Kamis, 31 Desember 2015

DEARANI KUMPUL KEBO



Gutul wulan Mulud taun 1949 Jawa sekiye tegese inyong gole nganggo iket nggo pedinan wis 8 taun alias wis genep sewindu. Inyong molahi nganggo iket kuwe pas neng pendhapa Banyumas ana acara Jamas Tosan Aji. Neng kumpulan panitia inyong njaluk paling ora panitiane padha nganggo iket, sukur dene para dhayoh ya kersa ngagem iket. Lha inyong nggawe aturan kaya kuwe dadine inyong ya ora kena mblenjani. Inyong kudu iket-iketan uga.
Angger siki tah iya, inyong gole nganggo iket wis keton rapi, wis akeh sing aruh-aruh jere maen. Sing njaluk dewarahi carane masang ben keton rapi kaya ikete inyong uga ora mung siji loro. Lewih-lewih mbareng pegawe Kabupaten Banyumas (saben dina Kemis) semana uga pegawe Propinsi Jawa Tengah (saben tanggal 15) kon padha nganggo penganggo tradisional. Malah ana dhayoh nguja teka sekang Sleman Jogjakarta mung perlu arep njaluk warah njiret iket.
Awal-awal inyong arep nganggo iket, lha gole ginau kuwe udhet pisan. Njagong kursi ngadhep kaca pengilon. Tangan loro udhet nyekel iket degubed-gubedna neng sirah. Ora trima sepisan njiret langsung dadi. Pokoke ping kopang-kaping. Sering uga sepisan njiret dadi, tapi mbareng deudhari dejiretna maning ora dadi. Baleni maning baleni maning nganti gulune rasane cengeng.
Nganggo iket kuwe akeh susah-senenge. Susahe kuwe ya angger nganggo iket ora mesthi sepisan dadi rapi. Kadhang kala udhet ora dadi-dadi, mbangkane wektune mangkat wis meped. Ana maning susahe kuwe ya angger lunga nganti ngliwati wektu sholat lan kudu sholat neng kana-kana. Angger arep wudlu, nyopote iket kudu ngati-ati pisan ben gampang gole masang maning. Dene senenge ya dadi akeh sedulure. Neng endi baen wong-wong padha ngingetna lan ngapalna, sing akhire dadi kenalan lan dadi seduluran.
Sewijing dina, embuh kapan inyong wis kelalen, inyong deundang kumpulan neng kabupaten. Kaya adat sabene, angger urung demolahi wong-wong padha guyon, padha glewehan. Salah sijine pejabat kabupaten ana sing takon maring inyong, kenang apa inyong koh seneng nganggo iket, ora jere kuplukan apa dene topian.
Kanti gaya dhosen njelasna maring mahasiswane inyong molahi nerangna telung alas an kenang apa inyong ngango iket yakuwe:
Sepisan iket kuwe arupa lembaran bujur wangun segi-telu, kuwe merlambangna unsur-unsur sing kudu deugemi nggo landhesan pikiran lan tumindake menungsa, yakuwe: Gusti Allah, lingkungan masarakat lan lingkungan alam sekubenge kita, Telung unsur kuwe sing kudu dadi pengemut saben-saben awake dhewek arep tumindak. Mulane iket dejiretna neng sirah. Ping pindhone, sirah inyong buthake wis amba, rambute tipis, angger kenang AC cekot-cekot, kudu ana tutupe. Arep kuplukan, kayon kaya santri nemen, Arep topian, angger neng jero ruangan kayong ora patut. Ping telune nganggo iket kuwe kayong keton melu nguri-uri budhaya dhewek
Kayong urung rampung inyong gole ngomong wis ana nom-noman sing nyandhak takon: “Angger kados niku, yang Nardi mpun mlebu dados anggota Kumpul Kebo nggih Yang.” Inyong madan kaget campur bingung: “Maksude kepriwe kuwe mas?” pitakon inyong. “Maksude nggih niku .. Eyang Nardi mpun kecathet dadi anggota Perkumpulan Kepala Botak.” “Asyeeem .. anu biasa dolanan plesetan malah dadi kepleset dhewek.”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar