Gutul
wulan Mulud taun 1949 Jawa sekiye tegese inyong gole nganggo iket nggo pedinan
wis 8 taun alias wis genep sewindu. Inyong molahi nganggo iket kuwe pas neng
pendhapa Banyumas ana acara Jamas Tosan Aji. Neng kumpulan panitia inyong
njaluk paling ora panitiane padha nganggo iket, sukur dene para dhayoh ya kersa
ngagem iket. Lha inyong nggawe aturan kaya kuwe dadine inyong ya ora kena
mblenjani. Inyong kudu iket-iketan uga.
Angger
siki tah iya, inyong gole nganggo iket wis keton rapi, wis akeh sing aruh-aruh
jere maen. Sing njaluk dewarahi carane masang ben keton rapi kaya ikete inyong
uga ora mung siji loro. Lewih-lewih mbareng pegawe Kabupaten Banyumas (saben
dina Kemis) semana uga pegawe Propinsi Jawa Tengah (saben tanggal 15) kon padha
nganggo penganggo tradisional. Malah ana dhayoh nguja teka sekang Sleman
Jogjakarta mung perlu arep njaluk warah njiret iket.
Awal-awal
inyong arep nganggo iket, lha gole ginau kuwe udhet pisan. Njagong kursi
ngadhep kaca pengilon. Tangan loro udhet nyekel iket degubed-gubedna neng
sirah. Ora trima sepisan njiret langsung dadi. Pokoke ping kopang-kaping. Sering
uga sepisan njiret dadi, tapi mbareng deudhari dejiretna maning ora dadi. Baleni
maning baleni maning nganti gulune rasane cengeng.
Nganggo
iket kuwe akeh susah-senenge. Susahe kuwe ya angger nganggo iket ora mesthi
sepisan dadi rapi. Kadhang kala udhet ora dadi-dadi, mbangkane wektune mangkat
wis meped. Ana maning susahe kuwe ya angger lunga nganti ngliwati wektu sholat
lan kudu sholat neng kana-kana. Angger arep wudlu, nyopote iket kudu ngati-ati
pisan ben gampang gole masang maning. Dene senenge ya dadi akeh sedulure. Neng
endi baen wong-wong padha ngingetna lan ngapalna, sing akhire dadi kenalan lan
dadi seduluran.
Sewijing
dina, embuh kapan inyong wis kelalen, inyong deundang kumpulan neng kabupaten. Kaya
adat sabene, angger urung demolahi wong-wong padha guyon, padha glewehan. Salah
sijine pejabat kabupaten ana sing takon maring inyong, kenang apa inyong koh
seneng nganggo iket, ora jere kuplukan apa dene topian.
Kanti
gaya dhosen njelasna maring mahasiswane inyong molahi nerangna telung alas an
kenang apa inyong ngango iket yakuwe:
Sepisan
iket kuwe arupa lembaran bujur wangun segi-telu, kuwe merlambangna unsur-unsur
sing kudu deugemi nggo landhesan pikiran lan tumindake menungsa, yakuwe: Gusti
Allah, lingkungan masarakat lan lingkungan alam sekubenge kita, Telung unsur
kuwe sing kudu dadi pengemut saben-saben awake dhewek arep tumindak. Mulane
iket dejiretna neng sirah. Ping pindhone, sirah inyong buthake wis amba,
rambute tipis, angger kenang AC cekot-cekot, kudu ana tutupe. Arep kuplukan,
kayon kaya santri nemen, Arep topian, angger neng jero ruangan kayong ora
patut. Ping telune nganggo iket kuwe kayong keton melu nguri-uri budhaya dhewek
Kayong
urung rampung inyong gole ngomong wis ana nom-noman sing nyandhak takon:
“Angger kados niku, yang Nardi mpun mlebu dados anggota Kumpul Kebo nggih
Yang.” Inyong madan kaget campur bingung: “Maksude kepriwe kuwe mas?” pitakon
inyong. “Maksude nggih niku .. Eyang Nardi mpun kecathet dadi anggota
Perkumpulan Kepala Botak.” “Asyeeem .. anu biasa dolanan plesetan malah dadi
kepleset dhewek.”