Kamis, 14 Januari 2016

NIRDAN DISUN DASITEM



Wulan Juli taun 1957 inyong lulus sekang Sekolah Rakyat  (SR) Negeri Sumampir, olih ijazah karo tandha lulus. Bijine cukup lumangyan, gunggung ana 32 sekang patang wulangan sing deujekna. Neng pak guru dedaftarna bareng-bareng karo murid liyane neng SMP Negeri 2, lan alhamdulillah sing ketampa kayane ya ana 10 bocah klebu inyong. Inyong crita maring ramane, ramane inyong ya seneng pisan, ora ngerti apa-apa ngerti-ngerti koh inyong klebu neng sekolah negeri. 
Senajan kedadiyan wis nguna, tapi inyong egin kalingan baen. Ora mung crita babagan Nirdan Disun Dasitem sing egin cetha wela-wela, tapi uga babagan liyane, umpamane babagan kanca-batir, bapak utawa ibu gurune, warunge pak Gepeng sing adol mendhoan, gorengan dhage lan panganan liyane sing sering deuntheti neng bocah-bocah. Mangan 5 ngomonge mangan 3 utawa 2.
Oh iya, wektu semana angger munggah kelas 3 SMP kuwe wis debagi ana bagian A (bagian ilmu sosial) lan bagian B (bagian ilmu pasti). Merga neng rapot kelas 2 catur wulan sing ping 3 wulangan etung dagang bijine inyong abang (5), mulane inyong deunggahna maring kelas 3 B.
Wektu semana kepala sekolahe ibu Marimah Suroso, sing mulang ilmu ukur nggo kelas 3 bagian B. Pak Darsim mulang aljabar, Pak Anarno mulang ilmu alam karo apa si ya, inyong madan kelalen. Jar inyong pak Anarno kuwe pacaran karo bu Ratna guru ilmu alam kelas 1 karo kelas 2. Pak Sujadi guru gambar kelas 1 karo kelas 2 sing angger mbiji ndadak ndeleng biji gambar sedurunge, dadine ya angel pisan nggo ngunggahna biji.
Babagan bu Ratna blakan baen inyong seneng dewulang dheweke, mergane bu Ratna kuwe ayu. Inyong seneng nyinaoni wulangane bu Ratna dadi angger ulangan olih biji apik, dadine bu Ratna seneng maring inyong, nganti Darmatin batir sekelas inyong kayong iri, ngomong; “Kuwe Nardi, sing anak emase bu Ratna”. Lha wong dheweke lewih gedhe ketimbang inyong, inyong ya trima meneng baen.
Sing inyong salut ya maring pak Abdulah, sing mulang wulangan bahasa Inggris, karo menggambar. Lukisan Abraham Lincoln, presiden Amerika neng triplek sing deslomodi nganggo solder karyane pak Abdullah kuwe jan maen pisan. Kejaba pelukis, pak Abdulah kuwe juga jago main biola. Muride sing jago main biola ya mas Indratmo Yudono sekang Sidaboa
Beda maning crita babagan pak Saldan guru ilmu hayat, sing angger ngendikan madan karo muncu-muncu. Sewijining esuk pak Saldan duka merga bocah-bocah dekon maju nggambar kembang terong ora ana sing teyeng. Lha mbareng takon kenang apa dhengkil mburi sapi, kebo, wedhus utawa jaran koh ana pendhukulane. Mbareng wis madan suwe ora ana sing ngacung, inyong ngacung, tek wangsuli untung-untungan, lamona balung sing mendhukul meng mburi kuwe balung tungkak. Alhamdulillah bener, slamet inyong ora dedukani pak guru.
Lha crita babagan Nirdan disun Dasitem kiye dudu crita lomboan, tapi jan crita ana temenan, inyong jan nekseni dhewek. dadi ora jere-jere baen. Kiye kedadiyan pas inyong egin neng kelas 1. Pak Ismail, pak guru sing mulang olah-raga, kesehatan karo wulangan menyanyi, sewijining dina ndhawuhi kabeh bocah kon nembang. Siji-siji urut absen, lha mbareng gutul gilirane Nirdan pak Ismail ngendika: “Nirdan disun Dasitem”, lha bocah-bocah ya padha surak reang pisan. Sing melasi ya Dasitem, kayong isin pisan nganti raine pucet.
Mbareng bocah-bocah wis madan anteng  pak Ismail ngendika uga karo nggujeng: “Lha apa inyong salah, wong genah neng absen kiye urutane ya bar Nirdan terus Disun, lha tembe Dasitem, dadi kon gelis rampung, jajal bocah telu, Nirdan, Disun karo Dasitem maju nembang bareng”.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar