Kamis, 14 April 2016

Keanehan Pendapa Si Panji



Neng sejarah Banyumas kecathet lamona R. Jaka Kahiman (putra R. Banyaksasro sekang Pajajaran karo ibu sekang Pasir Luhur), sing neng Sultan Pajang detetepna dadi adipati Wirasaba kanti sebutan Adipati Warga Utama II nggenteni rama mertuwane Adipati Warga Utama I.
Kanti lila lan legawaning manah, R. Jaka Kahiman mbagi tlatah Wirasaba dadi papat, sing telung perangan dedunung-dunungna maring sedulur-sedulure. Dene R. Jaka Kahiman dhewek milih kondur neng desa Kejawar lan mangun dalem kadipaten neng cedhek alas tembagan, cedhek iline kali Banyumas uga cedhek karo iline kali Serayu.
Sekang ancer-ancer lan petilasan-petilasan sing ana bisa dengerteni lamona papan dalem kadipaten sing sepisanan degawe neng R. Jaka Kahiman kuwe neng tlatah desa Kalisube, sekulon desa Pekunden lan sewetan desa Dawuhan. Sekidule kono ana wit tembagan kaya sing decritakna neng babad Banyumas.
Pas pemrentahan bupati sing ping 7 (pitu) yakuwe R. Tumenggung Yudanegara II utawa sing uga kesebut Adipati Seda Pendapa (taun 1707 -1743) piyambake ada-ada mbangun (ora mboyong) dalem kadipaten maring panggonan sing anyar. Mulane piyambake mbangun kota Banyumas klebu dalem kadipatene sing kumplit karo pendhapane, sing dejenengi pendhapa Si Panji.
“Panji” kuwe sebenere asma paringan sekang Raden Mas Sujana (asma asline Sultan Hamengku Buwana I) nggo putrane R. Tumenggung Yudanegara II, sing asmane Bagus Kunting. RM. Sujana tresna banget maring Bagus Kunting, merga banget bektine maring RM. Sujana. Mbareng RM. Sujana dadi sultan neng Kraton Kasultanan Yogyakarta, Panji detetepna dadi patih sepisanan neng Kasultanan Yogyakarta kanti asma Patih Danureja.
Kaya sing wis padha dengerteni, lamona neng akhir taun 1936 bupati Banyumas sing kaping 19 ya kuwe RAA. Sujiman Gandasubrata ngersakna boyong sekang Banyumas maring Purwokerto, ningen ora kersa ngenggoni pendhapa sing lawas, mulane banjur mboyong pendhapa Si Panji sekang kota Banyumas maring kota Purwokerto nganti seprene. Taun 1974 bupati Pudjadi Djaring Bandajuda mbangun pendhapa anyar neng Banyumas sing dejenengi Pendapa Duplikat Si Panji.
Adhedhasar kahanan kasunyatan lan cathetan sujarah Pendhapa Si Panji mligine saka guru lor kulon kuwe nduweni keanehan kayata:
1. R. Tumenggung Yudanegara II sedan neng pendhapa kuwe, mulane kasebut Adipati Seda Pendapa;
2. Umume pendhapa kuwe payone wangun tikelan utawa joglo, ningen Pendhapa Si Panji nduwe wangun tajug;
3. Nalika dina Kemis Wage gutul Setu Manis tanggal 21 gutul 23 Februari 1861 neng Banyumas ana musibah blabur kali Serayu nganti 3,5 meter dhuwure. Payon pendhapa denggo ngili nylametna awak. Mung anehe sebubare banjir wangunan pendhapa tetep wutuh jetuh, beda karo wangunan pomahan sekiwa tengene sing wis padha rubuh lan keli;
4. Nalika boyongan pendhapa sekang Banyumas maring Purwokerto, miturut crita saka gurune ora gelem degawa nyabrang kali Serayu, dadi muter liwat pesisir lor pulau Jawa.

Winginane dhong ana arak-arakan pengetan dina adege Kabupaten Banyumas, ana acara Boyongan Kabupaten sekang Banyumas maring Purwokerto sing detandhani nganggo mboyong saka guru. Mung anehe tiruan saka guru kuwe degawa nganggo mobil bak bukakan langsung liwat brug kali Serayu lor pasar Banyumas. Kiye pancen sujarahe wis deganti apa ana temuan sejarah anyar maning.




Tidak ada komentar:

Posting Komentar