Kamis, 03 Desember 2015

TAMBA PUYENG

Njaluk surat keterangan neng Kodim

Jane tah pancen ora patut angger mbandhing-mbandhingna jaman gemiyen karo jaman siki. Jere kakine, duren-duren kopi-kopi, gemiyen-gemiyen siki-siki, pancen beda alias ora bakalan padha kahanane. Jaman siki ora mungkin balik maring jaman gemiyen maning. Jaman gemiyen inyong deundang nak Nardi, robah dadi dhek Nardi, terus ganti maning dadi mas Nardi, terus pak Nardi lan siki inyong deundang eyang Nardi.
Semana uga babagan pemerintahan, kanggone Pabuwaran ya wis ana owah-owahan. Gemiyen, sedurunge taun 1981 Pabuwaran kuwe egin dadi desa, molahi taun 1981 (kanti anane Kota administratip alias Kotatip) rubah dadi kelurahan. Lurah Pabuwaan, sing dhong taun 1981 kuwe pak Slamet Praptoharsono (asil pilihan masarakat), secara otomatis deangkat dadi pegawe negeri sipil (PNS). Sing gemiyen imbalane asil panenan bengkok derubah dadi gaji sekang pemerintah.
Desa Pabuwaran klebu tlatah kecamatan Baturaden sing ibukotane neng Rempoah, kanti anane Kotip Purwokerto, kelurahan Pabuwaran dadi melu kecamatan Purwokerto Utara, sing pusat pemerintahane (Camat, Sektor Kepolisian karo Koramil) neng tlatah kelurahan Bancarkembar, sing kanggone masarakat Pabuwaran angger ana urusan utawa  kepentingan apa-apa dadi lewih perek. numpak angkot sedhela wis gutul. Angger gemiyen kudu mlaku utawa numpak pit gobyos kemringet dhisit,
Dhong taun sewidakan, angger upacara 17an neng lapangan Kebumen, mangkat mulih ya baris mlaku. Tapi wong akeh batire ya dadi seneng-seneng baen. Angger ana lomba-lomba, biasane regu sekang Pabuwaran kuwe juara umum, nganti tangane pedhe merga keseringen keprok nyuraki sing nampa hadiah munggah panggung.
Cara dhalange jere tunggal panggung sejen crita. Sewijing dina watara jam teluan, Silam (batir inyong dolan kit cilik) kayong kesel pisan mampir ngumah inyong. Mbareng wis kaya biasane, njaluk banyu bening maring Nini Mad (rewang nggon inyong) langsung deinum, dheweke banjur crita lamona lagi kenang apes. Jar inyong ya kapesan tes kecopetan apa kepriwe.
Jebulane kapesan kuwe merga sedina med nggolet surat keterangan, arep maeing Jakarta nggolet pegawean ningen urung kasil. Esuk-esuk njaluk keterangan maring kelurahan, terus bablas Rempoah maring kecamatan. Sekang Kecamatan terus meng Sektor Kepolisian sing panggonane neng ngarep kantor kecamatan. Bar olih tekenan sekang Sektor Kepolisian gari maring Koramil, sing panggonane neng lore kantor Sektor Kepolisian.
Neng kantor Koramil ketemu pak tentara sing lagi piket crita lamona arep nggolet surat keterangan. Neng pak piket deprentah kon neng Kodim. Gandheng wis madan awan Silam gagean nyemplak pit langsung maring Kodim neng Purwokerto. Dhasar bocah ndesa neng Kodim ya bingung takon maring neng piketan. Neng piketan desemauri lamona surat keterangan kuwe cukup mung neng Koramil.
Silam balik maring Koramil maning. Gutul Koramil kantor wis sepi, wis tutup. Terus neng piketan Silam crita apa anane. Lha pak piket malah gemuyu lakak-lakak. Mbareng wis aso gole gemuyu, pak piket terus ngomong lamona sing demaksud Kodim kuwe jeneng wong, petugas Koramil sing pura ngurusi surat keterangan utawa jalukan tekenan maring Dan Ramil. 


Tidak ada komentar:

Posting Komentar