Kamis, 05 November 2015

GARA-GARA
















Tengah wengi ki dhalang suluk ngaluk-aluk ….
Sangsaya dalu raras ambyor lintang kumedhap
iki dunya tengah wengi terang gandaning puspita
ee…. karengganing pujanira
oo… sang dwijawara mbrengengeng
lir swaraning madu branta
manungsung sarining kembang

Gara-gara ….
Gangsa tinabuh slendra pathet sanga
munggah gendhing gunungsari kalibagoran
prepat panakawan pating jedhul menthungul
Bawor Gareng karo Petruk
ora keri ki Semar Badranaya tut wuri handayani
ngrembag babagan owahing kahanan

Mangsa terang kayong panjang pisan
mangsa kapat wis kliwat
tuk padha sat belik mutik kali ora mili
suket teki mati godhong pring garing
wong-wong padha ngomong
kabeh mau gara-gara Petruk dadi ratu

Maen pisan critane man Madkasan
mbuang tegesan perek runtahan
geni murub mubal-mubal
kaya kena ubub alase melu murub
kabeh kobong kaya lakon Anoman obong
tapi ujare kang Carub Bawor
alas murub gara-gara Gareng munggah loteng

Sejen maning ujare si kaki Semar
dolar regane mekar sepi neng pasar
puluhan selembar mung olih ketumbar
terus ati ora sabar pikiran ora nalar
omong kasar deumbar ben mlebu layang kabar
kuwe gara-gara nyoblos kesasar
nalika pilihan pemimpin anyar

Dhuh Gusti pemimpin paringana sabar
lan masarakat paringana sadhar
gole omong aja glogok soar
ora desaring endi alus endi kasar
syukur bage gelem istighfar …..


Tidak ada komentar:

Posting Komentar