Kamis, 21 April 2016

Lagu Ibu Kita Kartini Mungel Kados Niku



Kayane wong Indonesia mligine kaum perempuan wis ngerteni lamona tanggal 21 April kuwe desebut Hari Kartini, yakuwe dina mengeti lahire RA. Kartini, putrine Bupati Jepara RM. Adipati Ario Sosroningrat sing nomer 5 sekang 11 putrane. RA. Kartini kuwe putri sing paling tuwa lan nduwe adhi wadon loro yakuwe: R.A Roekmini karo R.A Kardinah.
Miturut ramalan Horoskop Java versi 2.0, RA. Kartini sing lahir neng dina Senen Paing tanggal 21 April 1879 utawa tanggal 28 Rabiulakhir 1296H nduweni sifat-sifat sing antarane: pinter, tabah, betah prihatin, dermawan, apikan ati, mulia lan jujur. Dhong egin bocah, RA. Kartini klebu bocah cukatan, trengginas, ora gelem meneng, Mulane rama ibune gemes nganti marabi Kartini kanti jeneng Trinil.
Merga bocahe pancen anak preyayi, pinter, cerdhas mulane RA. Kartini bisa sekolah bareng karo sinyo-sinyo anak Landa neng sekolahan anak Landa ya kuwe ELS utawa Europese Lagere School. Kanti sekolah neng kene RA. Kartini teyeng ginau basa Landa lan bebatiran karo wong Landa.
Sebenere RA. Kartini ora seneng deundang Raden Ayu, piyambake lewih seneng deundang “Kartini” thok, ora perlu nganggo embel-embel “Raden Ayu” paringane keng ramane. Kartini ngerti lamona Raden Ayu kuwe mung status sing ora ana manfangate kanggone wong wadon, lan ora patut denggo agul-agul. Kartini prihatin priksa kahanan sing kaya kuwe, lan kepengin ngentasna kahanan sing kaya kuwe,
Miturut adat Jawa bocah wadon sing ngancik diwasa kudu depingit, semana uga RA. Kartini. Untunge RA. Kartini ngerti basa Landa lan duwe kenalan wong Landa sing ora semendhing klebu Snouck Hurgronje, dadine ya egin teyeng hubungan liwat layang. Maring batir-batire kuwe RA. Kartini ngudarasa babagan apa bae sing depikirna mligine babagan nasibe kaum perempuan Jawa.
Kumpulan layang-layange RA. Kartini maring batir-batire taun 1911 neng Mr. JH. Abendanon deterbitna dadi buku sing kondhang ya kuwe buku Door Duisternis tot Lich. Taun 1922 penerbit Balai Pustaka nerbitna buju “Habis Gelap Terbitlah Terang”.terjemahan sekang Door Duisternis tot Lich.
Neng dina Kamis Pahing, 12 November 1903 utawa tanggal 21 Syaban 1321H RA Kartini denikahna karo Singgih Djojo Adiningrat, Bupati Rembang, kanti kudangan degawekna sekolahan mligi nggo bocah-bocah wadon. Dina Selasa Pon tanggal 13 September 1904 lair putrane sing dejenengi RM. Susalit Joyoadhiningrat.
Mung emane RA. Kartini ora deparingi yuswa panjang mung 25 taun. Pas neng dina Setu Pahing tanggal 17 September 1905 RA. Kartini seda, pas lagi sarean neng pangkone garwane. RA. Kartini desarekaken neng makam keluwarga neng desa Bulu, watara 20 km lor kota Rembang.
Kanti landhesan kahanan kaya neng dhuwur kuwe, liwat Keputusan Presiden Republik Indonesia No. 108 Tahun 1964 tanggal 2 Mei 1964 RA. Kartini detetepna dadi Pahlawan Kemerdekaan Nasional, lan netepna uga dina laire RA. Kartini tanggal 21 April dadi “Hari Kartini” lan depengeti saben taune.
Mula kuwe gutul siki, saben tanggal 21 April biasane neng kantor apa dene plataran sekolahan ya deanakna upacara pengetan Hari Kartini. Bocah-bocah mligine bocah wadon padha nganggo penganggo tradisional. Neng upacara uga denyanyekna lagu Ibu Kita Kartini anggitane WR. Soepratman sing monine: “Ibu kita Kartini, Putri sejati, Putri Indonesia, Harum namanya ….” lan seteruse.
Neng sewijing kelas bu guru takon maring murid-muride sapa sing teyeng crita babagan RA. Kartini, Langsung baen si Tono sing neng batir-batire deundang “Toni” merga seneng ngomong ngawur kaya waton moni, ngacung karo ngomong: “Kula bu guru”. “Ya, jajal critakna Tono” semaure bu guru.
Tono langsng molahi crita: “RA. Kartini niku asale saking dusun Sejati, nalika enem nate dados Miss Indonesia utawi Putri Indonesia. Nalika alit asmane Harum ..”. “Setop .. setop .. ko olih crita kaya kuwe anu sekang endi?” pitakone bu guru. Kaya ora krasa salah si Tono semaur: “Lha lagu Ibu Kita Kartini mungel kados niku bu guru”.





















Tidak ada komentar:

Posting Komentar