Kamis, 07 April 2016

Nggih Demut Mawon ....



Kanggone masarakat Banyumas mligine masarakat Baturaden, wis ora gumun lan wis ngerti banget babagan apa lan neng endi sing jenenge Gang Sadar kuwe. Masarakat uga wis ngerti pisan, ala-becike akibat sing detimbulna sekang tindakan sing delakoni neng kono, yakuwe prostitusi (tlembuk). Mulane seperangan warga masarakat kepengin gang Sadar kuwe detutup, ora maksud ora ana wong sing olih liwat neng kono, ningen ngendhegna prostitusi sing neng kono.
Nutup gang Sadar (panggonan prostitusi) kuwe ibarate nutup TPA (Tempat Pembuangan Akhir) runtah utawane padha karo nutup got buangan kotoran (Riool Kota). sing akibate runtah karo ambu kotoran dadi mambrah-mambrah maring endi ora. Apa awake dhewek kiye wis siap nampa lan nyegah anane ambu sing ora enak kuwe? Kabeh mau cetha ora mung dadi tanggung jawab pemerintah, ningen uga tanggung jawab kita kabeh.
Sejatine kawit taun 1989 pas ngrembug Raperda Rencana Umum Tata Ruang Kawasan Wisata Baturaden ya kuwe Perda No. 9 tahun 1989, babagan Gang Sadar nggo panggonan (lokalisasi) prostitusi wis derembug uga.
Seumpamane neng Baturaden arep desedhiani panggonan prostitusi, becike neng daerah sing madan angel deambah kayata neng Monggangsari. Wosing rembug, neng perda ora desebutna anane panggonan prostitusi, anane mung pembinaan maring para tlembuk sing manggon neng kana.
Wondene kegiatan pembinaan sing detindakna neng panggonan prostitusi kuwe mau kayata:
1.  Pendidikan budi pekerti/moral lan agama, kanti pangarep-arep moga-moga para tlembuk kuwe teyeng mengerteni lan nyadhari babagan sopan-santun lan aturan-aturan sing lemaku neng masarakat;
2. Kawruh babagan kesehatan, kanti ancas ben para tlembuk ngerteni lan njaga awake dhewek ben ora ketularan penyakit merga hubungan lanang wadon kuwe mau;
3.  Kumpulan PKK sing ajek para tlembuk karo mucikarine kumpulan, amrih gelem srawung, karo deajari ketrampilan sing ana manfangate kanggone para tlembuk.
Kahanan kaya kuwe lemaku wis suwe kanti becik, paling ora sewulan sepisan ana kumpulan nglaksanakna program kuwe.
Sewijining dina pas dina kumpulan para tlembuk kuwe mau, ana ibu-ibu wis setengah umur weruh akeh wong wadon padha kumpul ningen ora ngerti sapa sing kumpul lan apa tujuane kumpul kuwe mau. Deweke banjuran takon maring nom-noman sing ana neng kono. Ndilalah sing detakoni kuwe anu bocah sing seneng penjorangan.
Neng bocah enom sing seneng penjorangan kuwe mau pitakonan ibu-ibu dewangsuli lamona lagi ana kumpulan ibu-ibu anu mbagi coklat, lan sapa bae ya olih melu ngumpul lan olih bagian coklat kuwe mau. Olih wangsulan kaya kuwe mau si ibu-ibu gipyak maring nggon kumpulan ibu-ibu kuwe.
Mbareng pas gilirane depriksa, dokter sing mriksa madan kaget semu gumun, ana tlembuk koh wis setengah umur. Karo ngudhari blebed alat tensi, doktere takon: “Apa ibune egin kuwat si bu?” Maksude doktere egin kuwat nglayani wong lanang. Kanti anteng kayong ora ana beban, ibu-ibu kuwe mau semaur: “Angger mboten kiyat .. nggih demut mawon .. dangu-dangu kan saged lumer niku coklate, tirose kan badhe debageni coklat ”.
Kumpulan para tlembuk

Tidak ada komentar:

Posting Komentar