Minggu, 29 November 2015

SEJARAH PURWOKERTO

Mitro Nggedebus ....

Jaman kuna alias jamane aku urung ana, ana wisatawan Landa plesir maring Purakerta debatiri neng pemandhu wisata lanang jenenge kang Mitro. Oh iya .. wisatawan Landa kuwe jenenge si Bonilem, mbuh apa artine, ndeane tah “delomboni gelem”. Gumun inyong Landane kuwe koh wis pinter basa penginyongan.
Gejrud sekang sepur Bonilem clingak-clinguk kaya kethek detulup. Ora let suwe banjur mesem weruh lan mereki tulisan neng kardhus sing moni “BONILEM” degawa neng kang Mitro. Sewise salaman wong loro banjur padha neng kantin, kandhahan umyek pisan, kaya batir lawas sing suwe ora ketemu.
Ora let suwe sewise rampung gole padha medangan, wong loro banjur metu sekang setasiun, jejeran mlaku meng ngetan mlodhos gili tumpang mereki pinggir kali. Neng pinggir kali kayong arep nyabrang. Kathok delinthing, sepatu decangking nyabrak banyu. Neng tengah kali wong loro padha mandheg merga ana welulang dawa keli. Si Bonilem takon maring kang Mitro: “Apa si kuwe kang?”. “Kuwe anu welulang kebo sing degawe ban (sabuk) jaran” wangsulane kang Mitro. Bonilem nyambung omongan: “Angger kaya kuwe kali kiye mbesuke dejenengi kali Banjaran baen ya kang?”. “Kali Banjaran, apik kuwe. Oke lah” wangsulane kang Mitro, Wong loro banjur padha  salaman kenceng tandha setuju.
Bar nyabrang kali wong loro kedhimik-kedhimik mlaku ngetan, gutul prapatan padha bingung, arep ngalor, ngetan apa ngidul. Sidane wong loro banjur nerusna laku maring ngidul. Urung adoh sekang prapatan lakune kang MItro karo Bonilem dendheg neng petugas, sing cara jaman sikine ya Satpol PP. “Hop .. hop .. hop .. mandheg .. mandheg. Endi KTPne, ngeneh inyong ndeleng”. 
Kang Mitro terus nidhokna KTPne. Ora nganti omong apa-apa wong loro terus kon nerusna laku. Gole mlaku tembe pirang jangkah, si Bonilem nyawel pundhake kang MItro karo ngomong: “Apike dalan cilik sing mau nggo umpetan ptugas kae dejenengi dalan Hopan baen ya kang”. “Lha kenang apa si?” pitakonane kang Mitro. Karo ngguyu Bonilem semaur: “Lha kae si mau petugase kan ngomong .. Hop .. hop .. hop ..”. “kaya kuwe ya apik” semaure kang Mitro.
Wong loro banjur nerusna laku maring ngidul. Lagi baen sikile jemangkah wis ana delengan sing marahi dadi curiga. “Kenang apa neng pretelon ngarep kae petugase padha ngadeg mungkur, madhep nganah kabeh?” pitakonane si Bonilem. “Lha ya mayuh parani baen ben jelas” wangsulane kang Mitro. Mbareng gutul pretelon kuwe wong loro koh dejorna baen ora detakoni apa-apa, Gandheng kaya kuwe dadine jang Mitro usul mbesuk dalan sing meng ngetan kuwe dejenengi dalan Pungkuran baen. Wong loro banjur salaman tandha setuju.
Salaman tangane urung ucul, sekang kidul krungu ana wong padha surak rame pisan. Mulane wong loro kuwe mau banjur gipyak mengidul arep ndeleng sing marahi wong-wong padha surak kuwe apa. Jebulane neng alun-alun lagi ana tandhingan pencak antarane perguruan Cilongok karo perguruan Cikebrok. Salah siji pesilate detendhang meng ngetan dhuwur pisan tiba kemrosak temangsang neng wit wetan alun-al;un. Kang Mitro krisik-krisik maring Bonilem: “Angger kaya kuwe gili wetan alun-alun kae mbesuk dejenengi dalan Raga Semangsang baen lah ya”, wong loro banjur padha salaman kenceng. 
Ora let suwe mbareng wis jelas ana sing kalah, tandhingan pencak silat kuwe banjur delerena tandha wis rampung alias wis ora ana jago sing arep dedu maning. Wong-wong sing nonton pencak banjur padha bubar balik maring umahe dhewek-dhewek neng desane dhewek-dhewek.
Wong loro, kang Mitro karo Bonilem terus mlaku urut pinggir kulon alun-alun maring ngidul. Gutul pojok kidul kulon alun-alun si Boniman nyawel pundhake kang MItro karo krisik-krisik: “Kang kae wetan ana prawan ayu, rika kenal karo prawan kae apa ora kang?”. Kang Mitro nylinguk ngetan. bener ana bocah wadon mloes ngadeg neng kidul gili. “Kayong inyong wis kenal bocah kae”, batine kang Mitro.
Ora let suwe karo ngemek bathuk kang Mitro ngomong: “Iya, inyong kemutan, kae jenenge mba Rita, anake juragan gedhang pasar Ajibarang, indekos neng ngarep umah inyong, angger ngomong sering nyebut tembung mol-mol, mulane neng batir-batire deundang Rita mol”. Boniman enggal bae gole nyaut: “Aha .. angger kaya kuwe, apike mbesuk neng kono debangun Rita mol baen ya kang”. Wong loro padha latahan banjur tos, tanda setuju.
Bar kuwe wong loro banjur mlaku alon-alonan meng ngulon, kang Mitro neng ngarep Bonilem neng burine. Kena darani mlaku lagi pirang jangkah si Bonilem nyebut: “Adhuh biyung, inyong kesunggah”. “O, Landa kere, mlaku-mlaku ya mung nganggo sandhal jepit sing wis tipis” batine kang Mitro karo thongkrong nulungi Bonilem ndudut paku sing temanclep neng sandhal jepit.
“Lha kiye .. anu paku njaran” omonge kang Mitro karo nidhokna paku lancip “kiye mesthi paku jarane wong Karanglewas sing ngetan-ngulon bolak-balik maring pasar Wage” teruse kang Mitro. “Apa kuwe?” pitakonane Bonilem “Paku njaran, angger kaya kuwe nggo kenang-kenangan inyong kesunggah, apike mbesuk neng kene debangun pakunjaran bae ya kang, nggo ngukum maling”. Kang Mitro ora semaur, mung manthuk-manthuk tandha setuju.
Si Bonilem egin njagong nglemprak neng pinggir gili karo mejeti tlapakan sikile nganti metu getihe  kon sangkane ora tetanus. “Kiye, ketimbangane nglemprak neng pinggir gili kaya kuwe, mendhing mayuh mlaku ngonoh ngulon mampir neng warung madhang” usule kang Mitro. Bonilen terus menyat, karo dhengklangan mlaku ngetutna kang Mitro.
Gutul pretelon cilik wong loro menggok ngidul maring pasar cilik pasar krempyeng sing bukake mung sekrempyengan, ningen uga egin ana warung wedang sing biasa bukak nganti sore. “ Wedang clebek loro, rames loro yu” tembunge kang Mitro maring bakule kayong wis kulina pisan. “Lawuhe apa kang?” pitakone bakule, “Oseng karo tempe srapah baen”. wangsulane kang MItro.
Karo ngenteni pesenane teka, Bonilem mbukak ples njiot gorengan selembar langsung depangan. “Gurih, enak” komentare Bonilem “Apa kiye kang” takon maring kang Mitro karo nidhokna gorengan sing depangan kuwe. “Kripik, tempe degoreng” wangsulane kang Mitro. Entong kripike Bonilem mbukak tutup piring sing neng ngarepe clekut njiot selembar langsung decokot. “Wah kiye ya enak uga kang, apa kiye kang?” pitakonane Bonilem. “Mendhoan, tempe degoreng ora garing” kang Mitro njelasna. “Gujih temen kiye wong, apa-apa detakokna” batine kang Mitro. Bonilem manthuk-manthuk karo njiot selembar maning.
Ora let suwe mbekayu bakul ngladhekna wedang karo ramesan neng meja nggo wong loro. Bonilem nyruput wedang, kepanasen. Kang Mitro nyuntek wedang neng lepek kon adhem dhisit. Si Bonilem gole madhang keton dhokoh pisan kaya wong suren. Batine kang Mitro: “Wong koh wadhuke amba temen, apa-apa teyeng mlebu”.
Bonilem  muncu-muncu merga sega sing neng cangkem urung deleg, karo ngecungna panganan, Bonilem takon maring kang Mitro: “Kang. kiye panganan apa koh enak temen”. “Kuwe tempe goreng srapah, tempe degoreng ora deglepungi” wangsulane kang Mitro madan kesuh. Krungu semauran kaya kuwe Bonilem manthuk-manthuk karo kaya ana sing depikir.
Sewise madhang rampung, karo nerusna medang Bonilem mbukak omongan: “Kang, pasar kiye si pasar apa, deneng sepi temen?”. “Ya sepi lah, wong pasar krempyeng bukake ya mung sekrempyengan, sedhela bubar”, wangsulane kang Mitro. “Ora, maksud inyong jenege pasar apa?”, Bonilem takon maning. “Ora ana jenenge, ana apa si?”, kang Mitro genti takon. “Kepriwe angger pasar kiye dejenengi pasar Pereng alias pasar tempe goreng, kan neng kene akeh tempe gorenge” Bonilem genti takon. Saking jane wis bebeh kandhahan, kang Mitro semaur sekenane: “Lah kaya kuwe ya kena”.
