan kelalen lamona tanggal 7 Oktober 2010 dina Kemis watara jam lima esuk inyong tangi langsung neng kulah njiot banyu wudu. Sejrone wudu kuwe mak cengkring centhong kiwe krasa lara. Tek jorna baen. Sejrone solat subuh krasa maning cengkringane kuwe, tur madan lewih suwe.
Bubar solat subuh inyong njaluk debalsemna kon krasa anget. Ora let suwe krasa cengkringane kuwe boyong meng ngarep, neng dhadha kiwe. Inyong njaluk kerokan, ujar inyong mbok anu masuk angin. Dekeroki, delep-delep cengkringane ora mari-mari, malah sengsaya madan sering. Sidane inyong njaluk maring dokteran baen.
Watara jam sangaan mangkat maring dokteran, ketemu dokter penyakit dalam. Sewise ngenyak-nyuk dhadha karo geger doktere lang prentah maring perawate jere inyong kon rekam jantung. Inyong ya kaya si Onong, manut baen. Bubar rekam jantung doktere prentah inyong kon cepet-cepet maring dokter spesialis jantung, kon langsung maring IGD baen kanti ngecungna layang sekang dokter kuwe mau.
Inyong langsung maring RSUD Banyumas. Watara jam 11.30 mlebu IGD, crita dhadha kiwe lara, terus detakoni molahi krasa lara jam pira. Tek semauri jam 5, deetung wis meh 7 jam, terus dokter karo perawate gisus pisan masangi perkakas, embuh perkakas apa baen inyong ora ngerti arane. Rampung depriksa, inyong terus degledheg maring ruang ICU.  Neng ruang ICU 5 dina, depindah maring ruang perawatan 6 dina, genep 11 dina mondhok neng rumah sakit. Sedurunge bali doktere weling jere inyong kon sregep olah-raga paling ora ya mlaku-mlaku.
Mlaku-mlaku neng lingkungane dhewek urut pinggir kali jane tah kepenak, adhem, tapi ya kuwe ora kober mlaku-mlaku ketungkul detakoni wong. Mlaku-mlaku neng gili ribute pol. apa maning neng gili sing ora ana trotoare. Lha wong sing ana trotoare be trotoare ora kena nggo mlaku-mlaku koh ya.
Jerene tah iya, trotoar kuwe panggonan nggo wong mlaku utawa kursi roda. Tapi nyatane trotoar nggo pahal dagang neng bakul utawa nggo parkiran motor. boro-boro kursi roda teyeng liwat, wong mlaku be rekasa pisan. Neng nggon sing ora nggo dagang/parkir, trotoare rusak utawa ketutup neng pot wit-witan, cagak listrik utawa telpun.  Apa maning kae neng Karangkobar, masa si trotoar koh ambane mung watara 40 cm. Lha kan kaya mlaku neng galengan, ora teyeng simpangan. Sidane ya trotoare mung nggo pajangan thok, ora ana manfangate kanggone wong mlaku.
Sewijining esuk, pas inyong gole mlaku-mlaku gutul kidul prapatan Karang jambu, neng kono ana sripah, tendhane gutul pinggir aspal. Neng kidule, trotoare wis kebek nggo parkir, ana motor karo mobil. Eh ndilalah sekang kidul teka mobil maning mandheg meped neng ngarepe mobil sing wis parkir sedurunge. Batin inyong ya mangkel, dalan inyong ketutup. Inyong nylemped liwat  cedhek supire. E, jebulane supire kuwe batir inyong dhewek. Dheweke takon maring inyong: “Tindak-tindak apa Yang”. Saking egin mangkel atine, semaure inyong kaya kiye: “Lha iya kiye, wong arep mbrangkang isin, arep mabur ora teyeng”.

 

 Trotoar neng Purwokerto

Tidak ada komentar:

Posting Komentar