Jumat, 30 Oktober 2015

SIFATE WONG BANYUMAS



Kadya Mahesa Cinancang Dhadhung Adi

Sebagian masarakat neng tlatah Banyumas ngakoni lamona Bawor anake ki Semar Badranaya kuwe jimat utawa maskote masarakat tlatah Banyumas. Bawor nduwe sifat jujur, cablaka alias angger ngomong kuwe glogok soar apa anane. Ningen ana uga sing ngarani lamona Bawor kuwe nduwe sifat clamit kayong mata dhuwitan.
Kejaba Bawor dadi maskote wong Banyumas, ningen ana uga sing ngomongna lamona jaman gemiyen Sultan Agung ing Mataram nate ngendika lamona masarakat Banyumas kuwe decandra: kadya mahesa cinancang dhadhung adi utawa kaya sewijining kebo sing decancang nganggo dhadhung sing maen. Pancene ya ana wong sing ora cocok karo penyandra sing kaya kuwe
Dene sing demaksud dhadhung adi kuwe aturan-aturan sing lemaku neng masarakat lan negara. Kanti kaya kuwe dadi sing demaksud kadya mahesa cinancang dhadhhung adi kuwe lamona masarakat Banyumas kuwe manut utawa tunduk, taat maring aturan-aturan sing ana lan lemaku neng masarakat.
Angger deplecehi temenan, kebo kewan sahabate wong tani kuwe nduwe sifat-sifat sing maen, ya kuwe:
1.   Awake sing gedhe ateges daginge sing akeh lan tenagane sing kuwat dadi nggo megawe kuwe rosa. Nganggo tembung liya kena dearani lamona kebo kuwe sawijining potensi sing cukup gedhe. Kahanan sing kaya kiye nandhakna lamona tlatah Banyumas kuwe arupa sawijining potensi apa kuwe sumber daya alame uga sumberdaya menungsane sing ora baen-baen.
2.   Kebo kuwe kewan sing ora tahan maring hawa panas, angger denggo megawe, sedhe-sedhela njaluk deguyang ben adhem maning. Kahanan kuwe nglambangna lamona masarakat Banyumas kuwe ora tahan maring kahanan sing panas. Angger ana masalah derampungna kanti rempugan, gendhu-gendhu rasa, ”ana rembug ya derembug”. Demonstrasi kurang desenengi. Ayem tentrem sing degoleti.
3.   Kebo kuwe kewan sing duwe rasa males kebecikan. Neng pangonan, kebo mangan suket lan biasane si pangone njagong kepenak neng gigire kebo. Kahanan kuwe mertandhani lamona kanti iklas males kebecikan maring wong sing aweh utawa nudhuhna pangane utawa penguripane. Apa wong Banyumas ya kaya kuwe, jajal ngonoh takon maring atine dhewek-dhewek.
4.   Kebo kuwe duwe sifat disiplin. Saben sore sewise dengon. kebo mesthi deguyang neng kali. Bar deguyang kebo deculna teyeng bali dhewek maring kandhange kanti bener ora kesasar. Sejan-jane masarakat Banyumas kuwe ya duwe rasa disiplin, buktine mbayar PBB (Pajak Bumi dan Bangunan) bae umume lancar ora nunggak.
5.    Neng masarakat Jawa ana onen-onen: ”kebo nusu gudel”, angger paribasan kuwe lemaku neng tlatah Banyumas uga, tegese wong Banyumas kuwe cukup demokratis, gelem ngrungokna lan gelem nampa penemne utawa pemikirane wong sejen sing posisine neng ngisore.
6.   Neng masarakat Jawa umume, ana tradisi mendhem endhas kebo, dudu endhas sapi, wedhus, jaran utawa kewan liyane. Kahanan kuwe kena nggo lambang lamona masarakat Banyumas kuwe duwe sifat sing agung ya kuwe wani ngorbana nyawa lan ragane kanggo bumi wutah getihe. Degandhengna karo kahanan sing ana, kit gemiyen mula tokoh-tokoh nasional kaya dene Jend. Soedirman. Gatot Soebroto lan akeh maning sing asale sekang tlatah Banyumas, klebu anggota Pasukan IMAM (Merdeka Atau Mati) mbela negara lan masyarakat Indonesia tanpa pamrih.
7.   Neng kisah perjuangan Jaka Tinggkir arep ngabdi maring Kasultanan Pajang ana crita kebo ngamuk merga kupinge desumpeli lempung. Kahanan kuwe nduwe makna lamona masarakat Banyumas teyeng jengkel lan ngamuk angger nganti ora tau dewei ngerti samubarang kahanan, alias pemimpine ora jujur lan slinthutan.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar