Kamis, 12 November 2015

UDAN SEPISANAN






















Mangsa kapat wis kliwat
mangsa kelima wis lunga
mangsa kanem nembe nimbul
Senen pahing sanga November

Mangsa terang limang wulan
lemah pecah ora ketiban udan
wong-wong padha ngresulah
uga ana wong salah polah

Akeh upaya nyuwun medhune udan
neng Banyumas cowongan utawa ujungan
neng Ponorogo adus neng beletan
neng Malang ngiring kucing pengantenan

Pemerintah nyebar uyah neng dhuwuran
para santri padha Istisqa neng lapangan
uga ana sing nggawa kewan piaraan
kabeh mau upaya murih mudhune udan

Kemis wingi wis wiwit grimis
urung deres mung kaya kinjeng pipis
godhong egin mbledug urung klimis
hawane madan adhem urung atis

Bocah cilik marahi si biyung dadi bingung
dekongkon neng warung tuku jagung
ora wurung karo batir dolanan payung
neng tengah lurung ndeleng kluwung

Alhamdulillh dhuh Gusti Allah
dina Jemuah udane tambah kathah
wong-wong wis padha bungah
senajan udan uga mlebu ngumah

Musim pancaroba wis teka
ora lanang ora wadon ora inyong ora rika
udan-udanan gawe ora enak badan
awak nggreges mriyang dadakan

Mung siki kudu eling ya kanca batir
bar udan biasane banjur banjir
ora cukup mung dhikir utawa mikir
tapi kudu temandang nyegah anane banjir

Tidak ada komentar:

Posting Komentar