Ketone si Bonilem egin penasaran babagan tempe goreng, mulane dheweke ngomong maring kang Mitro: “Kang, inyong ngemben angger bali kepengin nggawa olih-olih tempe goreng, apike si tuku neng endi ya?”. Dhasare kang Mitro pancen egin madan kesuh, mulane semaure ya keton madan dhoso: “Tempe mentah tuku neng pasar, tempe goreng tuku neng warung, tempe bosok ngarah bae neng kuburan”.  


Sewise madan suwe gole ngaso jagongan, lan segane ya wis mudhun, wong loro leyed-leyed mlaku ngulon. Neng-nengan keton kang Mitro egin bebeh kandhahan. Semana uga si Bonilem meneng mbuh lagi ngalamun apa nganti kaget mbareng kang Mitro ngorong-orong ngundangi batire, sing lagi mlaku neng lor gili wis kepara madan ngulon perek pretelon sing maring ngalor. “Bang .. bang ….”, tapi kayonge sing deundang ora krungu apa ora ngerti. Mulane kang Mitro karo keprok-keprok  ngorong-orong lewih seru maning ngundang: “Bang .. bang .. Bri .. Bri .. bang Febri” tapi sing deundang tetep ora krungu.
Krungu kang Mitro ngorong-orong “Bang .. bang .. Bri .. Bri .. bang Febri” kaya kuwe, Si Bonilem karo manthuk-manthuk mesam-mesem nyawel pundhake kang Mitro karo ngomong: “Kang .. angger kaya kuwe kayane neng pojokan pretelon kana kae apike mbesuk debangun gedhong bank BRI baen ya kang” tapine kang Mitro ora nggople-nggoplea karo terus mlaku ngulon.
Butul pretelon gili sing maring ngidul wong loro padha mandheg, kayane bingung arep terus ngulon apa menggok ngidul. Bonilem banjur takon maring kang Mitro: “Kang, angger ngulon ana apa?”. Neng kono, neng totogan gili sekang lor kuwe daleme mbah Kodim, manten prejurit kraton Pasirluhur” wangsulane kang Mitro. Si Bonilem cepet nyaut: “Angger kaya kuwe, nggo ngormati jasane mbah Kodim, mbesuk neng kono apike nggo kantor KODIM bae ya kang?”. “Cocok bin setuju” wangsulane kang Mitro mantep.
“Lha angger meng ngidul gutul ngendi kang?” pitakone si Bonilem. “Ya gutul segara kidul ya”, wangsulane kang Mitro. “Angger kaya kuwe meng ngidul bae ya kang, sapa ngerti ketemu prawan ayu ya kang, kan lumangyan kena nggo ngumbah mripat”, jalukane Bonilem. Kang Mitro mung manthuk.
Wong loro kethimik-kethimik banjur padha mlaku ngidul, ora kandhahan, kabeh padha ngumbar ati karo pikirane dhewek-dhewek.  Mbuh apa sing padha depikir lan mbuh apa sing padha derasakna. Ningen ora suwe kaya kuwe, si Bonilem nyawel pudhake kang Mitro maning. “Kang kae ana rubung-rubung neng emper toko, ana apa kae, mayuh padha melu ndeleng” jalukane si Bonilem.
Wong loro banjur githir mereki wong-wong sing lagi ngrubung wong lanang turon sikile kejet-kejet, cangkeme metu umpruke. “Anu kenang apa si kuwe Min?”, babah sing duwe toko takon maring pegawene sing lagi nulungi. Krungu juragane takon kaya kuwe, wong sing deundang Min kuwe ndhengangak karo semaur: “Anu kenang sawan gan”. (Gan maksude juragan). Si Bonilem sing biasane apa-apa detakokna siki ora takon babar blas, mung nyathet mbuh apa sing detulis neng cathetane.
Mbareng wong sing kenang sawan wis emut, wong-wong sing ngrubung ndeleng padha bubar, lunga mbuh maring ngendi baen. Semana uga Bonilem karo kang Mitro, nerusna laku maring ngidul. Lagi pirang langkah, genti kang Mitro sing nabok pundhake Bonilem karo takon: “Ko si miki nyathet apa, ketone koh wigati nemen, jajal ngeneh inyong tek melu maca”.
“Nyah kiye, anu ora rahasia ikih” wangsulane Bonilem karo aweh cathetane. Mbuh apa sing detulis Bonilem, tapi kang Mitro cekakan mbareng maca tulisane Bonilem. “Kiye salah tulis kiye” komentare kang Mitro. “Kudune ora degandheng kaya kiye, angger degandhen onine dudu sawan gan tapi dadi sawangan”. “Tapi ora papa lah ya kang, wis kebanjur si” semaure Bonilem. “Iya ora papa, malah apik kuwe nggo jeneng desa kene baen Sawangan”. Bonilem acung jempol banjur padha salaman kenceng.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar