Kamis, 17 Maret 2016

Aja Nganggo Aksara “H”



Neng bale desa deanakna penyuluhan babagan Keluarga Berencana utawa KB kanggo para ibu-ibu sing egin enom-enom. Ibu enom sing kemungkinan egin teyeng meteng alias usia subur. Sing dadi penyuluhe kuwe petugas sekang kabupaten debatiri neng bu Kades. Sing dadi Kades (Kepala Desa) pancen ibu-ibu.
Sejan-jane sing deundang kon teka kumpulan kuwe ya mung ibu-ibu thok. Ningen dhasare ibu-ibu ya ora teyeng kon mangkat dhewek, tetep kudu nggawa anake sing egin cilik, mligine sing egin desusoni. Apa maning penyuluhane deanakna neng dina lan jam kerja dadi bapake ya ora teyeng nggenteni momong.
Jane materi utawa apa sing deomongna neng penyuluh babagan KB kuwe ya maen. Dhasar penyuluhe ya wong pinter ngomong, debumboni dhagelan lan madan saru-saru semendhing marahi sing ngrungokna ya ora bosen, padha njagong kit awal gutul rampung.
Sepisanan babagan tuna bathine wong melu KB. Wong mligine wong wadon melu KB kuwe akeh bathine ketimbang tunane. Ibu-ibu melu KB kuwe dadi teyeng duwe wektu sing longgar, sing bisa nggo ngrumat awake dhewek babagan kesehatan utawane kesenengan liyane.
Gandhengane karo kebutuhan dhuwit, ngrumat bocah semendhing karo bocah akeh kuwe lewih entheng ngrumat bocah semendhing (cukup loro baen). Aja mikir anak kuwe nggawa rejeki dhewek, kuwe kan angger anake wis teyeng pakhal, angger egin sekolah, angger mriyang, wragade sekang endi, kabeh mau ya bakal ketemu neng rama biyunge. Apa maning jaman siki, urip kuwe rekasa, reregan apa-apa larang. Jaman siki ora ana barang gratisan..
Pemerintah kit taun 1967 wis mikirna babagan Keluarga Berencana utawa KB. Wis pirang-pirang program delaksanakna. Salah sijine ya kuwe program NKKBS sing jara artine kuwe Norma Keluarga Kecil Sejahtera, tapi cara inyonge kuwe Namung Kalih Kemawon (putrane) Ben Sae (penguripane).
Babagan alat kontrasepsi utawa alat nggo ngatur wektu kapan arep meteng pirang-pirang werna wis desedhiakna neng pemerintah. Ana lalt sing bisa depasang dhewek, tapi ana sing kudu njaluk tulung dokter. Ana sing deombe la nana sing desuntikna Sepisanane tah gratis, tapi wis kudu swadaya masarakat.
Jenenge tah kumpulan KB. tapi kahanane rame kaya neng Pos Yandu utawa neng PAUD. Kejaba rame neng swara bocah, ana sing nembang, ngorong-orong utawane playon malahan ana sing nangis barangan, uga wateke kaum ibu sing seneng ndopok marahi ibu-ibu ora teyeng ngematna mligi apa sing deomongna neng petugas penyuluh KB.
Mbareng gutul acara pitakonan yu Sarinah, sing njagong neng larikan bagian mburi ngacung kayong arep takon, tapi jebulane mung arep crita pengalamane. Karo nyambi nusoni anake sing lagi umur 9 wulan dheweke ngomong: “Niki nggih mba, pengalaman kula, lagi mlebu separo be saged dadi, napa malih angger mlebu kabeh, nggih akeh dadine lah ya”.
Krungu omongane yu Sarinah sing kaya kuwe mau, sekal wong sebale padha gemuyu kabeh ya. Salah pengrungon. Kon mlebu KB, ngganen krungune kon mlebu kabeh. Dadi mba penyuluh ya mangsuli: “Aja nganggo aksara h kuwe yu …..”




Tidak ada komentar:

Posting Komentar