Kamis, 19 November 2015

NUTU




Dhong jaman Landa, maksude dhong tlatah Banyumas egin dadi jajahan Landa, beras neng tlatah kene (Purwokerto) sing kondhang kuwe beras Grendheng. Masarakat mligine wong sing sugih utawane wong-wong Landa senenge adang beras Grendeng kuwe. Berase putih memplak, las-lasane wutuh, dedang dadi sega pulen.
Jaman gemiyen mligine wong sing sugih, duwe sawah amba, duwe lumbung, duwe kandhang lesung sing ana lesunge nggo pranti nggawe beras. Semana uga tukang tempur alias bakul beras, sing saben dinane kudu gawe beras mesthi duwe lesung. Wong sugih utawa tukang tempur kuwe wis duwe wong-wong sing kon pura nutu. Pira wonge sing nutu kuwe gemantung sepira akehe sing arep detutu.
Saben dina sing wis detentokna sedurunge, wong sing biasa tukang nutu utawa buruh nutu (umume wong wadon) teka.terus ngetokna pari sekang lumbung nggo depepeni. Sepira akehe, biasane pirang pocong utawa pirang gedheng. Pas panen, pari deuntingi setekem-setekem, watara 5 unting dejiret dadi sepocong lan rong pocong dejiret dadi segedheng.
Angger mepeni pari, gedhengan utawa pocongan pari kuwe deudhari taline dadi untingan maning, dejembreng ben gelis garing. Sewise garing parine banjur detutu. Pari sing garing gampang detutu, gabahe gampang mleceh ora kaya pari adhem wuled tur berase gampang remuk dadi menir.
Sing sepisanan detindakna ya kuwe nlusuhi. Pari sing esih ana omane cut seunting rong unting delebokna neng lesung, utawane detata neng lemah sing wis degelari gelaran. Omane deidek, parine detutu, yakuwe detotogi karo alu, nganti gabahe padha mleceh.
Gabah sing wis padha mleceh kuwe banjur detapeni. deinteri karo tampah lan deadhangi karo tampir (tampah amba). Tujuane napeni kuwe misahna beras utawa gabah karo merang utawa dhedhek. Dene nginteri kuwe nggo misahna beras karo gabah, utawane beras karo menir. Berase. sing wis bersih dewadhahi, sing egin urung bersih desosoh neng lumpang.
Sewise depisahna antarane beras, menir (beras lembut), bekatul (dhedhek sing alus/ lembut pisan) karo merang dewadhahi ngango wadhah sing beda-beda merga kanggone ya beda-beda. Merang kena nggo endhek-endhek suluh neng pawon, dhedhek nggo pakan kewan. bekatul kena nggo gawe panganan (bandhos), Menir kena nggo gawe glepung utawa panganan (meniran) lan beras jelas nggo gawe sega, kupat, lonthong, arem-arem utawa panganan liyane..
Sing perlu dadi cathetan kuwe ya babagan bledug sing lembut pisan, gampang kegawa angin maring endi-endi tur maninge neng kulit rasane gatel pisan. Angger adus gole sabunan ora bersih temenan, wong-wong buruh nutu kuwe akeh sing kena penyakit panu alias panunen.

Kanti anane pari jenis unggul sing gabahe gampang rogol sekang omane, lan anane mesin selipan beras (rice mile) pegawean nutu sengsaya ilang, sing marahi buruh nutu ya ilang uga. 


Tidak ada komentar:

Posting Komentar