Form Follows Function utawa wangun manut
kagunan kuwe jan-jane ngelmu utawa teori babagan arsitektur neng Negara-negara
Barat, terus degawa maring Indonesia. Sing sepisanan ngomongna ukara form follows function kuwe Louis Henri
Sullivan neng taun 1896. Louis Henri Sullivan kuwe salah sijine arsitek Amerika
sing cukup kondhang kanti sebutan “Father
of Modernism”
Neng
ngelmu arsitektur, teori form follows
function maksude lamona wujud utawa wangun wangunan siji lan sijine
debedakna gemantung kegunan wangunan kuwe. Maksude amrih pegawean sing
detindakna neng jero wanguan kuwe bisa lemaku kanti kepenak lan gedhe kasile.
Kejaba kuwe, kanti wujud sing beda wong-wong bisa langsung ngerti kira-kira
pegawean apa sing detindakna neng kono. Contone, kantor beda karo restoran,
pendapa beda karo mesjid, sekolah beda karo pasar.
Senajan
teori form follows function kuwe
tembe ana neng Barat tahun 1896. ningen arsitek-arsitek tradisional Jawa kuna
sedurunge taun kuwe wis bisa lan biasa mbedakna wangunan sing cocok karo
pigunane. Mulane nganti seprene neng tanah Jawa egin ana sebutan-sebutan
wangunan: panggang pe, pisang selirang, gajah ndherum, srotong, limasan, tajug,
joglo utawa tikelan, utawane wangunan traju mas, sing kabeh mau beda-beda
penganggonane.
Senajan
isi lan pengertene meh jumbuh, ningen jeng Jawa kayong ora dekenal teori Form Follows Function kuwe. Neng Jawa
teori sing gegandhengan antarane wadhah karo isine utawa wujud njaba karo
jeroane kuwe cokan desebut teori “jagad gedhe jagad cilik”, sing cara mancane
jere “macro cosmos – micro cosmos”. Jagad
gedhe nglambangna sing wadhag, kasat ing mripat, dene jagad cilik ngemu teges
barang sing ora kasat mripat, sing loro-lorone kuwe gegandhengan. Dadi ora mung
babagan wangunan, ningen uga babagan penganggo, karo panganan.
Prof.
Eko Budihardjo {alm) tau ngendika: “Inyong tidhokna umahmu. inyong arepan
ngerti kepriwe kahananmu”. Wong kuna angger arep gawe umah kuwe detung neptu
dina lahirane, dawa utawa ambane umah deukur ngango dhepa, pecak utawa kilane
wong sing arep manggon neng kono. Kabeh mau nandhakna lamona raket banget
hubungan antarane umah karo sing manggon.
Babagan
penganggon, wong kuna wis mbedakna penganggo wong lanang karo wong wadon. Mung
dedeleng sekang penganggone, wong wis teyeng mbedakna antarane wong lanang,
wong wadon, wong tuwa, wong enom utawane bocah. Beda karo jaman siki, angel
mbedakna wong wadon apa wong lanang merga penganggone padha baen. Mbangkane
wong kuna wis ngomongna lamona “ajining dhiri ana lathi, ajining raga ana
busana”.
Babagan
panganan ya semana uga, kanti ndeleng buntele karo cara mbuntele wis teyeng
ngerteni kuwe panganan apa lan kepriwe rasane. Sing denggo mbuntel panganan kuwe
biasane godhong, apa kuwe godhong gedhang (teles/ijo utawa garing/klaras),
janur (nggo werna-werna kupat), godhong pring (nggo sumpil) godhong jambu
(mbuntel tape ketan) lan uga godhong jati (mbuntel dagangan pasar).
Godhong
sing paling akeh nggo mbuntel utawa ngetum panganan ya godhong gedang. Kayane
puluhan lah ya. Jajal si detung ngonoh panganan sekang beras umpamane:. rames,
meniran, bubur sungsum, lonthong, arem-arem, lemper kabeh wis beda ujud
buntelane. Kuwe kabeh debuntel nganggo godhong sing esih ijo alias godhong sing
esih teles. Angger gula klapa, clebek ben ora mbanyu, kuwe debuntel utawa detum
nganggo klaras utawa godhong gedhang garing lan cara ngetume ya beda maning.
Kanggo wadhah,
godhong ghedhang bisa degawe pirang-pirang macem wadhah gemantung kebutuhan.
Wadhah-wadhah kuwe umpamane: conthong nggo wadhah kacang goreng/ godhog, takir
wadhah barang sing mawur umpamane sega/ramesan, kembang sawur, pincuk wadhah
panganan sing semu-semu teles sing arep langsung depangan umpamane pecel, rujak
lan sudhi biasane nggo wadhah lawuhan neng nggon kiriman.
Lemper bungkusan kuna
Tidak ada komentar:
Posting Komentar