Kamis, 28 April 2016

Mboten Purun Ngutangi



Para pakar kemiskinan mbedakna babagan kemiskinan sekang 3 aspek, yakuwe:
1.  Kemiskinan ekonomi, yakuwe kemiskinan sing deartekna merga kekurangan sumber daya (pengetahuan, ketrampilan, kebisan mimpin, kekarepan, lan liya-liyane) sing bisa denggo nggo ngunggahna kesejahteraan wong siji utawa seklompok wong.
2.  Kemiskinan sosial, sing deartekna kahanan kekurangan jaringan lan susunan sosial, sing nyengkuyung wong kuwe ben olih kesempatan nggo ngunggahna asil kerjane.
3.  Kemiskinan politik deartekna kemiskinan merga sekang langkane kesempatan wong kuwe ben teyeng manfangatna potensi sing deduwenii nggo ngembangna awake merga anane kewicaksanan sing detetepkna neng penguasa.
Kayane koh angger crita babagan wong miskin kuwe ora bakalan ana poge, ora bakalan ana rampunge. Kit jaman kuna lereng gutul jaman siki terus jaman sing arep teka tetep ana baen wong miskin kuwe. Aturan jakat pitrah wis ana kit jaman Nabi Muhammad saw. lan egin lemaku nganti jaman siki, lan mbuh kapan gole arep debusek.
Sejan-jane miturut sujarah, kit jaman penjajahan Landa upaya ngurangi kemiskinan kuwe ya wis ana lan lemaku. Gutul jaman kemerdekaan, pemerintah Indonesia ya wis nganakna pirang-pirang program nggo ngurangi penduduk miskin. Ningen nganti gutul jaman sekiye koh ya wong miskin egin akeh baen.
Sing paling pungkasan kiye Pogram Nasional Pemberdayaan Masyarakat sing desebut PNPM Mandiri apa kuwe neng perkotaan utawane neng perdesaan. Program kuwe jane wis ana kit akhir taun 1999 ningen tembe deresmekna neng masa pemerintahan Presiden SBY. Berita-berita sing ana neng masarakat, program kiye uga ninggalna kahanan sing ora nyenengna. Wong miskin ya tetep egin akeh.
Apa jalaran agama wis ngajarna lamona seperangan dunya brana kita kuwe duweke wong miskin utawa kudu desumbangna maring wong miskin, semana uga pemerentah wajib ngrumat wong fakir miskin dadi ana wong utawa wong-wong sing sengaja api-api miskin mung nggo ngarah sumbangan utawa bantuan kuwe.
Angger pemerentah gole ngurangi wong miskin kuwe nganggo cara nyilih-nyilihna dhuwit utawa mbageni dhuwit, jane neng masarakat uga wis ana cara sing kaya kuwe. Wong sing kepetung sugih nyilih-nyilihna dhuwit ora mawi nganggo boreh utawa agunan lan ora mawi nganggo anakan nggo modal usaha wong sing lagi butuh, apa kuwe sedulur utawa tanggane. Dene nyaure bisa bali dhuwit lan bisa uga nganggo tenaga.
Semana uga rama inyong, senajan ora sugih ningen ketung enthengan. Angger pas ana dhuwit lan butuhe ora akeh ya teyeng nulungi. Sewijining dina mbok Narilem merdhayoh, sing tujuane dheweke arep nyilih dhuwit nggo modhal dodol rames detum (ndeane cara jaman sikine ya sega kucing), deider-iderna neng pasar utawa nggon proyek bangunan. Kanti usaha kaya kuwe paling ora dheweke teyeng nunut sarapan utawa madhang.
Mung emane, wektu semena rama inyong lagi ora duwe dhuwit merga dhuwite bar nggo tuku pring arep nggo ngganti pager pedangan sing wis padha tepoh kenang udan panas utawane depangan rayap. Gandheng kaya kuwe, rama inyong aweh saran mbok Narilem kon nembung utang maring pak Kyai Jarkoni.
Ora nganggo mikir dawa mbok Narilem semaur lamona wis njajal nembung meng nganah. “Lha terus jawabane kepriwe?” pitakonane rama inyong, Kanti rai keton madan sedhih mbok Narilem ngomong: “Mboten purun ngutangi kula .. tirose kula niki sanes mukrime pak kyai ….”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar