Embuh neng srawungan pedinan, apa neng tivi klebu neng
pesbuk, inyong cokan krungu utawa maca bocah-bocah enom ngomong utawa nulis
tembung-tembung sing miturut inyong kuwe tembung asing, umpamane
tembung-tembung: alay, akooh, amaca cih, brb, bais, baryaw, binun, cumpah,
curcol, etdah, elo gue end, emprit, gajebo, galau, hoax, jutek, kamsud lan
liya-liyane egin akeh maning
Blaka baen kaya inyong sing wis dadi wong tuwa kiye
sering bingung ngrungokna bocah nom-noman padha kandhahan utawa maca neng
pesbuk. Mbuh nganggo basa apa kuwe. Darani bahasa Indonesia dudu, basa Betawi
ya dudu, basa Sunda ya beda apa maning basa Jawa ya adoh pisan, lan arti utawa
mangsude ya mbuh apa. Mbareng inyong takon maring putu inyong jere kuwe basa
gaul. Tapi gaul kepriwe wong ora kabeh wong ngerti, malah mung gawe bingung
thok.
Mbareng inyong takon maring mbah Google dejelasna lamona
kabeh mau klebu tembung-tembung neng bahasa gaul utawa tembunge bocah
nom-noman. Tembung gaul kuwe anane kayong anu ora sengaja, kayong anu ora
depikir dhisit waton nyemlong neng wong-wong sing madan dikenal. mligine para
artis neng tivi. Mbareng derasa kepenak neng kuping terus detiru neng sing padha
ngrungokna nganti semebar sing akhire dadi basa gaul kuwe.
Dadi jelase kayong ora ana rumuse utawa dalile nggawe
utawa nyebut tembung gaul jaman sekiye, Miturut ahli bahasa Indonesia, basa
gaul kuwe ngrusak tatanan bahasa Indonesia sing baku, apa maning bahasa
Indonesia sing resmi, kaya sing cokan degembar-gemborna: “Pakailah bahasa
Indonesia yang baik dan benar”.
Beda karo jaman inyong enom gemiyen (taun seketan-sewidakan),
ya ana basa gaul, sing biasane denggo ngrasani wong-wong tua, sing deanggep
ora/urung ngerti. Dadi basa gaul jaman semana kuwe kena darani basa rahasia. Ningen
basa gaul wektu semana ana rumuse utawa ana aturane, yakuwe tulisan saben tembung
dewaca sekang mburi (tengen) maring ngarep (kiwe) kaya maca aksara Arab, mulane
sering dearani basa walikan, Contone ukara: “Inyong urung madhang” domongna
dadi: “Ngonyi nguru ngadham”. Conto sejen maning: “Aku maca koran Harmas”
dewalik dadi: “Uka acam narok samrah”
Inyong gemiyen uga tau decritani neng wong sing lewih tua
ketimbang inyong, kira-kira ya sepantaran utawa batir dolane rama inyong. Jere
dhong nom-noman (watara taun 40an) ya ana basa gantian utawa basa gaul cara
jaman sikine. Basa gantian kuwe beda karo basa balikan jaman inyong enom. Basa gantian
jaman sedurunge inyong kuwe sing deganti aksara, sing wektu semana nganggone
aksara Jawa, sing cacahe ana 20 aksara kit sekang “ha” gutul “nga”.
Dene gentiane utawa
jodhone aksara-aksara Jawa kuwe mau (angger inyong ora kleru) kaya kesebut
ngisor kiye:
ha =
ya; na = ka; ca = dha; ra = da; ka =
na;
da =
ra; ta = wa; sa = pa; wa = ta; la =
ga;
pa =
sa; dha = ca; ja = ba ya
= ha; nya = nga;
ma = tha; ga = la; ba
= ja; tha = ma; nga = nya.
Conto tembung gentian umpamane: “ka-na” dadi “na-ka”, “sa-pa”
dadi “pa-sa”, “da-ra” dadi “ra-da”, “bo-jo” dadi “jo-bo”. Ketone tembung
gentian kuwe kaya mung debalik aksara (Jawa) sing neng ngarep dadi neng buri,
sewalike aksara sing neng mburi dadi neng ngarep, tapi sejan-jane ya ora..
Conto sejen umpamane: “ku-na” dadi “nu-ka”, “sa-pi” dadi “pa-si”, “ra-di” dadi
“da-ri”.
Kanggo conto ukara upamane: “Inyong urung madhang” terus
deganti dadi: “Yingong yudung thacang”. Conto sejen maning: “Aku maca koran
Harmas” deganti dadi: “Yanu thadha nodak Yarthap”; “Pacarku sing nganggo topi
abang” deganti dadi “Sadharnu ping nyanglo wosi yideng”; “Siki dina Kemis,
ngesuk Jemuah” deganti dadi “Pini rika Nethip, nyepun Bethuah”.
Angger
ndeleng conto-conto neng ndhuwur kuwe mau, dadi jebulane sing degenti mung
aksarane, dene sandhangan ana: taling, taling-tarung, suku, wulu, pepet, layar,
cecek, wignyan kabeh tetep alias ora deganti.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar