Kamis, 10 Desember 2015

HOTEL TIGA JAMAN

Neng Baturaden Akeh Hotel Tiga Jaman

Akhir-akhir kiye neng tlatah Banyumas akeh wong sing ngrembug babagan barang-barang kuna, sing klebu dadi benda cagar budaya. Pancen miturut aturane, ora kabeh barang kuna kuwe klebu benda cagar budaya, sebab kudu deusulna dhisit maring pemerintah, lha tembe ana detetepna dadi benda cagar budaya.
Miturut pasal 5 Undang-undang Benda Cagar Budaya utawa undang-undang nomer 11 tahun 2010, dene barang (kayata keris, dhuwit, tumpakan klambi/penganggo lan liya-liyane), wangunan (apa kuwe makam. gedhong, umah, mesjid, gereja utawa liyane kayata menara, brug utawa jembatan lan liya-liyane) bisa deusulna dadi cagar budaya kuwe angger:
a.  umure paling ora wis 50 taun, mulane ana unen-unen “angger wis setengah abad ora kena debabad”);
b. makili gaya utawa model jamane paling ora 50 taun kepungkur (umah, pedhama, penganggo, tumpakan, dhuwit, prangko lan liya-liyane);
c.  nduweni arti sing mligi tumrape sujarah, ilmu pengetahuan, pamulangan, agama utawane budhaya;
d.  teyeng nggo nguatna kepribadhen bangsa.
Ndeleng saratan sing kaya kesebut kuwe mau, kayane neng tlatah Banyumas kiye njeprah pisan barang-barang sing bisa deusulna dadi barang cagar budaya,apa kuwe nggo nasional, provinsi apa dene kabupaten dhewek. Apa maning angger ndeleng sejarah Banyumas kuwe wis ana kit jaman Majapahit, Pajang, Mataram nganti jaman Landa gutul jaman perjuangan kemerdekaan, sing kabeh mau mesthi ana tinggalane.
Ngrembug babagan barang cagar budaya, inyong krasa mongkog pisan ora merga inyong duwe barang cagar budaya, ningen merga sing padha rembugan kuwe sing akeh malah nom-noman. Kuwe mertandhani lamona para kawula muda wis padha sadhar, wis eling lamona ngrumati barang-barang kuna kuwe padha bae karo ngormati para leluhur sing gawe utawa ngrumati barang-barang kuna.
Pokoke para kawula muda angger ngrembug babagan barang-barang tinggalan kuna kuwe semangat pisan, kabeh-kabeh nidhokna anane barang tinggalan jaman kuna kuwe. Ana sing nidhokna makam neng desa kene, desa kono utawane desa kana. Ana sing nidhokna umah jaman Landa neng Banyumas, neng Kalibagor, neng Sokaraja utawane neng Purwokerto.
Ora gelem kalah ana sing nyritakna babagan hotel lamona neng Banyumas utawane neng Purwokerto ana hotel gawean jaman Landa sing nganti seprene egin wutuh lan tetep denggo nggo hotel utawane sing wis robah dadi kantor kaya kantor DAOP V sing ngadeg neng sisih kulone gedhong RRI Purwokerto. Hotel sing kit jaman Landa gutul jaman siki egin urip (operasional) biasane desebut “hotel tiga jaman”, ya kuwe jaman Landa, jaman Jepang lan jaman kemerdekaan.
Ngomong-omong babagan “hotel tiga jaman”, inyong melu baen nyemlong lamona neng Baturaden utawane neng Cipendok akah hotel tiga jaman. Sing padha serius gole ngrungokna padha bingung clingak-clinguk kaya kethek detulup, kayong ora percaya maring omongane inyong.
Ndeleng kahanan kaya kuwe inyong dadi nerusna gole ngomong: “Maksud inyong hotel tiga jaman kuwe dudu hotel jaman Landa, jaman Jepang karo jaman siki, tapi gole nyewa mung telung jam telung jam alias telung jaman, sing basa Indonesiane tiga jaman utawa short time….”. 
Gemiyen Hotel Sepuran Siki Kantor DAOP V

Tidak ada komentar:

Posting Komentar