Kamis, 07 Januari 2016

NAPAK TILAS BOYONGAN BUPATI



Neng kumpulan potret-potret kuna, ana 3 lembar potret sing nggambarna kahanan alun-alun Purwokerto pas  rombongan boyongan Bupati Banyumas gutul neng alun-alun Purwokerto. Jan kayong rame nemen, warga masarakat tumplek blek neng alun-alun, ngurmati rawuhe ndara kanjeng. Ketone si para penggedhe bar mudhun sekang mobil langsung tindak arepan mlebu neng pendapa.
Neng gapura ana tulisan werna ireng sing monine “7 JANUARI 1937” neng blabag werna putih. Embuh asli apa tambahan, inyong ora ngerti. Angger tulisan kuwe bener utawa asli, ateges tanggal 7 Januari 2016 ngesuk kiye genep 89 taun lan taun ngarep (2017) genep 90 taun utawa 9 dasa warsa boyongan Bupati Kabupaten Banyumas sekang kota Banyumas maring kota Purwokerto.
Neng potret kuwe pancen ora ana tulisan sing nyebutna bupati sapa sing boyongan kuwe. Ningen angger degandhengna karo cathetan urutan bupati neng pamrentahan kabupaten Banyumas, jelas sing pas jumeneng bupati neng taun 1937 kuwe ya bupati RAA. Sujiman Gandasubrata (1933 - 1950), alias bupati sing kaping 19 neng Kabupaten Banyumas.
Pancen neng cathetan sejarah desebutna lamona dhong dina Senen Wage tanggal 1 Nopember 1830 tlatah Karesidenan Banyumas debagi dadi 5 tlatah kabupaten, yakuwe kabupaten-kabupaten: Dayeuhluhur, Ajibarang, Banyumas, Purbalingga karo Banjarnegara. Purwokerto klebu tlatah Ajibarang. Gandheng neng Ajibarang sering ana angin brubugan, dalem kabupaten Ajibarang tanggal 6 Oktober 1832 depindah maring Purwokerto.
Kahanan kaya kuwe gutul taun 1935. Neng taun 1935 ketekan jaman malaise (ilat Jawa ngaraninane “jaman mleset”). Pemrentah Landa kurangen dhuwit nggo mbayari pegawe-pegawene. Kanggo ngatasi kahanan sing kaya kuwe mau pemrentah Landa banjur mbusek Kabupaten Purwokerto delebokna maring Kabupaten Banyumas, tanpa mbusek urusan kejaksaan karo pengadilan. Mulane nganti seprene neng Banyumas karo neng Purwokerto padha-padha ana: alun-alun, pendapa kabupaten, kantor kejaksaan, kantor pengadilan karo umah penjarane.
Akhir taun 1936 pendhapa Si Panji, pendhapa kabupaten Banyumas debongkar perlu deboyong maring Purwokerto. Miturut dongengan wong kuna, jerene boyongan salah siji saka guru pendhapa sing kramat, sekang Banyumas maring Purwokerto kuwe ora ngliwati kali Serayu.
Bener lan orane inyong ora ngerti, merga ana crita maning sing ngomongna lamona crita kuwe anu mung akal-akalan, nggo nglombo, ben ora derusuhi neng turunane ki Demang Toyareka sing manggon neng tlatah Kalibagor apa dene Sokaraja. Wektu semana Kalibagor, Sokaraja, Kembaran lan Sumbang egin mlebu tlatah Kabupaten Purbalingga. Ora let suwe, pas tanggal 7 Januari 1937 bupati Banyumas RAA. Sujiman Gandasubrata melu boyongan maring Purwokerto.
Inyong wis tau gendhu-gendhu rasa karo pak Bupati, karo bapak-bapak sekang Bank Indonesia Kantor Perwakilan Purwokerto, saupamane deanakna acara “Napak Tilas Boyongan Bupati” kanti mbaleni kahanan jaman kuna (1937). Pas tanggal 7 Januari pak Bupati nitih mobil kuna, deiring karo motor lan mobil kuna sekang Banyumas maring Purwokerto.
Gutul neng alun-alun Purwokerto, desambut karo atraksi kenthongan apa ebeg, deterusna karo anane acara pameran motor lan mobil kuna neng alun-alun apa neng GOR Satria. Kayane koh maen pisan. Hotel karo restorane payu, merga sing duwe lan sing seneng motor lan mobil kuna kuwe umume wong sugih-sugih sing panggonane padha neng senjabane kota Purwokerto.



 





Tidak ada komentar:

Posting Komentar