Kamis, 31 Maret 2016

SARWA LORO



Akhir-akhir kiye iyong cokan detakoni neng wong pendatang neng Purwokerto utawane  neng tlatah Kabupaten Banyumas liyane. Pitakonane pancen sedherhana alias ora ndakik-ndakik yakuwe “Kenang apa neng Kabupaten Banyumas kiye koh sarwa loro, ana alun-alun loro, pendhapa loro, kantor kejaksaan negeri loro, kantor pengadilan negeri lan pengadilan agama ya loro-loro klebu penjara ya loro”.
Blakan baen maune dhong egin enom inyong ya gumun weruh kahanan sing ora umum kaya kuwe. Dhong sekolah gemiyen pak guru utawa bu guru urung tau mulang babagan kaya kuwe. Rama utawa biyunge inyong ya urung tau crita babagan sing kaya kuwe. Arep takon maring sapa maning embuh inyong ora ngerti.
Alhamdulillah, untunge sewijing dina inyong kedhayohan sahabat sing uga dadi guru inyong, ya kuwe pak Soegeng Wijono. Maksud inyong dudu guru neng sekolahan, tapi guru neng lapangan, merga piyambake kuwe sugih ora mung foto-foto kuna, tapi uga dokumen-dokumen kuna sing inyong ora ngerti. Kanti modal foto karo dokumen kuna kuwe pak Soegeng nyritakna kahanan tlatah Banyumas
Taun 1830 sebubare perang Diponegoro sing demenangna neng tentara Landa, tlatah Banyumas neng kraton Solo depasrahna maring pemerintahan Landa, dadi gadhen Landa nggo nyaur biaya perang sing detokna Landa kuwe. Tlatah Banyumas sing maune tanah perdhikan molahi taun 1830 dadi tanah jajahan Landa.
Tanggal 1 November 1830, De Sturter tetepna dadi Residen Banyumas sepisanan. Residen De Sturter netepna 5 tlatah kabupaten ya kuwe:
1.  Kabupaten Banyumas mbawahi tlatah: Banyumas, Adireja. Purworejo Klampok;
2.  Kabupaten Ajibarang mbawahi tlatah: Purwokerto, Ajibarang, Jambu, Jatilawang;
3. Kabupaten Purbalingga mbawahi tlatah: Purbalingga, Sukaraja, Kertanegara Bobotsari, Cahyana;
4. Kabupaten Banjarnegara mbawahi tlatah: Banjar, Singamerta, Leksana, Batur, Karangkobar,
5.  Kabupaten Dayeuhluhur mbawahi tlatah: Majenang, Dayeuhluhur, Pegadingan, Jeruklegi.
Kanggo njaga kawibawan lan kelanggengan pemrentahan, Landa terus mbangun dalem kabupaten kumplit karo alun-alune, kantor kejaksaan, kantor pengadilan lan uga penjara neng saben ibukota kabupaten.
Mung emane ora ganti suwe sebubare penetepan kuwe, neng Ajibarang ana brubugan gedhe, mulane dalem kabupatene boyong maring Purwokerto. Bar kuwe kantor wakil residen, kantor kejaksaan, pengadilan lan penjara debangun neng Purwokerto.
Taun 1935 ana krisis malaise, sing wong Jawa nyebut “jaman mleset”. Merga kekurangan dhuwit nggo mbayar pegawe-pegawene, mulane Pemrentah Landa mbusek pemrentahan Kabupaten Purwokwerto, degabung dadi siji karo Kabupaten Banyumas, dejenengi Kabupaten Banyumas. Tapine kantor kejaksaan karo kantor pengadilan lan penjarane tetep deuripna nganti seprene.
Kapetung molahi tanggal 1 Januari 1936 Karesidenan Banyumas ung mbawahi tlatah 4 kabupaten ya kuwe Kabupaten-kabupaten: Banyumas, Purbalingga, Banjarnegara, karo Cilacap, sing ambane tetep kaya sedurunge ana gabungan rong kabupaten mau. Tanggal 7 Januari 1937 ora let suwe sewise mboyongna pendhapa Si Panji, bupati Banyumas RAA. Sujiman Gandasubrata (1933 - 1950) boyong sekang Banyumas maring Purwokerto.

Dalan tengah alun-alun Banyumas
 Dalan tengah alun-alun Purwokerto (sedurunge detutup)






Tidak ada komentar:

Posting Komentar