Jaman gemiyen ana tembung sing kayonge siki wis arang deucapna merga wis ilang mligine neng kota, yakuwe tembung mondhok karo ngenger. Tembung mondhok karo ngenger ngemu maksud sing padha, ya kuwe manggon neng panggonan (pekarangan utawa umah) duweke wong liya..
Mondhok, nduweni
pangerten lamona sawijining keluarga merga ora duwe umah utawa/lan pekarangan njaluk
ijin olih manggon neng umah lan/utawa pekarangane wong sing detembungi. Mondhok
kuwe ora nganggo mbayar. Dene wong sing mondhok kuwe duwe kewajiban njaga
keamanan lan resik-resik utawa ngrumat umah lan/utawa pekarangan (sing denggoni)
seisine, utawa nggarap pegawean sing dekarepna neng wong sing depondhoki.
Inyong egin kelingan
kedadiyane ningen wis kelalen wektune. Bibi inyong (adhine biyung inyong) dadi
penganten nanggap rodat. Let pirang
wektu paman karo bibi inyong misah sekang daleme eyang maring umah anyar neng
lor kulon umah inyong. Ora let suwe umah kuwe deboyong maning sekang kulon gili
lor lurung maring wetan gili kidul lurung. Bubar kuwe boyong maning meng ngidul
jejer karo umah inyong malah bareng sepekarangan, manggon neng kebon suwung.
Saking seringe
boyong, inyong dadi takon maring rama inyong, kanag apa paman karo bibi kuwe
sering boyong. Wangsulane ramane cekak aos: “Biasa, wong mondhok ya
kecenthok-centhok, wong ngenger ya kecenger-cenger”. Inyong mikine ya ora
ngerti apa maksude. Jebulane mbareng depikir-pikir maksude kuwe lamona
sekepenak-kepenake wong manggong ya manggon neng umah lan pekarange dhewek,
mulane kebon sing wis ana umahe kuwe depasrahna sisan.
Tembung ngenger kuwe
ngemu maksud lamona wong utawa bocah, biasane bocah esih cilik sing ngenger
kuwe anu detitipna neng wong tuwane utawa sedulure kon manggon neng nggone
wong/keluarga sing dengengeri. Bocah mau kon derumat pangan lan sandhangane lan
uga bisa pamulangane. Bocah mau bisa kon nyambut gawe ngrewangi pegawean wong
sing dengengeri.
Inyong esih kelingan,
ora let suwe bar balik sekang pengilen, neng umah inyong ana wong wadon karo bocah
lanang melu ngenger. Wong wadon kuwe jenenge mbok Madmustam (randha) inyong
ngundange “bibine”, Bocah lanange jenenge kang Kasim. Inyong nyebut kang merga
umure lewih tuwa semendhing ketimbang inyong.
Ni Madmustam asale
sekang Brobot Tambaksogra, inyong kelalen kepriwe gole teka neng nggon inyong,
ngerti-ngerti wis neng nggon inyong. Pegawean pedinane kuwe ngrewangi urusan
olah-olah panganan pedinan, umbah-umbah penganggo (kuwe bae ora bersih, sering
debaleni neng biyung inyong).
Dene nggo imbalane, wis
desedhiani senthong dhewek. Babagan pangan njiot dhewek ningen ya kudu
pengerten. Babagan penganggo pedinan, sering dewei lungsuran (sing egin patut
denggo), saben bada mesthi detukokna klambi jarit anyar. Saben panen,
sepanggonan bibine kon njiot pari segendhongan sekuwate dhewek.
Beda karo kang Kasim
bocah nemu neng pengungsen, rama biyung apa dene sanak sedulure mbuh wis neng
endi ora genah sangkan parane. Bocahe blenthot, tenagane rosa, mangane rosa lan
turune ya rosa, mulane kang Kasim neng ramane inyong deprentah kon ginau ngepit
ben kena nggo genti sikile ramane.
Kang Kasim uteke
kethul, kon sekolah ora gelem, mulane neng rama inyong kang Kasim dekon ngaji
baen maring langgare kyai Sidik. Sewijining dina kang Kasim detes neng rama
inyong, kon nyebutna urutan sholat wajib. Kang Kasim terus nyebutna: “subuh, lohor,
asar, maghrib ….”. Kayane kang Kasim kelalen maring sholat isya, mulane rama
inyong takon: “bar maghrib terus ngapa ..”. Kaya ora nganggo mikir dawa kang
Kasim langsung njawab: “Bar maghrib nggih nyore ….”.
Saben panen bibi Mad olih pari segendhongan
Tidak ada komentar:
Posting Komentar