Kamis, 28 Januari 2016

Bocah Enom Padha Tiru Pejabat



Merga ngrumati eyang putri (bojo inyong) mriyang, kena lara kanker, dadine inyong wis kliwat sekang 4 taun ejleg-ewer mlebu-metu rumah sakit. Saking seringe meng rumah sakit, nganti sekang bagian pendaftaran, perawat, dokter, apotik gutul bagian kasir padha kenal apal, guyon kaya karo sedulur.
Sepisanan operasi kuwe tanggal 22 Oktober 2011 operasi gondhok neng RS Margono Sukarjo (RSMS). Operasine lancar kena darani ora ana alangan apa-apa. Ningen rampung operasi inyong deundang lamona detemokna jaringan sing aneh sing perlu deperiksa neng laboratorium. Let rong dina inyong domongi, jerene kuwe jaringan tumor ganas, lan asil periksan sebanjure jere kuwe kanker nasofaring,
Ujare dokter, lara kanker nasofaring kuwe kanker sing manggon neng saluran ambegan gutul krongkongan, lan klebu tumor ganas. Akeh pasien sing ora kuwat nandhang lara kuwe. Inyong ya kaget pisan, apa maning bojo inyong. Bingung kayane umure wis cindhek pisan.
Terapi sepisanan neng bagian radio terapi, desinar sekang njaba yakuwe neng bagian sirah gutul dhadha sisih ndhuwur ping 33 deterusna sinar bagian njero langsung titik tumor (ping 6) neng RS Kariadi Semarang lan detapisna nganggo kemo terapi (ping 6) uga neng Semarang. Bobot awak sing maune 60 kg anjlog dadi mung kari 39 kg. Jan keton melasi pisan bojo inyong, gering, ireng, gundhul,leklak-leklok kayong ora duwe tenaga.
Sing nangani ora mung dokter siji, ningen arupa tim dokter sing cacahe ana lima, yakuwe dokter mligi penyakit-penyakit: dalam, THT, saraf, jantung, paru karo radio terapi. Sekang Semarang inyong wis dewei layang sing detujokna maring dokter-dokter neng RSMS kon nangani sekalane neng Purwokerto. Senajan kaya kuwe nganti siki saben 6 wulan ya tetep kontrol neng dokter THT RS Kariadi.
Neng Purwokerto tetep kontrol neng Pusat Geriatri RS. Margono Sukarjo. Matur kesuwun Gusti Allah,ingkang sampun paring kemurahan, kesehatan lan kekuatan, siki kahanan bojo inyong kena darani kari mulihna semendhing lan muga-muga ora kumat maning. Sing tek emut-emut banget kuwe welingane dokter saraf karo para normal Semarang, sing jere inyong kudu teyeng gawe seneng maring bojo inyong.
Priksan utawa berobat neng Pusat Geriatri kuwe kit egin sepi, langka pasien, ruang perawatane egin kosong langka sing manggon  Beda karo siki, wis rame, pasiene wis akeh, ruang perawatane wis kebek malah neng sebelah kidul wis nambah mbangun gedhong maning lan wis dadi wis siap deiseni pasien.
Sewijining dina pas kontrol neng dokter saraf, ketemu karo dr. Untung Gunarso sing jerene uga dadi pengurus neng Geriatri. Inyong takon kapan si bangunan sing anyar kae arep molahi deenggoni, nampa pasien rawat inap. Dheweke semaur lamona molahi denggoni wulan kiye, dene peresmiane wulan ngarep.
Krungu dr. Untung ngendika kaya kuwe, inyong banjur semaur: “Lha niku sing marahi bocah enom padha tiru pejabat”. Kayong madan kaget campur bingung dr. Untung banjur takon: “Maksude kepripun niku?”.
“Lha niku wau, jere bangunan urung deresmekaken empun ajeng denggeni krihin. Lha nika pabrik semen, wis produksi pirang-pirang tembe deresmekaken, jembatan empun wara-wiri deambah tembe deresmekaken. Mulane bocah enom padha tiru-tiru kaya niku nggih niku, Bojo urung deresmekaken empun deambah, mpun wara-wiri dengge malah enten sing empun berproduksi barang”.
Krungu inyong njawal kaya kuwe, dr. Untung teyenge mung gedheg-gedheg karo nyengenges ora semaur apa-apa.
 
 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar