Minggu, 07 Agustus 2016

Rontak Rantek Banyumasan



Tembung Pambuka
Kula nuwun,
Inyong duwe penyuwun maring Gusti Allah, anak-putu apa dene kanca-batir inyong kabeh muga-muga deparingi keslametan, kewarasan lan uga kelonggaran wektu nggo ngular budi lan nalar lamona budhaya dhewek sejan-jane ora kalah karo budhaya bangsa manca, mligine babagan basa biyung utawa basa penginyongan. Aamiin.
Rontak-rantek kuwe sebutan/jeneng nggo suket-suket, yakuwe ana: kemandelan, kliyung, krokot, meniran, semanggen sing biasa deolah dadi kluban nggo lawuh madhang. Senajan suket, ningen rasane seger, lan ngemu khasiat tumrape awak ben dadi seger waras.
Semana uga buku “Rontak Rantek Banyumasan”, inyong duwe karep lamona buku cilik lan sedherhana kiye isine crita-crita kedadiyan pedinan neng masarakat sing ana manfangate tumrape urip bebrayan. Kanti bumbon lucon sing marahi gawe seger neng ati lan pikiran.
Isi buku kiye ana 3 (telung) perangan, yakuwe: Guyonan, Wawasan lan Guritan. Ora usah kakehen sengek,wis mangga dewaca baen. Kesuwun,
Kelilan
Eyang Nardi
Purwokerto, Februari 2016

Tidak ada komentar:

Posting Komentar