Sabtu, 17 Oktober 2015

PENGETAN JUMENENGAN ADIPATI MRAPAT



Djaka Semangoen dadi adipati Wirasaba
Miturut crita sejarah Raden Djaka Kahiman alias Raden Djaka Semangoen kuwe putrane Raden Harja Banjaksasra, Adipati Pasir Luhur sing kit cilik wis demong lan dadi putra pupone Kyai lan Nyai Mranggi Semoe neng Kejawar. Kyai Mranggi, jeneng sing sebenere kuwe Kyai Sambarta lan Nyai Mranggi kuwe Nyai Ngaisah.
Sewise Raden Djaka Kahiman dhewasa dheweke banjur ngenger maring Kyai Adipati Warga Oetama, Adipati Wirasaba, sing pungkasane Raden Djaka Kahiman depundhut dadi putra mantune Warga Oetama, dejodhokaken karo putri mbarepe sing asmane Rara Kartimah.
Sewijining dina Adipati Wirasaba olih prentah (dhawuh) sekang Sultan Pajang, lamona dheweke kon njujugna salah siji putrine arep dedadekna garwa selir. Neng Kyai Adipati putri ragile. sing jenenge Rara Soekartijah dejujugna maring Pajang. Rara Soekartijah sing dhong cilikane tau dejodhokna karo putra sedulur lanange, yakuwe Ki Ageng Tojareka, ningen sewise dewasa Rara Soekartijah ora gelem kon umah-umah lan langsung pegatan sedurunge kumpul bareng.
Lara atine Ki Ageng Tojareka, mulane banjur nggawe pitenah sing njalari Kanjeng Sultan Pajang dadi rengu (jengkel) maring Ki Adipati Wirasaba Warga Oetama. Ora nganggo depenggalih sing jero utawa dawa terus utusan gandhek kon age-age nyedani Adipati Wirasaba.  Sewise utusan gandhek mau Kanjeng Sultan Pajang terus nemoni Rara Soekartijah takon kahanan sing sebenere. Rara Soekartijah matur apa anane, nalika cilikan mau.
Ngerti kahanan sing kaya kuwe Sultan Pajang krasa ngajog, banjur utusan gandhek sejen kon nusuli gandhek sing sepisanan kon membatalna rencana nyedani Adipati Warga Oetama, ningen wis kasep. Neng Desa Bener, Adipati Warga Oetama desedani, mulane Adipati Warga Oetama uga kondhang kanti sebutan Adipati Seda Bener, terus desarekaken neng pasarehan Pakiringan, klebu tlatah  Purworejo Klampok.
Sultan Pajang banjur dhawuh nimbali putra Adipati Wirasaba kon sowan ngadhep Sultan Pajang. Ningen kabeh putrane Warga Oetama ora ana sing wani ngadhep sowan, wedi mbok nampa duka utawa kena pidana. Ndeleleng kahanan kaya kuwe Djaka Kahiman pamit arep minangkani pemundhute Sultan Pajang. Djaka Kahiman nduwe penjaluk menawa dheweke nampa pidana ya kon deiklasna, lan saupama nampa bebungah sedulure uga kudu  melu kebagian bebungah kuwe.
Miturut cathetan Prof. Sugeng Priyadi, Raden Djaka Kahiman pas dina Jemuah Kliwon tanggal 27 wulan Puasa taun Jawa 1490 Jim akhir sowan ngadhep Sultan Pajang. Ora kenyana-nyana Raden Djaka Kahiman malah detetepna dadi Adipati Wirasaba sing kaping pitu kanti gelar Adipati Warga Oetama II, nggeteni Adipati Warga Oetama sing wis seda sedurunge.
Let pirang dina sewise detetepna dadi adipati Wirasaba, Adipati Warga Oetama II ngaturi sedulur-sedulur peripeane seperlu ngrembug babagan kepengin mbagi tlatah kadipaten dadi 4 kadipaten ya kuwe:
1.  Tlatah Banjar Pertambakan deaturaken maring Kjai Ngabehi Wirajoeda.
2.  Tlatah Merden deaturaken maring Kjai Ngabehi Wirakoesoema.
3.  Tlatah Wirasaba deaturaken maring Kjai Ngabehi Wargawidjaja.
4.  Dene Adipati Warga Oetama II dhewek kondur neng Kejawar mbangun kadipaten anyar nggo pusat pemrentahane.
Kanti mbagi tlatah Kadipaten Wirasaba dadi patang tlatah kadipaten anyar, mulane Adipati Warga Oetama II uga kasebut Adipati Mrapat.
Kriwikan dadi grujugan
Kanti dhasar asil temonane Prof. Sugeng Priyadi lamona tanggal 27 wulan Puasa kuwe dina detetepnane Raden Djaka Kahiman dadi Adipati Wirasaba, mulane kit tahun 2007 saben tanggal 27 wulan Puasa kuwe sebagian masarakat Banyumas nganakna pengetan sing dejenengi Pengetan Jumenengan Adipati Mrapat.
Acarane cukup sedherhana ya kuwe bar asar ziarah, tahlilan neng makam Adipati Mrapat neng desa Dawuhan, kadhang-kadhang deterusna karo buka puasa bareng-bareng. Bar tarweh acara gendhu-gendhu rasa babagan sejarah lan budhaya Banyumas neng pendhapa Duplikat Si Panji Banyumas, diselingi karo macapatan, pungkasane laku bisu liwat gili sekubenge komplek Pendhapa.
Beda karo adat sabene, Pengetan Jumenengan Adipati Mrapat taun 1948 Jawa utawa taun 2015 Masehi desengkuyung neng Bank Indonesia Kantor Perwakilan Purwokerto dadi keton lewih regeng. Acara sing biasane delaksanakna ora genep sedina, tahun kiye delaksanakna sejrone 2 minggu, kit tanggal 11 Juli gutul 25 Juli, lan acarane ya pepek pisan, kejaba acara sing wis baku uga deanakna Sarasehan Budaya, pentas Gelegar Calung Banyumas, Drama Tari JAM (Jumenengan Adipati Mrapat), Bazaar UMKM, Pentas Seni Tradisional lan liya-liyane.
Acara bukakan derawuhi uga neng bapak Bupati Banyumas karo staff, bapak Kepala Bank Indonesia Kantor Perwakilan Purwokerto karo Staff, bapak Ketua Badan Musyawarah Perbankan Daerah (BMPD), Muspika Kecamatan Banyumas, tokoh masarakat lan liya-liyane.
Bapak Rahmat Hernowo Kepala Bank Indonesia Kantor Perwakilan Purwokerto ing pidhatone ngendikakaken lamona Bank Indonesia nyengkuyung banget maring kegiatan budaya daerah sing bisa nuwuhna kegiatan ekonomi rakyat kaya dene Pengetan Jumenengan Adipati Mrapat kuwe. Piyambake nduwe pengarep-arep lamona tembe mburine acara Pengetan Jumenengan Adipati Mrapat kuwe bisa dadi agenda acara budaya Banyumas tingkat nasional kaya dene acara Sekaten neng Yogyakarta lan Surakarta. Kabeh mau gemantung maring masarakat, budayawan, seniman, pemerintah daerah karo para wartawan.
Dene bapak Ir. H. Achmad Husein neng pidhatone ngendikakna lamona Pemerintah Kabupaten Banyumas nyengkuyung pisan anane Pengetan Jumenengan Adipati Mrapat sing thukul lan delaksanakna neng masarakat, kuwe mertandhani lamona masarakat Banyumas padha gelem nguri-uri budaya dhewek mligine sejarah, sing tundhone gelem ngormati lan ngregani perjuangan para leluhure. Acara kaya kiye kudu terus delaksanakna dadi tradisi taunan, lan kudu degedheni maning merga acara kaya kiye gedhe manfangate kanggone masarakat. Budhayane urip, ekonomi masarakat ya urip. Sing nglaksanakna ora mesthi kudu pemerintah, tapi pemerintah cukup tut wuri handayani. In shaa Allah. Aamiin ....



Tidak ada komentar:

Posting Komentar