Mbuh kawit jaman kapan
masarakat, mligine masarakat Jawa wis padha nganakna tradisi kepungan. Pokoke
kit inyong emut dadi bocah ya wis ana sing jenenge kepungan alias kendhuren
utawa bancakan, cara wong wetane. Inyong lan ndeane uga bocah liya krasa seneng
pisan angger ngerti bapane deundang kepungan. Batine mesthi moni: “Calone
madhang lawuh enak kiye”.
Pancene sing jenenge
tradisi, ya tradisi apa baena, klebu tradisi kepungan kuwe wong-wong wis padha
kelalen utawane wis ora ngerti sapa sing miwiti nganakna, lan kapan wektune
gole molahi nganakna acara tradisi kuwe mau. Kejabane gemiyene ana sing nyathet
sapa lan kapan gole nganakna acara kuwe. Tapi paling ora ya wis puluhan taun
masarakat gole nglaksanakna lha wis bisa desebut tradisi masyarakat.
Jaman inyong egin
dadi bocah, saben selapanan utawa 35 dina sepisan, pas malem dina kelairane
rama inyong kuwe, neng umah mesthi deanakna kepungan. Sore-sore bibine wis
adang tumpeng. Sing demaksud adang tumpeng kuwe ora mung adang utawa gawe
tumpeng, ningen kumplit selawuhane. Bar kuwe terus met godhong gedhang sing
amba rong lembar nggo sarapane. Bar magrib uwa Yasa wis teka, terus deprentah
kon undang-undang tangga teparo wong pitu.
Bubar ngisa wong sing
deundang kepungan wis padha teka, terus langsung padha njagong neng klasa sing
wis degelar sedurunge. Sewise kumplit sing deudang teka kabeh, godhong gedang
degelar, tumpeng selawuhane detokna. Uwa Yasa keton trampil pisan gole mbagi
sega tumpeng selawuhane nggo wong-wong sing arep kepungan kuwe.
Sewise depasrahna
terus deujudna, salah siji wong sing wis biasa kon ndongani, dongane nganggo
basa Arab dadi inyong ora ngerti artine. Lan sing maca donga kuwe ngertia
artine apa ora inyong ya ora ngerti. Tapi inyong yakin lamona dongane kuwe anu
penyuwunan maring Gusti Allah kon sangkane ramane karo inyong sebrayat
deparingi slamet waras ora ana alangan sewiji apa.
Bubar dedongani panganan
ora dentongna, depangan mung semendhing, lewihane debuntel nganggo godhong
gedhang sing nggo gelaran depotong-potong sing gunggunge padha karo gunggung
wong sing kepungan, Ora let suwe wong sing kepungan padha bali maring umahe
dhewek-dhewek karo nyangking buntelan berkat lewihan kepungan.
Menurut pak gedhe
Reksasiswaya, sing biasa paring ular-ular njelasna lamona sing jenenge tumpeng
selawuhane, sing werna-werna wujud, rupa lan rasane kuwe perlambang utawa
nggambarna lingkungan alam apa dene lingkungan sosial sing ana neng sekubenge
awake dhewek kiye.
Lingkungan alam,
tumpeng selawuhane neng dhuwur tampah nggambarna lamona alam raya kiye bunder
kaya tampah ningen ora rata kaya tampah, ana gunung lan ana sing rata. Dene
isine alam kiye ya werna-werna, ana kewan segara, kewan kali. utawa kewan
daratan. Neng daratan ana sewernane tanduran, sing angger deolah bisa dadi panganan
sing werna-werna rupa lan rasane,
Lingkungan sosial,
tumpeng selawuhane nggambarna lamona kahanan neng lingkungan masarakat kuwe
isine ya werna-werna rupa lan rasane. Ana ijo, kuning, cokelat, abang utawane
putih, sing angger bisa selaras, serasi lan seimbang bisa dadi campuran sing
enak desawang lan derasakna. Neng masarakat wis biasa ana beda pemikiran,
ningen kabeh mau malah dadi gayenge wong gendhu-gendhu rasa, sing kabeh mau
cara jaman sikine jere demokratis.
Neng masarakat babagan
Gusti Allah kuwe degambarna utawa delambangna karo anane tumpeng, sing sengsaya
mendhuwur sengsaya cilik lan akhire ora keton, ora kasat mripat. Kahanan sing
kaya kuwe nduwe maksud ;lamona angger kepengin bisa bebarengan karo Gusti Allah
wong kuwe kudu sengsaya cilik kepentingane karo babagan sing kasat mripat.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar