Jane inyong ya
prihatin weruh kahanan jaman sekiye. Boro-boro bocah padha basa, padha ngajeni
maring wong sing lewih tuwa, wong maring rama biyung utawa maring bapak ibu
gurune be wis kaya ora ngajeni babar blas. Senenge padha ngumpul neng gili,
udud-ududan malah cokan karo inum-inuman, ngomong genthoakan ora nggenah,
dearuh-aruhi malah padha jengkel.
Neng ngumah ya padha
baen. Boro-boro maring kakang mbekayune padha gelem salaman, wong maring rama
biyunge be angger ketemu mlengos.. Senenge neng senthong kit esuk gutul sore dolanan
hape. Angger deundang arep deprentah wangsulane jere “ya ngko”. Jar inyong
yangko kuwe kan panganan asli Jogja, mulane banjur tek semauri “geplak kiye” (geplak
uga panganan asli Jogja).
Babagan nyumedi
lampu, jaman inyong bujang, urung ana listrik. Saben sore inyong kudu nyiapna
petromak, lampu, senthir utawa ting, sing kudu diseni latung, delapi kaca utawa
sempronge. Sendhekala kabeh kudu wis murub. Lha bocah jaman siki, kadar mung
kari nyeklekna saklar be angele ora karuwan, Mulane inyong cokan ngarani bocah
siki kuwe “seneng metengi tapi emoh kon madhangi”.
Babagan panganan
bocah siki ya sering njengkelna biyunge. Biyunge repot-repot wis mantes, bali
sekolah, panas-panas, kesel-kesel, kencot mantesen madhang lawuh tegehan kuwe
seger pisan. E, jerene wis mampir jajan bakso apa tuku roti. Mubah
olah-olahane.
Babagan basa pedinan
ya repot maning. Neng sekolahan basa pengantare nganggo bahasa Indonesia. Lha
angger inyong ngajari anak inyong basa pedinan neng umah nganggo basa Jawa, bocahe
neng sekolahan ya kudu mikir ping pindho. Sepisan nerjemahna soal wulangan,
angger wis mudheng tembe mikir kepriwe carane nggarap soal wulangan kuwe mau.
Gegandhengan karo kuwe mau, mulane anak inyong neng ngumah ya deajari basa
Indonesia ben ora kangelan neng sekolahan.
Babagan anggah-ungguh
karo wulangan basa Jawa ya kepaksane desinaoni neng dhewek. Inyong ya pancen
madan kewalahan ngajari anak inyong dhewek. Apa maning sekolah neng kota, sing
batir srawungane utawa batir dolanane kuwe ya werna-werna, ana Jawa, lan akeh
uga Cinane, dadine ya budhayane campuran.
Sewijining dina
inyong lagi nyinaoni wulangan basa Jawa, sing tek wiwiti sekang kon maca
ukara-ukara basa Jawa. Sewise anak inyong kon mbukak buku piwulang basa Jawa,
sing neng kono ana sewijining ukara sing tulisane “Irunge Badrun kelebon
klenteng”.Neng batin inyong wis mbedhek lamona anak inyong pas maca ukara kuwe
mesthi salah.
Temenan. Mbareng anak
inyong maca ukara kuwe monine koh: “Irunge Badrun kelebon klentheng” (nganggo e
taling) sing artine umah panggonan ibadah Cina. Inyong ora teyeng mbayangna
sepira ambane bolongan irunge Badrun. Mbangkane janen sing demaksud kuwe ya
irunge Badrun kelebon klentheng (nganggo e pepet) sing maksude wiji kapuk randhu.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar